Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

RM PAS JAWA 10

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Artikel kang isine nggambarake sawijining bab utawa kahanan kanthi cetha, saengga pamaca kaya-kaya bisa ndeleng, krungu, lan ngrasaake dhewe apa sing ditulis diarani artikel ....

a)

Eksplanatif

b)

Eksploratif

c)

Deskriptif

d)

Preskriptif

e)

Prediktif

2.

Artikel kang isine ngandharake fakta-fakta anyar adhedhasar panaliten (penelitian) utawa pamanggih penulis kanggo nambah kawruh pamaca ngenani babagan tartamtu diarani artikel ....

a)

Eksploratif

b)

Eksplanatif

c)

Deskriptif

d)

Preskriptif

e)

Prediktif

3.

Jinis artikel kang isine menehi tuntunan, pitedah, utawa cara-cara nindakake sawijining bab supaya pamaca ora kliru (umpamane: tutorial utawa tips), diarani artikel ....

a)

Prediktif

b)

Preskriptif

c)

Deskriptif

d)

Eksploratif

e)

Eksplanatif

4.

Artikel kang isine nerangake sawijining masalah kanthi gamblang lan cetha supaya pamaca bisa ngerti "kenapa" lan "kepiye" kedadeyan kasebut, biasane asipat "menjelaskan", diarani artikel ....

a)

Deskriptif

b)

Eksploratif

c)

Preskriptif

d)

Eksplanatif

e)

Prediktif

5.

Artikel kang isine arupa ramalan utawa kira-kira apa kang bakal dumadi ing tembe mburi adhedhasar data utawa analisa sing wis ana, diarani artikel ....

a)

Eksplanatif

b)

Eksploratif

c)

Deskriptif

d)

Preskriptif

e)

Prediktif

6.

Crita wayang purwa kang asale saka India iku sumbering crita kajupuk saka rong kitab epos gedhe, yaiku ....

a)

Sutasoma lan Negarakertagama

b)

Mahabharata lan Ramayana

c)

Arjunawiwaha lan Bratayuda

d)

Pararaton lan Babad Tanah Jawi

e)

Jayabaya lan Ronggowarsito

7.

Ing crita Mahabharata, Pandawa iku cacahé ana lima. Pembarepe (anak nomer siji) Pandawa kang nduweni watak jujur, seneng tetulung, lan ora tau nesu yaiku ....

a)

Werkudara (Bima)

b)

Janaka (Arjuna)

c)

Puntadewa (Yudhistira)

d)

Nakula

e)

Sadewa

8.

Paraga punakawan kang dadi pamomonge para ksatria, kang sejatine dewa ngejawanthah (menjelma), lan nduweni perangan fisik kang bunder kabeh, yaiku ....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

e)

Bilung

9.

Gunungan utawa Kayon ing pagelaran wayang kulit duwe makna filosofis minangka pralambang ....

a)

Bumi, alam donya, lan isine

b)

Kekuatane para dewa

c)

Pusaka sekti mandraguna

d)

Kasugihan ratu

e)

Wadyabala raksasa

10.

Ing ngisor iki kang ORA kalebu piranti ing pagelaran wayang kulit yaiku ....

a)

Kelir (layar putih)

b)

Blencong (lampu)

c)

Debog (wit gedhang)

d)

Cempala (thuthukan dhalang)

e)

Kamera (alat rekam)

11.

Tembung "Drama" asale saka basa Yunani "Draomai" kang tegese ....

a)

Ngomong utawa guneman

b)

Tumindak utawa nindakake

c)

Nembang utawa nywara

d)

Nulis utawa ngarang

e)

Maca utawa ngrasaakake

12.

Pacelathon utawa omong-omongan antarane paraga siji lan liyane ing sajroning drama diarani ....

a)

Prolog

b)

Epilog

c)

Dialog

d)

Monolog

e)

Katalog

13.

Katrangan ing naskah drama kang nggambarake kahanan, ekspresi wajah, utawa tumindak sing kudu dilakoni paraga (biasane ditulis ing jero kurung), diarani ....

a)

Kramagung (Wewarrah)

b)

Wawancang

c)

Skenario

d)

Improvisasi

e)

Blocking

14.

Wong kang nduweni tanggung jawab ngatur lumakune crita drama, milih paraga (casting), lan nglatih paraga diarani ....

a)

Produser

b)

Sutradara

c)

Penulis Naskah

d)

Aktor

e)

Editor

15.

Perangan pambuka ing drama kang isine gambaran umum ngenani crita utawa latar mburi crita, biasane diwaca sadurunge dialog wiwit, diarani ....

a)

Prolog

b)

Epilog

c)

Monolog

d)

Katalog

e)

Babak