wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BAHASA JAWA KELAS 4

Total questions: 45

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Nalika maca geguritan, Siska nyoba golek tembung “semilir” amarga dheweke durung ngerti tegese. Dheweke uga maca bait-baité kanthi wicaksana supaya bisa mangerteni maknane. Kegiatan sing ditindakake Siska kasebut klebu apa?

a)

Nglukis puisi

b)

Ngidentifikasi puisi

c)

Nulis cerkak

d)

Maca dialog

2.

Riko maca geguritan bab persahabatan. Dhèwèké nyoba nemokake tema lan makna sing arep disampeake penyair. Riko banjur nerangake marang kanca-kancane yen geguritan iku ngajari supaya padha nulungi lan ngajeni kanca. Tindakan Riko nuduhake kemampuan opo?

a)

Apal guritan

b)

Nglacak teges lan isi puisi

c)

Mbedakake cerkak lan puisi

d)

Nguripake drama

3.

Guru njaluk siswa maca geguritan kanthi intonasi lan ekspresi sing pas. Nalika maca, siswa kudu nggatekake swara lan wirasa supaya pamirsa bisa krasa pesané. Apa tujuan utama maca puisi ekspresif?

a)

Supaya puisi dadi luwih dawa

b)

Supaya pesané tekan pamirsa

c)

Supaya siswa ora kagok

d)

Supaya bait luwih gampang dingerteni

4.

Miturut isi geguritan, apa sing dadi pesen utama kang arep ditekanake penyair?

a)

Pentinge latihan bola supaya dadi pemain profesional.

b)

Tim bakal menang yen kabeh pemain nduweni bakat istimewa.

c)

Kekompakan lan kerjasama luwih penting tinimbang kemampuan pribadi.

d)

Kiper minangka pemain paling wigati ing saben tim futsal.

5.

Nalika Sari ngomong karo bapake, dheweke ngucap “nuwun” lan “nggih”. Basa sing digunakake alus lan trep karo kahanan. Apa sing ditindakake Sari?

a)

Nglanggar tatakrama

b)

Nggunakake tatakrama dialog

c)

Nindakake dramatisasi

d)

Nulis geguritan

6.

Ana teks dialog bab hemat energi. Bapak ngelingake anak supaya memateni lampu yen ora dienggo. Siswa diminta nerangake apa isi dialog kasebut lan sebabe tokoh ngomong kaya mangkono. Apa kemampuan sing dilatih?

a)

Ngapalke dialog

b)

Nemu pokok isi lan tujuan dialog

c)

Mbedakake tokoh jahat lan becik

d)

Nulis tembang

7.

Nalika gawe dialog bab gemi ngginakake energi, siswa kudu nentokake tokoh lan nyusun omongan tokoh kanthi logis. Sawise iku, siswa diminta mriksa apa bahasane wis sopan. Proses iki minangka latihan apa?

a)

Nulis dialog lengkap

b)

Ngapalke tokoh drama

c)

Nulis cerkak

d)

Nulis deskripsi

8.

Pak Bawa        :”Bim,TV ne yen ora kok deleng, patenana!”

Bima               : ”Kula, badhe ningali film ” kartun, Pak.”

Pak Bawa        : ”Film kartun iku isih sajam maneh...hemat energi!””

Bima               :”Nanging setrumipun TV niki lak alit, paling bayaripun listrik ” mirah.”

Pak Bawa        : ” Ora merga ” hemat mbayare wae, ya hemat energi. Delengen ta, isih akehdesa sing durung dialiri listrik”

Bima               : ” Niku ing luar Jawa, Pak ingkang dereng wonten ” listrik.”

Pak Bawa        : ”Hla yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni”

Bima               : ”Inggih Pak, mangke yen film kartune sampun wiwit kula g ningali,nggih!”

Pak Bawa        : ”Aja kuwatir, kana sinau dhisik.

  1. Apa pesen utama saka pacelathon antawisipun Pak Bawa lan Bima?

a)

Bima ora seneng nonton film kartun.

b)

Listrik ing omah Bima tansah murah.

c)

Pentinge hemat energi senajan durung butuh TV.

d)

Bima lan Pak Bawa padha seneng film kartun.

9.

