wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BAHASA JAWA KELAS 3

Total questions: 45

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Pilih jawaban a, b, c, lan d sing manutmu bener! Wacanen teks iki banjur wangsulana pitakon.

Ngingu Kucing Anggora:
Alibaba saiki wis kelas telu. Saliyane sregep sekolah, dheweke uga sregep ngrewangi wong tuwane. Nalika prei, Alibaba tansah ngrewangi ibune nyapu lan korah–korah. Kabeg pegawean mau dilakoni kanthi ati seneng tanpa ngresula. Mula, ora mokal menawa bapak lan ibune asih banget marang dheweke. Alibaba seneng banget marang sakabehe jinis kewan ingon–ingon. Ing omahe dheweke duwe ingon–ingon kucing anggora. Saben dina kucing mau diwenehi panganan lan diresiki bulune. Bocah kasebut rumangsa tresna banget marang kéwané.

Apa tema utama teks ing dhuwur?

a)

Dolanan ing kebon

b)

Ngrawat kewan

c)

Dolan menyang pasar

d)

Nandur tetuwuhan

2.

Saben esuk, Sinta mesthi nyapu kandange kelinci banjur menehi sayur kang isih seger. Dheweke ngerti yen kéwan uga butuh karesikan lan katresnan. Mula dheweke ora tau lali ngopeni. Apa pesen sing bisa dijupuk saka paragraf kasebut?

a)

Kelinci seneng mangan woh gedhang

b)

Karesikan iku penting kanggo kéwan

c)

Kelinci luwih becik dibiarke bebas

d)

Bocah ora perlu ngopeni kéwan

3.

Raka lan kulawargane nonton lumba-lumba nalika rekreasi menyang WBL. Dheweke seneng banget amarga bisa sinau bab kéwan laut lan ngombe es krim bareng. Sakwise iku, dheweke foto bebarengan ing ngarepe papan WBL. Kegiatan apa sing ditindakake Raka?

a)

Sinau ing sekolah

b)

Rekreasi bareng kulawarga

c)

Mlayu lomba

d)

Dolanan layang-layang

4.

Ana legenda sing misuwur ing Jawa Timur yaiku asal-usul Kutha Surabaya. Crita iki nyritakake perang antara kéwan sura lan baya sing banjur dadi jeneng kutha. Crita iki menehi piwulang supaya wong ora sombong. Apa jenis teks ing paragraf mau?

a)

Laporan observasi

b)

Crita legenda

c)

Geguritan

d)

Wawancara

5.

Dina Minggu, Rini dolan menyang alas mangrove bebarengan karo bapake. Dheweke mirsani akeh wit bakau lan kéwan cilik sing urip ing sekitaré. Rini rumangsa bangga amarga alam ing kutha bisa lestari. Apa pokok pikiran paragraf kasebut?

a)

Rini tuku cemilan

b)

Rini nginep ing omah mbahé

c)

Rini dolan menyang alas mangrove

d)

Rini sinau ing perpustakaan

6.

Gina kepengin ngerti asal-usul kutha-kutha ing Indonesia amarga wis maca legenda Surabaya. Dheweke banjur milih maca legenda-legenda liyane amarga critane menarik lan akeh piwulang. Dina sabanjure dheweke crita marang kancane. Apa sebab Gina seneng maca legenda?

a)

Amarga ora ana bukune

b)

Amarga critane rame lan ana piwulang

c)

Amarga diwajibake guru

d)

Amarga mung ana gambaré

7.

Tembang dolanan kaya Dhondhong Apa Salak kerep dienggo dolanan bareng kanca. Tembang kasebut nduweni tebak-tebakan sing nggawé bocah luwih kreatif. Bocah-bocah biasane ngguyu seneng nalika njawab tebakané. Apa fungsi tembang dolanan ing teks?

a)

Ngajari baris-berbaris

b)

Ngajak bengok-bengok

c)

Nglatih kreativitas

d)

Nggawe bocah ngantuk

8.

