NEW
Font size
WorksheetsQuiz Wawancara lan Pariwara
Total questions: 25
Worksheet time: 22mins
Ancas saka nindakake wawancara yaiku...
Ngumpulake dhata lan informasi
Nguji kawruhe narasumber
Golek hiburan
Nglatih ngomong
Wong sing takon nalika wawancara diarani...
Narasumber
Wartawan
Pewawancara
Pembaca
Ing wawancara kudu nganggo basa sing...
Kasar
Mbulet
Jelas lan sopan
Kemaki
Ancas saka pariwara yaiku...
Ngelokne konsumen
Narik kawigaten masyarakat
Ngganggu wong
Nggolek masalah
Titikan saka pariwara ing ngisor iki sing bener yaiku...
Basane dawa
Gambar burek
Cekak aos lan gampang dimangerteni
Ora ana slogané
Ing sajroning pariwara ana sing diarani tagline sing isine arupa slogan. Slogan yaiku ukara sing....
Dawa lan ruwet
Cekak, jelas, lan gampang dieling
Ora ana gunané
Mung kanggo buku pelajaran
Basa sing digunakake ing pariwara kaya ing ngisor iki, kajaba...
Profokatif
Komunikatif
Informatif
Persuasif
Sing kudu disiyagakne sadurunge nindakake wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba...
Nemtokake tema
Nemtokake prabeya
Nemtokake ancas
Nemtokake narasumber
Ancas disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba...
Supaya anggone nindakake wawancara bisa runtut lan genep
Supaya ora ana pitakonan sing kliwatan
Supaya wawancara suwe tur mbulet
Supaya wawancara bisa mawa arah
Ukara miturut jinis wasesane kaperang dadi...
1
2
3
4
Ing ngisor iki sing kalebu ukara tanduk yaiku...
Kripik basreng prodhuk sing paling disenengi bocah-bocah
Buku Kirtya Basa dakgawa mulih wiwit wingi
Aku nulis crita cekak supaya bisa kapacak ing kalawarti
Rucuh tape digawe budhe ing pawon mburi
1). Sinten ingkang miwiti usaha serabi punika?
2). Kados pundi masaraken serabi asil prodhuksi saking mriki?
3). Kenging punapa kok serabi saniki awis?
4). Kados pundi damel serabi ingkang leres?
Ukara pitakonan ing ndhuwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer...
2 lan 4
1 lan 2
3 lan 4
2 lan 3
Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara sing wujude arupa...
Alat kanggo ngrekam
Dheskripsi lan wijil riwayat gesang
Dhaftar pitakonan sing kanggo takon
Ringkesan materi sing arep ditakokake
Ing ngisor iki sing kalebu ukara tanggap yaiku...
Pesenan opak diterne Bapak menyang kutha
Mripate Alin mbrabak krungu critane simbah
Lik Mujino turu ing centhong sisih kidul
Parmi nguyahi iwak segara wiwit sore nganti wengi
Aku nyocokne dhata saka asil wawancara wingi kae
Ukara ing ndhuwur yen diowahi menyang ukara tanggap dadi...
Aku dicocokne karo pewawancara wingi kae
Aku nyocokake dhata asil wawancara wingi kae
Dhata asil wawancara wingi kae dakcocokne
Dhata asilku wawancara wingi kae kokcocokne
1). Nduweni tujuan mbentuk kesadharan lan pengetahuan bab prodhuk utawa fitur-fitur saka prodhuk kang wis ana
2). Njelasna cara kerja prodhuk
3). Menehi informasi rega lan kemasan prodhuk
4). Ngoreksi prodhuk
Iklan kang nduweni titikan/ paugeran kaya ing ndhuwur iki kalebu jinise iklan....
Iklan informatif
Iklan persuasif
Iklan reminder
Iklan profokatif
Iklan kang duwe tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa, lire ndayani masyarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake diarani ....
Iklan komersial
Iklan layanan masyarakat
Iklan reminder
Iklan persuasif
Basa iklan sugestif tegese...
Tembung-tembunge cetha, cekak aos, lan ora mbulet
Nyebabake sing krungu uawa maca iklan dadi percaya marang barang utawa jasa sing lagi diiklanake
Basa sing digunakake bisa ndayani pangrasane wong sing krungu utawa maca dadi kesengsem marang barang utawa jasa sing diiklanake
Basane gampang dimangerteni dening pamiarsa
Pariwara miturut fungsine kaperang dadi...
2
3
4
6
Pariwara miturut tujuane kaperang dadi...
3 : Informatif, Reminder, Persuasif
2 : Informatif lan Layanan Masyarakat
3 : Komersial, Reminder, Persuasif
2 : Layanan Masyarakat lan Komersial
Tembung kang dirimbag kanthi panambang:-a, -en, -na, lan –ana sing tegese prentah diarani ....
Tembung saroja
Tembung kriya
Tembung hagnya
Tembung sambawa
Tembung kang dirimbag kanthi panambang /-a/ kang ateges sanajan, saupama, utawa pangarep-arep diarani ....
Tembung saroja
Tembung kriya
Tembung hagnya
Tembung sambawa
Ing ngisor iki sing kalebu ukara hagnya sing trep yaiku...
Muliha apa ora aku ora gagas
Muliha dhisik yen ora gawa kunci panggah ora bisa mlebu
Muliha selak surup ora apik!
Mulih banjur mangan apa?
Nggawaa banyu aku ora bakal ngelak ngene iki
Tembung : nggawaa ing ukara kasebut ngemu teges...
Senajan
Mokal
Saupama
Pangarep-arep
Nyambuta gawe ngrekasa yen durung rejekine ya uripe pancet pas-pasan. Tembung: nyambuta gawe ngrekasa ing ukara kasebut tegese ....
Saupama nyambut gawe ngrekasa
Senajan nyambut gawe ngrekasa
Pangarep-arep bisa nyambut gawe ngrekasa
Mokal nyambut gawe ngrekasa