Siswa nindakake dialog ing ngarepe kelas. Dheweke kudu nggunakake intonasi, ekspresi rai, lan gerakan sing pas. Saka kegiatan iki, siswa sinau babagan apa?

a)

Cara nulis puisi

b)

Cara mbedakake narasi

c)

Cara maca lan nindakake dialog

d)

Cara nggambar tokoh

10.

Nalika maca cerita rakyat "Timun Mas", siswa ngerti yen crita iki diturunake saka leluhur lan diwarisake nganti saiki. Crita iki uga nduwèni piwulang becik. Apa jinis teks iki?

a)

Cerita rakyat

b)

Puisi modern

c)

Deskripsi

d)

Laporan observasi

11.

Ing sawijining crita rakyat, ana tokoh sing duwe sifat sombong lan tokoh liyane sing nduwèni sifat jujur. Apa sing dituduhake saka paragraf iki?

a)

Tema

b)

Latar

c)

Tokoh lan watak

d)

Amanat

12.

Siswa maca crita rakyat sing isine piwulang supaya ora ngrusak alam. Siswa banjur nemtokake amanat lan nerangake sebabé tokoh utama kudu ngajeni lingkungan. Kegiatan iki kalebu kemampuan apa?

a)

Mbedakake teks narasi

b)

Analisis amanat cerita rakyat

c)

Nulis crita fiksi

d)

Nggambar watak

13.

Nalika nyritakake maneh cerita rakyat, siswa kudu nyusun kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi runtut. Iki nuduhake kemampuan apa?

a)

Meringkes lan nyritakake maneh

b)

Nulis puisi

c)

Ngidentifikasi diksi

d)

Ngafal dialog

14.

Ing cerita rakyat ana wiwitan, masalah, puncak masalah, lan pungkasan crita. Nalika siswa nyoba nemokake bagian kasebut, dheweke lagi nganalisis unsur apa?

a)

Latar wektu

b)

Alur

c)

Diksi

d)

Lirik

15.

Asal-usul Guwa Ngerong

Dhek jaman biyen ing sisih kidul kulon tlatah Tuban, ana kraton cilik sing diarani Kraton Gumenggeng. Rajane asmane Prabu Arya Bangah. Amarga saperangan gedhe wilayahe dumadi saka pagunungan kapur, mula meh sadawane taun kraton kasebut tansah ngalami kangelan banyu. Kahanan kasebut ndadekake Prabu Arya Bangah prihatin.

Prabu Arya Bangah nuli semedi, nyenyuwun marang Gusti kang Murbeng Dumadi supaya diparingi pituduh kanggo ngundhakake karaharjane rakyate. Sakjerone semedi, Prabu Arya Bangah oleh wangsit yen reruwete Kraton Gumenggeng bakal sirna saka pitulungan Ki Jala Ijo ing pertapan Gunung Ngandhong. Sawise semedi, Prabu Arya Bangah banjur nimbali Ki Jala Ijo.

Sawisé maca wacan mau, apa alasan utama Prabu Arya Bangah nemoni Ki Jala Ijo miturut isi crita?

a)

Amarga Ki Jala Ijo dadi wong sing paling pinter nggawe sumur ing Gunung Ngandhong.

b)

Amarga Prabu Arya Bangah kepengin ngajak Ki Jala Ijo pindhah menyang Kraton Gumenggeng.

c)

Amarga Prabu Arya Bangah entuk wangsit yen Ki Jala Ijo bisa nulungi ngrampungake masalah kekurangan banyu ing kraton.

d)

Amarga Ki Jala Ijo sing nyebabake pagunungan kapur dadi garing lan angel banyu.

16.

Siswa diwenehi tugas golek pokok-pokok cerita saka crita rakyat sing wis dibaca. Dheweke kudu milih kedadeyan penting lan nerangake maknane. Iki gambarane latihan apa?

a)

Ngidentifikasi unsur intrinsik

b)

Nyusun dialog

c)

Nulis narasi

d)

Mbedakake tokoh utama

17.

Ana cerita rakyat sing pesané ngajari bocah supaya ngreksa lingkungan lan ora boros banyu. Siswa diminta mbandhingake pesen iki karo kegiyatan saben dina ing omah. Kegiatan iki nuduhake kemampuan apa?

a)

Nggandhengake amanat karo urip nyata

b)

Ngapalke tokoh

c)

Nulis tembang

d)

Mbedakake puisi lan prosa

18.