Nalika preinan, Damar lan kulawargane plesir menyang Pantai Popoh. Dheweke dolanan banyu, nggambar ing pasir, lan mangan iwak bakar ing warung pinggir pantai. Damar rumangsa iki pengalaman sing nyenengake. Apa tujuan teks kasebut?

a)

Nglaporake kejahatan

b)

Nyritakake pengalaman seneng

c)

Mangan ing omah

d)

Sinau bab gunung

9.

Arya nggawa buku cathetan nalika nyawang wit jambu ing sekolah. Dheweke nulis warna godhong, dhuwuré wit, lan jumlah woh sing tuwuh. Bukune banjur diatur dadi laporan observasi. Apa sing ditindakake Arya?

a)

Nggambar peta

b)

Nulis laporan saka pengamatan

c)

Mangan jambu

d)

Nandur wit anyar

10.

Ing laporan observasi, ana bagean pambuka sing nerangake obyek sing diamati. Banjur ana isi sing nggambaraké ciri-ciri obyek. Panyimpulan kanggo nutup laporan mau supaya luwih cetha. Apa sing dadi struktur laporan observasi?

a)

Cerita–dialog–drama

b)

Pambuka–isi–panyimpulan

c)

Judul–gambar–tari

d)

Tembang–wirama–guru lagu

11.

Kelompok B nindakake pengamatan ing taman sekolah. Dheweke ndelok kembang mawar, kembang melati, lan wit mangga cilik. Saben bocah nulis ciri beda-beda saka tetuwuhan mau. Apa kegiatan kelompok B?

a)

Dolan menyang pasar

b)

Pengamatan tetuwuhan

c)

Sinau matematika

d)

Nindakake upacara

12.

Rika maca laporan observasi bab kéwan piaraan kancane. Laporan kasebut crita bab asu cilik sing seneng mlayu lan butuh panganan khusus. Rika ngerti yen laporan kudu ditulis adhedhasar fakta. Apa ciri laporan observasi?

a)

Ditulis saka imajinasi

b)

Adhedhasar fakta

c)

Kudu nganggo dialog

d)

Kudu nganggo irama

13.

Saben dina Selasa, guru ngajak siswa latihan maca teks laporan observasi. Bocah-bocah maca kanthi cetha lan ora kesusu. Sawisé maca, dheweke kudu nyebutake informasi utama saka teks. Apa kemampuan sing dilatih saka kegiatan iki?

a)

Nembang

b)

Maca lan mangerteni isi teks

c)

Gambar sketsa omah

d)

Hitung pecahan

14.

Nalika mangsa udan, Dina mesthi nggawa payung amarga saben sore udan deres. Sakwise sekolah, dheweke munggah mobil sekolah supaya ora teles. Dina ngerti yen mangsa udan kudu luwih ngati-ati. Apa mangsa sing diceritakake ing paragraf kasebut?

a)

Mangsa panas

b)

Mangsa udan

c)

Mangsa panen

d)

Mangsa dingin

15.

Ing sawijining gambar, ana bocah mlaku nganggo jas udan lan payung. Awan katon peteng lan dalan rada teles. Kahanan iki nuduhake yen cuaca lagi ora apik. Pitakon sing cocog saka gambar iku yaiku…

a)

Napa bocah seneng es krim?

b)

Apa bocah kasebut nganggo jas udan?

c)

Sapa sing tuku layang-layang?

d)

Apa bocah lagi nandur pari?

16.

Nalika mangsa ketiga, wit jati akeh sing rontog godhongé. Sawah uga katon garing amarga ora ana udan. Wong-wong biasane nyimpen banyu luwih akeh nalika mangsa iki. Apa ciri mangsa ketiga?

a)

Banyu akeh, becik kanggo tandur

b)

Udan deres saben dina

c)

Godhong jati akeh rontog

d)

Sawah kebanjiran

17.

