wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS Bahasa Jawa Gasal Kelas X

Total questions: 30

Worksheet time: 1hrs 21mins

Name
Class
Date
1.

Unen-unen kang asring digunakake, duweni teges entar, maknane kiasan lan sing dikiasake sipate wong diarani ​ ​ ​ (a)  

Choose from the below words
bebasan
paribasan
saloka
purwakanthi
dasanama
2.

Jodhohna basa rinengga ing ngisor iki kanthi trep!

a)

paribasan

1.

nututi layangan pedhot

b)

saloka

2.

bebek mungsuh mliwis

c)

bebasan

3.

cebol nggayuh lintang

3.

Bedane bebasan lan saloka yaiku ana ing bageyan​ apa sing dipindhakake. Yen bebasan sing dipindhakake yaiku​ (a)   , dene saloka sing dipindhakake yaiku​ (b)  

Choose from the below words
sipat
wong
kulawargane
asal-usule
pangarep-arep
4.

Purwakanthi sing isine njlentrehake runtute swara diarani

(a)  

5.

Bayu bocah sing bagus banget

ukara ing dhuwur kang kacithak kandel lan miring kalebu purwakanthi apa?

(a)  

6.

Jodhohna purwakanthi ing ngisor iki kanthi trep!

a)

wong ala ketara

1.

purwakanthi guru swara

b)

wong nriman keduman

2.

purwakanthi guru sastra

c)

tuku apel, apele 10 kilo

3.

purwakanthi guru basa

7.

Unen-unen kebat kliwat gancang pincang manut wujude kalebu basa rinengga kang kalebu purwakanthi ...

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru basa

d)

lumaksita

e)

wewiletan

8.

Cedhak wong tumindak ala bakal katut ala, tegese bebasan saka ...

a)

cedhak celeng boloten

b)

sandhing kebo gupak

c)

sandhing kirik gudiken

d)

sandhing kebo njerum

e)

sandhing kucing garong

9.

Unen-unen Ing ngarsa asung tuladha; Ing madya mangun karsa; Tutwuri handayani kabeh iki ngemu purwakanthi guru​ (a)  

Choose from the below words
swara
sastra
lagu
basa
lumaksita
10.

Unen-unen saka bebasan esuk dhele sore tempe duweni teges ...

a)

rugi bandha, nanging bathi paseduluran

b)

wong asor nanging sugih kapinteran

c)

wong kang ora tetep atine (mencla-mencle)

d)

rekasa amarga kakehan anak

e)

wong pinter mungsuh wong pinter

11.

Ing ngisor iki kang kalebu tegese teks wayang yaiku ...

a)

teks kang isine crita ngenani paraga wayang lan sumber critane saka epos mahabarata lan ramayana

b)

teks kang isine crita ngeneni saperangan paraga wayang lan sumber critane ora mung saka epos mahabharata lan ramayana

c)

teks kang isine tata cara maca endah crita wayang kanthi nggatekake lagu ukara (intonasi)

d)

teks kang isine tata cara maca endah crita wayang kanthi nggatekake karakter lan antawacana para paraga sajrone crita wayang

12.

​ (a)   kalebu salah sawijine unsur intrinsik teks wayang

Choose from the below words
Tema
latar wuri/latar belakang
kahanan/keadaan
latar wuri pangripta
13.

Paraga ​ (a)   yaiku paraga kang kadhapuk tumindak becik ing crita. Dene paraga​ (b)   yaiku paraga kang kadhapuk tumindak ala ing crita.

Choose from the below words
protagonis
antagonis
tritagonis
utama
sampingan
14.

Jodhohna jinis-jinis paraga karo tegese kanthi trep!

a)

Paraga Protagonis

1.

Paraga kang kadhapuk tumindak apik

b)

Paraga Antagonis

2.

Paraga kang kadhapuk tumindak ala

c)

Paraga Tritagonis

3.

Paraga kang dadi penengahe perkara

15.

Pokok crita utawa babagan kang dirembug ing sawijining crita kang diandharake pengarang liwat rerangkene crita diarani ...

a)

tema

b)

penokohan

c)

alur

d)

latar

e)

pamawase pangripta

16.

Susun ulang paraga wayang Pandawa adhedhasar kelairane.

a)

Puntadewa (Yudhistira)

b)

Werkudara (Bima)

c)

Janaka (Arjuna)

d)

Nakula

e)

Sadewa

1)
2)
3)
4)
5)
17.

Paraga wayang ing ngisor iki kang dikenal duweni watak ala yaiku ...

a)

Drupadi

b)

Krisna

c)

Arjuna

d)

Sengkuni

e)

Bima

18.