Ing teks liya, siswa maca penjelasan rinci babagan taman sekolah sing ijo royo-royo. Ana gambaran werna, ambu, lan suasana sejuk. Iki kalebu teks apa?

a)

Drama

b)

Narasi

c)

Deskripsi

d)

Puisi

19.

Nalika nulis narasi, siswa kudu mikirake tema, tokoh, lan peristiwa sing bakal diceritakake. Dheweke uga kudu milih urutan wektu sing pas. Iki nuduhake langkah apa?

a)

Nulis narasi runtut

b)

Analisis puisi

c)

Nulis dialog

d)

Nulis laporan

20.

Loper Koran

Bubar sholat subuh, srengenge ing sisih wetan durung mlethek. Nanging, Haris bocah cilik protholan SD si ng wis rong taun ditinggal tilar donya wong tuwane, wis ka dalan lan gang ton nlusuri gang ngeterake koran marang pelanggane. Sepedha onthel tuwa sing wis ora ana slebore, digenjot alon merga sikile gaduk gaduk tuna.

Tekan ngisor wit palem ing Komplek Perumda Bojonegoro, “Brak !!!” Haris tiba Ju ju r bakal mujur Gambar:abckisahku.blogs njungkel. Sepedhahe nabrak kothak cilik sing dibungkus kain ireng. Koran sing dijepit karet ing boncengane korat karit. Karo mringis merga nahan lara, Haris nyedhaki bungku san sing ditabrak mau.

“Apa ta iki?” Haris nggrem eng jroning batin. Bungkusan dijupuk banjur diangkat. Saka njero bungkusan keprungu swara kemrincing. “Ha...emas!!!” Tangane Haris nggregeli, awit lagi sepisan iki weruh mas masan samono akehe .

Jujur bakal mujur. I ng k antor p olisi, Haris ketemu karo Pak Ahmad kontraktor sugih sing lagi lapur amarga kemalingan. Sawis e takon tinakon, akhire Pak Ahmad ngendika, “Kowe kudu nerusake sekolah, kabeh ka butuhanmu dadi tanggung jawabk jalaran wiwit saiki kowe dak angkat dadi anakku! ” “Alhamdulilah, Haris ambruk ing sikile Pak Ahmad.”

  1. Yen kowe dadi Haris lan nemokake barang larang regane ing dalan, apa akibat sing bisa muncul yen kowe ora milih nglapor kaya sing ditindakake Haris?

a)

Kowe bisa langsung duwe dhuwit akeh lan bisa wae dadi sugih

b)

Kowe ora bakal ngerti sapa sing duwe barang kasebut lan uripmu tetap padha

c)

Kowe bisa didakwa nyimpen barang temuan kanthi ora sah lan kehilangan kapercayan saka Masyarakat

d)

Kowe bakal luwih seneng amarga ora repot ngurusi perkara ing kantor polisi

21.

Siswa diwenehi tugas nulis deskripsi bab ruang kelas. Dheweke kudu mlaku-mlaku ing kelas lan nyathet ciri-ciri sing katon. Banjur dheweke nulis kanthi rinci. Iki latihan apa?

a)

Ngidentifikasi tokoh

b)

Nulis deskripsi rinci

c)

Nulis cerkak

d)

Ngafal teks

22.

Guru nampilake loro teks, siji narasi lan siji deskripsi. Siswa diminta mbedakake loro-lorone adhedhasar ciri-cirine. Kegiatan iki kalebu kemampuan apa?

a)

Mbandhingake teks narasi lan deskripsi

b)

Nulis puisi

c)

Maca dialog

d)

Ngafal tembang

23.

Dina Jumat, kelas 4 nindakake proyek nulis teks narasi bab pengalaman dolan menyang taman. Sawise nulis, siswa diminta ngecek apa urutane wis runtut lan apa ceritane gampang dingerteni. Iki nuduhake kemampuan apa?

a)

Ngevaluasi lan revisi narasi

b)

Nulis amanat

c)

Nulis dialog

d)

Mbedakake watak tokoh

24.

Crita rakyat sing kondhang yaiku... .

a)

Angling Darma, Calon Arang, Andhe-andhe Lumut

b)

Jaka Seger Sawise Adus, Jaka lara Budhgug, Putri Kuning

c)

Asal-Usul Lumpur Lapindo, Asal-Usul Pasir, Lunga Surabaya

d)

Asal-usul lawa ingGuwa Ngerong,Asline Angling Darma

25.