Wit pelem biasane akeh wohé nalika mangsa panas. Wong-wong padha tuku kanggo digawe rujak utawa jus. Pelem sing mateng rasane manis lan seger. Apa hubungané teks karo mangsa?

a)

Mangsa panas cocok kanggo woh pelem

b)

Mangsa udan nggawa pelem beku

c)

Mangsa ketigo ora ana woh

d)

Mangsa panas ora bisa mangan pelem

18.

Dina iki cuaca mendhung lan udan rintik wiwit tiba. Saka kaca jendela, Edo ndeleng wong-wong padha nggawa payung. Dheweke banjur nyritakake marang kancane bab kondisi alam dina iki. Apa sing ditindakake Edo?

a)

Turu ing kelas

b)

Nyritakake kondisi alam

c)

Nonton televisi

d)

Dolan nang pasar

19.

Gina nulis crita cendhak babagan mangsa pancaroba. Ing critane, angin kenceng lan cuaca asring owah-owahan. Dheweke uga nulis pesen supaya wong ati-ati nalika metu omah. Apa jenis tulisan Gina?

a)

Geguritan

b)

Cerita cendhak

c)

Laporan observasi

d)

Wawancara

20.

Geguritan iku karya sastra sing nggunakake tembung endah lan nduweni rasa. Biasane geguritan nyritakake bab alam utawa perasaan penulise. Saben baris geguritan luwih ringkes tinimbang crita biasa. Apa sing dimaksud geguritan?

a)

Crita wayang

b)

Puisi Jawa

c)

Dialog pagelaran

d)

Teks laporan

21.

Ing geguritan “Kebon Kembang”, penulise nggambarake kembang-kembang sing mekar lan angin seger sing nadhahi. Tembung-tembung sing digunakake alus lan enak diwaca. Geguritan iki menehi rasa tentrem. Apa ciri geguritan sing ana ing teks?

a)

Temane bab peperangan

b)

Basa kasar

c)

Basa endah lan ngempu rasa

d)

Mung isi dialog

22.

Saka geguritan sing ditulis kancane, Danu ngerti yen geguritan kasebut bab rasa syukur marang Gusti Allah sing wis maringi alam sing ayu. Dheweke banjur menehi tanggapan kanthi sopan. Tanggapan Danu kalebu kegiatan apa?

a)

Nulis laporan

b)

Nanggap geguritan

c)

Gawe poster

d)

Nembang tembang

23.

Nalika maca geguritan, guru menehi tuladha cara maca sing bener: swara rata, ora kesusu, lan ana tekanan ing tembung penting. Bocah-bocah banjur niru carane. Apa tujuan maca kaya ngono?

a)

Supaya luwih banter

b)

Supaya luwih endah lan ngena

c)

Supaya saya cepet

d)

Supaya ora ana jeda

24.

Ana geguritan sing isine bab esuk sing cerah lan manuk-manuk sing muni. Penulise pengin nuduhake rasa bungah amarga dina anyar sing nyenengake. Geguritan iki nuduhake suasana sing tentrem. Apa isi geguritan kasebut?

a)

Kahanan wengi medeni

b)

Esuk sing cerah lan nyenengake

c)

Peperangan antar bangsa

d)

Dolanan bal

25.

Yuni nyoba nulis geguritan sederhana. Dheweke milih tema bab kali ing cedhak omahe lan nulis tembung-tembung endah kaya “banyu mili alus” lan “kethek muni sore-sore”. Critane ringkes nanging cetha. Apa sing wis ditindakake Yuni?

a)

Nulis geguritan

b)

Nulis dongeng dawa

c)

Gawe laporan observasi

d)

Maca biografi

26.

Kucing anggora nduweni bulu sing dawa lan alus. Kucing iki butuh dirumat saben dina supaya tetep resik. Bocah-bocah kerep seneng dolanan bareng kucing amarga tumindake lucu. Apa ciri utama kucing anggora?

a)

(1) buntute dawa, (2) bulune kasar, (3) ora seneng dolanan

b)

(1) bulune dawa, (2) alus, (3) butuh dirumat saben dina

c)

(1) awake cilik banget, (2) ora duwe watak manja, (3) tansah galak

d)

(1) werna mataé abang, (2) ora butuh panganan, (3) ora perlu dirumat

27.