​ (a)   yaiku dalan crita utawa rerangken kedadeyan kang dumadi sajrone crita. Dene ​ (b)   yaiku gambaran ngenani papan panggonan, wektu, lan swasaba sajroning crita.

Choose from the below words
Alur
latar
gaya basa
pamawase pangripta
tema
19.

Pamawase pangripta (sudut pandang pengarang) wong kapisan lumrahe nggunakake tembung ...

(a)  

20.

Gunane teks wayang antarane yaiku ...

a)

medhia pendhidhikan, hiburan, lan dakwah

b)

medhia pendhidhikan, hiburan, lan sesrawungan

c)

medhia hiburan, dakwah, lan sesrawungan

d)

medhia dakwah, hiburan, lan tetepungan

21.

Tulisan kang isine opini penulis kang medharake sawijining prakara tartamtu sing asipat aktual lan kadhang kala kontroversial kanthi ancas kanggo menehi pangerten (informatif), persuasif, argumentatif, lan panglipur kanggo pamaos diarani …

a)

teks artikel

b)

teks wawancara

c)

teks sesorah

d)

teks tanggap wacana

e)

teks argumentasi

22.

Susun ulang struktur teks artikel iki kanthi urut!

a)

Sesirah

b)

Pambuka

c)

Katrangan

d)

Paneges

1)
2)
3)
4)
23.

Teks artikel miturut isine kaperang dadi … yaiku …

a)

5, deskripsi, narasi, persuasi, analisis ahli, halaman opini

b)

5, deskripsi, narasi, argumentasi, persuasi, praktis

c)

5, deskripsi, narasi, argumentasi, eksposisi, persuasi

d)

5, deskripsi, narasi, argumentasi, halaman opini, analisis ahli

e)

5, praktis, ringan, halaman opini, analisis ahli, persuasi

24.

Wacanen kang premati teks artikel ing ngsior!

     Lingkungan Resik, Uripe Sehat

              Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat. Salah sawijine cara supaya lingkungan resik yaiku tansah reresik omah, mbuwang sampah ing panggonan kang wis disiapake.

               Lingkungan sing kita panggoni bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrap sesrawungan putra-putri kita.

Saka teks artikel ing dhuwur, apa alesane lingkungan kudu resik?

a)

Lingkungan kudu resik amarga panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa

b)

Lingkungan kudu resik amarga saka lingkungan resik bisa ndadekake urip sehat

c)

Lingkungan kudu resik amarga wargane nduweni kebiyasaan becik

d)

Lingkungan kudu resik amarga kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri

e)

Lingkungan kudu resik amarga wargane supaya ora kemroh

25.

Wacanen kang premati teks artikel ing ngsior!

     Lingkungan Resik, Uripe Sehat

              Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat. Salah sawijine cara supaya lingkungan resik yaiku tansah reresik omah, mbuwang sampah ing panggonan kang wis disiapake.

               Lingkungan sing kita panggoni bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrap sesrawungan putra-putri kita.

Kepriye carane mujudake lingkungan omah supaya resik?

a)

Mbuwang sampah ing panggonan

b)

Njaga lingkungan tetep teles lan garing

c)

Tansah reresik omah, mbuwang sampah ing panggonan kang wis disiapake

d)

Sampah dijarake numpuk lan kebak ing panggonane

e)

Sampah nuwuhake ganda kang kurang enak lan diparani laler utawa coro

26.

Wacanen kang premati teks artikel ing ngsior!

  Lingkungan Resik, Uripe Sehat

             Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat. Salah sawijine cara supaya lingkungan resik yaiku tansah reresik omah, mbuwang sampah ing panggonan kang wis disiapake.

              Lingkungan sing kita panggoni bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrap sesrawungan putra-putri kita.

Ukara kang nuduhake sifat ora resikan yaiku....

a)

Lingkungan sing kita panggoni bisa ndhukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe

b)

Wargane nduweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat

c)

Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita

d)

Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat

e)

Kita manggon ing warga kang nduweni pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita

27.

Artikel kang nggambarake utawa njlentrehake salah sawijining objek nganggo tembung kang nalar diarani artikel …

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

eksposisi

e)

persuasi

28.

Wacanen kang premati teks artikel ing ngsior!