Pantai Popoh lokasine ana ing Tulungagung. Pemandangan ayu lan udarane seger. Akeh wong sing teka kanggo liburan bareng kulawarga. Apa sing digambarake ing paragraf kasebut?

a)

(1) pasar rame, (2) kutha gedhe, (3) taman kembang

b)

(1) papan dolanan anak, (2) museum laut, (3) panggonan olahraga

c)

(1) Pantai Popoh, (2) pemandangan ayu, (3) panggonan liburan

d)

(1) sawah subur, (2) gunung salju, (3) kali banjir

28.

Nalika mangsa rendheng, udan kerep tiba saben dina. Sawetara panggonan malah bisa kebanjiran. Wong-wong kudu luwih ngati-ati nalika lunga. Apa akibat saka mangsa rendheng?

a)

(1) udan asring tiba, (2) dalan teles, (3) bisa kebanjiran

b)

(1) tanduran pada layu, (2) geni gampang murub, (3) hawa garing

c)

(1) srengenge kuwat, (2) ora ana udan, (3) banyu langka

d)

(1) hawa dadi adhem banget, (2) salju mudhun, (3) angin topan teka

29.

Geguritan nggunakake tembung-tembung endah. Isine biasane nyritakake rasa utawa gambaran sawijining kahanan. Bocah sekolah kerep sinau maca geguritan nganggo swara sing trep. Apa tujuan maca geguritan nganggo swara trep?

a)

(1) supaya luwih rame, (2) supaya luwih adoh krungu, (3) supaya ora ngantuk

b)

(1) supaya pesane luwih jelas, (2) rasa luwih kerasa, (3) makna gampang dipahami

c)

(1) supaya kelas rame, (2) supaya critane owah, (3) supaya luwih cepet rampung

d)

(1) supaya dadi kelangan, (2) supaya luwih kenceng, (3) supaya ketok lucu

30.

Nalika rekreasi menyang WBL, para siswa numpak bis sekolah. Ing kana padha nyawang segara lan dolanan piranti hiburan. Saben bocah diwulang nglakoni aturan supaya tetep aman. Apa pesan penting saka teks kasebut?

a)

(1) bocah kudu manut aturan, (2) supaya aman, (3) ora kelangan klompok

b)

(1) bocah bebas sak karepe, (2) ora perlu aturan, (3) bebas lari-lari

c)

(1) dolanan kudu akeh, (2) tuku panganan larang, (3) ora perlu guru

d)

(1) segara kudu diceburi, (2) ora perlu waspada, (3) ora usah melu klompok

31.

Alas mangrove nduweni wit-witan sing oyote katon ing ndhuwur lemah. Alas iki bisa nyegah abrasi saka ombak lan dadi panggonan urip kéwan cilik sing nggolek panganan ana ing kana. Apa peran mangrove kanggo lingkungan?

a)

(1) nyegah abrasi, (2) panggonan uripe kéwan, (3) ngreksa pesisir

b)

(1) gawe banjir, (2) nggo bong alas, (3) ngrusak pesisir

c)

(1) nggawé pasir liang, (2) ngurangi keberagaman, (3) gawe erosi

d)

(1) ngilangke banyu, (2) nyegah oyod, (3) ngurangi satwa

32.

Nalika nggawa laporan observasi, siswa kudu milih obyek sing jelas. Sabanjure ngamatake ciri-cirine kanthi teliti lan cathetan mau banjur ditulis laporan kanthi runtut. Apa langkah kapisan ing nggawa laporan observasi?

a)

(1) ngapusi asil, (2) nambah data palsu, (3) gawe imajinasi

b)

(1) milih obyek, (2) sing arep diamati, (3) kanthi jelas

c)

(1) nyalin laporan kanca, (2) ora perlu observasi, (3) langsung nulis

d)

(1) gawe kesimpulan dhisik, (2) ora cathet data, (3) ora maca maning

33.

Pantai Popoh nduweni ombak sing tenang. Wong-wong kerep dolan bareng kulawarga. Sawisé dolan, wong uga ngresiki sampah supaya pantai tetep resik. Apa tumindak sing nuduhake tanggung jawab?

a)

(1) ngresiki sampah, (2) njaga lingkungan, (3) ora ngotori

b)

(1) nyampah sembarangan, (2) mbuwang plastik, (3) ngrusak wit

c)

(1) dolan nganti wengi, (2) ora mirsani aturan, (3) mbebayani awake

d)

(1) mung foto-foto, (2) tuku balon, (3) mangan ing pinggir dalan

34.

Nalika mangsa ketigo, hawa dadi panas lan garing. Akeh wit-witan sing godhonge rontog. Sawah uga butuh banyu luwih akeh amarga tanduran gampang garing. Apa akibat saka mangsa ketigo?

a)

(1) banyu akeh banget, (2) udan deres, (3) hawa adhem banget

b)

(1) godhong rontog, (2) tandurane garing, (3) hawa panas

c)

(1) banjir teka, (2) akeh udan, (3) lemah teles

d)

(1) salju mudhun, (2) suhu minus, (3) angin topan

35.

Bocah-bocah nggunakake kudhung utawa payung nalika udan. Kabeh iki kanggo nglindungi awake supaya ora teles. Yen teles, bocah bisa gampang lara. Apa sebabé bocah kudu nganggo kudhung/payung?

a)

(1) supaya teles, (2) supaya adhem, (3) supaya becek

b)

(1) supaya ora teles, (2) ora lara, (3) awake tetep anget

c)

(1) supaya dolanan udan, (2) supaya resik, (3) supaya kece

d)

(1) supaya ora sekolah, (2) supaya ora mangan, (3) supaya ora turu

36.

Salah siji geguritan nyritakake rasa tresna marang alam. Penulis nggambakake suasana seger lan endah, lan ngandhut pesen supaya bocah padha ngrumat alam. Apa pesen moral sing pas?

a)

(1) ngrusak wit, (2) nyampah, (3) ora peduli alam

b)

(1) amarga alam endah, (2) bocah kudu ngrumat, (3) supaya lestari

c)

(1) alam ora penting, (2) ora perlu dijaga, (3) ora ana paedhe

d)

(1) alam diganti bangunan, (2) wit ditebang, (3) pesisir dibangun

37.

Asal-usul Surabaya nyritakake perkelahian antara sura lan baya. Cerita iki simbol perjuangan lan keberanian. Warga kutha banjur maringi jeneng Surabaya. Apa makna simbolis crita kasebut?

a)

(1) nyerah, (2) wedi, (3) ora wani

b)

(1) perjuangan, (2) keberanian, (3) kekuwatan

c)

(1) kemalasan, (2) ora peduli, (3) rasa putus asa

d)

(1) ora kompak, (2) rebutan, (3) gawe padu

38.

Nalika nyusun laporan observasi, siswa kudu menehi judhul sing cocok. Judhul kudu nuduhake obyek sing diamati supaya topik katon jelas. Apa peran judhul laporan?

a)

(1) ngedohi makna, (2) mbingungake, (3) gawe ora jelas

b)

(1) ngandhut ciri obyek, (2) nuduhake topik, (3) marakake jelas

c)

(1) kanggo gawe kotak, (2) kanggo gawe rame, (3) kanggo ngapusi

d)

(1) supaya dawa, (2) supaya keren, (3) supaya beda

39.

Cuaca ing wayah esuk biyasane luwih seger. Nanging nalika musim udan, esuk uga bisa mendhung. Bocah kudu nyiyapake payung nalika sekolah supaya ora keujanan. Apa simpulan saka paragraf kasebut?

a)

(1) esuk mesthi panas, (2) ora bakal udan, (3) ora perlu payung

b)

(1) esuk bisa mendhung, (2) musim udan bisa keujanan, (3) payung migunani

c)

(1) kabeh padha teka esuk, (2) kelas bubar, (3) ora perlu sekolah

d)

(1) wong kudu turu wae, (2) ora usah nyiapake apa-apa, (3) ora perlu waspada

40.