  Sajen Jenang-Jenangan

            Sajen jenang-jenangan sajrone rituwal Jawa yaiku sesaji utawa sajen kang digunakake kanggo mengeti prastawa tartamtu, kayata lairan. Jenang utawa bubur iku minangka ubarampe kang mesthi ana sajrone upacara lairan. Ubarampe iki dumadi saka jenang putih, abang, baro-baro, lan pliringan kang siji lan sijine duweni teges kang beda-beda. Jenang putih lan abang duweni teges minangka pralambang uripe manungsa iku dumadi saka tirta mertane wong tuwane. Mula jenang abang iku duweni teges ibu lan jenang putih duweni teges bapa. Anane jenang abang putih iku uga ora amung minangka pralambang, uga minangka wujud pralambang kanggo ngurmati wong tuwa.

             Saliyane jenang abang lan putih, ana rong jinis maneh jenang kang biyasane digunakake kanggo sesaji nalika upacara lairan, yaiku jenang baro-baro lan pliringan. Jenang baro-baro iku jenang kang digawe saka bekatul lan ing dhuwure diwenehi gula jawa. Ubarampe jenang baro-baro iki ditegesi minangka pakurmatan marang kakang kawah lan adhi ari-ari kang metu bebarengan karo bayi lair. Dening leluhur wong Jawa, kakang kawah lan adhi ari-ari dipercayani minangka sedulur tuwa, dene ari-ari utawa tembuni dipercaya minangka sedulur enom utawa cilik. Kajaba minangka simbul sedulur ghaib jabang bayi, ubarampe jenang baro-baro uga kanggo tulak bala. Jinise jenang paling pungkasan yaiku jenang pliringan. Jenang iki digawe saka beras kang separo putih lan separo maneh abang. Jenang pliringan kanggo pakurmatan marang panguwasane dharatan lan segara. Ancase kita minangka manungsa urip ing donya iki ora mung manungsa thok, nanging uga ana makhluk ghaib liyane. Mula kanthi anane jenang pliringan iki diajab manungsa bisa urip bebarengan karo makhluk ghaib minangka titahing Gusti.

Miturut teks artikel ing dhuwur, gunane jeneng tumrap budaya Jawa yaiku

a)

Mangeti kedadeyan langka

b)

Mangeti anane bebaya

c)

Mangeti prastawa ala wae

d)

Mangeti budaya manca

e)

Mangeti prastawa tartamtu

29.

Wacanen kang premati teks artikel ing ngsior!

  Sajen Jenang-Jenangan

            Sajen jenang-jenangan sajrone rituwal Jawa yaiku sesaji utawa sajen kang digunakake kanggo mengeti prastawa tartamtu, kayata lairan. Jenang utawa bubur iku minangka ubarampe kang mesthi ana sajrone upacara lairan. Ubarampe iki dumadi saka jenang putih, abang, baro-baro, lan pliringan kang siji lan sijine duweni teges kang beda-beda. Jenang putih lan abang duweni teges minangka pralambang uripe manungsa iku dumadi saka tirta mertane wong tuwane. Mula jenang abang iku duweni teges ibu lan jenang putih duweni teges bapa. Anane jenang abang putih iku uga ora amung minangka pralambang, uga minangka wujud pralambang kanggo ngurmati wong tuwa.

             Saliyane jenang abang lan putih, ana rong jinis maneh jenang kang biyasane digunakake kanggo sesaji nalika upacara lairan, yaiku jenang baro-baro lan pliringan. Jenang baro-baro iku jenang kang digawe saka bekatul lan ing dhuwure diwenehi gula jawa. Ubarampe jenang baro-baro iki ditegesi minangka pakurmatan marang kakang kawah lan adhi ari-ari kang metu bebarengan karo bayi lair. Dening leluhur wong Jawa, kakang kawah lan adhi ari-ari dipercayani minangka sedulur tuwa, dene ari-ari utawa tembuni dipercaya minangka sedulur enom utawa cilik. Kajaba minangka simbul sedulur ghaib jabang bayi, ubarampe jenang baro-baro uga kanggo tulak bala. Jinise jenang paling pungkasan yaiku jenang pliringan. Jenang iki digawe saka beras kang separo putih lan separo maneh abang. Jenang pliringan kanggo pakurmatan marang panguwasane dharatan lan segara. Ancase kita minangka manungsa urip ing donya iki ora mung manungsa thok, nanging uga ana makhluk ghaib liyane. Mula kanthi anane jenang pliringan iki diajab manungsa bisa urip bebarengan karo makhluk ghaib minangka titahing Gusti.

Jenang utawa bubur iku minangka ubarampe kang mesthi ana sajrone upacara lairan.
Tegese tembung ubarampe yaiku …

a)

Adicara

b)

Alat

c)

Pralambang

d)

Pratandha

e)

Kapercayan

30.

Saka wacan ing dhuwur nuduhake teks artikel jinis …

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

persuasi

d)

argumentasi

e)

eksposisi