Nalika maca geguritan, siswa kudu menehi intonasi sing pas supaya paham. Apa unsur penting ing maca geguritan?

a)

(1) intonasi pas, (2) rasa kerasa, (3) swara cetha

b)

(1) maca kenceng banget, (2) ngrubah isi, (3) nyanyi

c)

(1) ngrrundel, (2) ora nganggo ekspresi, (3) kesusu

d)

(1) mung meneng, (2) ngucap sithitik, (3) ora maca

41.

Kucing telu dolanan ing pekarangan omah: siji mlayu ngejar bal, siji manjat pager, siji nguntal iwak. Pira kegiatan sing dilakoni kucing?

a)

(1) mlayu, (2) manjat, (3) mangan

b)

(1) turu, (2) mangan, (3) renang

c)

(1) mbarur, (2) nyilem, (3) masak

d)

(1) nari, (2) ngaji, (3) dolanan gambus

42.

Nalika sinau observasi jambu ing sekolah, bocah-bocah nyathet wujud godhong, warna woh, lan ukuran wit. Saka cathetan mau, bocah nulis laporan sing runtut. Apa unsur penting saka kegiatan observasi?

a)

(1) nyathet ciri-ciri, (2) ngawasi obyek, (3) nulis hasil

b)

(1) mbayangake wae, (2) gawe crita palsu, (3) ora nulis

c)

(1) ora ndelok obyek, (2) mung dolanan, (3) mung mangan

d)

(1) ngapusi data, (2) ngilangake bukti, (3) ngowahi obyek

43.

Mangsa

Mangsa rendheng padha karo mangsa udan. Adate meh saben dina udan. Kadhang kala malah nganti pirang pirang dina udane ora terang-- terang. Yen kedadeyane kaya mangkono, bakal bisa nuwuhake banjir, lemah jugrug lan sapanunggalan.

Dadi yen mangsa rendheng utawa mangsa udan, lemah dadi teles lan lunyu. Bocah-bocah kudu ngati-ati nalika mlaku supaya ora tiba. Mula guru ngelingake supaya nganggo sandal sing ora lunyu.

Apa pesen saka paragraf kasebut?

a)

(1) ati-ati mlaku, (2) lemah lunyu, (3) nganggo sandal aman

b)

(1) mlaku cepet banget, (2) ngluncurake badan, (3) ora nganggo sandal

c)

(1) ora perlu waspada, (2) ora perlu sepatu, (3) mlaku sembarangan

d)

(1) nglangi ing dalan, (2) mlumpat dhuwur, (3) dolanan lumpur

44.

Geguritan sekolah nggambarake rasa bungah bocah nalika sinau. Ing jerone ana tembung-tembung endah sing nuduhake semangat, kadhang diwaca bareng nalika upacara. Apa tujuan geguritan kasebut?

a)

(1) nuwuhake semangat sinau, (2) nggambarake rasa bungah, (3) dadi motivasi

b)

(1) gawe bocah ngantuk, (2) marahi isin, (3) gawe nesu

c)

(1) marahi rame gedhe, (2) gawe ribut, (3) gawe bingung

d)

(1) kanggo lelucon, (2) kanggo nyanyi, (3) kanggo dolanan

45.

Bocah sing nduwèni welas asih marang lingkungan bakal ngrumat kewan, ngrumat tanduran, lan maca teks sing ana gandheng cenenge karo alam supaya ngerti perubahan alam. Apa sikap sing kudu ditindakake bocah?

a)

(1) ngrumat alam, (2) sinau saka teks, (3) welas asih

b)

(1) ngrusak tanaman, (2) nggangu kewan, (3) nyampah

c)

(1) ora sinau, (2) ora ngerti musim, (3) ora peduli

d)

(1) gawé banjir, (2) ngethok alas, (3) nyerang kewan