Waca loro teks ing ngisor iki banjur jawaben:

Teks A (Narasi):

“Dina Setu esuk, aku lan kanca-kanca kerja bakti ing sekolah. Aku nyapu halaman, dene Beni lan Rara ngresiki taman. Sawisé kabeh rampung, sekolah katon luwih resik lan nyaman.”

Teks B (Deskripsi):

“Halaman sekolahku amba lan pepak wit-witan. Kembang warna-warni mekar ing pinggir dalan, lan angin semilir nggawe suasana dadi tentrem. Papan tulis lan bangku-bangku tertata rapi ing saben kelas.”

Bedane paling cetha antarane Teks A lan Teks B yaiku…

a)

Teks A nerangake ciri-ciri panggonan, dene Teks B nyritakake kedadeyan sing runtut

b)

Teks A lan Teks B padha-padha nyritakake kedadeyan saben dina ing sekolah

c)

Teks A nyritakake kedadeyan kanthi urut, dene Teks B njlentrehake suasana lan ciri-ciri panggonan

d)

Teks A lan Teks

26.

Waca loro teks ing ngisor iki banjur jawaben:

Teks A (Narasi):

“Dina Setu esuk, aku lan kanca-kanca kerja bakti ing sekolah. Aku nyapu halaman, dene Beni lan Rara ngresiki taman. Sawisé kabeh rampung, sekolah katon luwih resik lan nyaman.”

Teks B (Deskripsi):

“Halaman sekolahku amba lan pepak wit-witan. Kembang warna-warni mekar ing pinggir dalan, lan angin semilir nggawe suasana dadi tentrem. Papan tulis lan bangku-bangku tertata rapi ing saben kelas.”

Tembung disiplin ing paragraf mau tegesé apa?

a)

Disiplin tegese tumindak sembarangan, ora manut aturan, ora tertib

b)

Disiplin tegese dolanan terus, ora nggatekake guru, ora tanggung jawab

c)

Disiplin tegese gampang nesu, ora gelem kerja bareng, ora sopan

d)

Disiplin tegese manut aturan sekolah lan tumindak tertib.

27.

Rina lan Dafa ditugasi guru kanggo mbantu ngresiki perpustakaan sekolah. Dheweke ngusap rak buku, nyusun buku sing ambruk, lan mindhah buku sing rusak menyang meja perbaikan. Kabeh dilakoni kanthi bebarengan lan rukun.
Apa sipat utama para tokoh ing paragraf mau?

a)

Rukun lan kerja bareng kanggo ngrampungake tugas

b)

Seneng rame, ora gelem kerja bareng, ora ngrampungake tugas

c)

Gampang kesel, ora tanggung jawab, luwih seneng dolanan

d)

Dadi panakut, ora wani mlebu perpustakaan, ora wani nyekel buku

28.

Nalika pelajaran lagi mlaku, guru ngandhani supaya siswa ngrungokake penjelasan kanthi apik. Nanging, ana sawetara siswa sing isih guyon dhewe lan ora nyimak. Guru banjur menehi conto bab pentingé fokus nalika sinau. Siswa banjur dadi luwih mangerteni lan wiwit manut.

Apa sebab utama guru menehi conto?

a)

Supaya siswa tambah rame, ora gelem meneng, lan geguyu terus

b)

Supaya siswa ora semangat sinau, ora gelem nyatet, lan luwih bingung

c)

Supaya siswa ngerti kenapa kudu fokus nalika sinau

d)

Supaya siswa tambah ngantuk lan ora ngrungokake pelajaran

29.

Banyu ing sumur sekolah saya suda amarga mangsa ketiga dawa banget. Para siswa diminta hemat banyu yen arep adus tangan utawa ngresiki alat tulis. Guru nerangake yen banyu iku sumber penting kanggo kabeh makhluk. Para siswa banjur ngerti pentinge ora boros banyu.

Apa akibaté yen siswa ora hemat banyu?

a)

Banyu sekolah bisa entek lan kegiatan sekolah bisa keganggu

b)

Banyu ora bakal entek, banyu bakal nambah, lan sumur mesthi kebak

c)

Siswa bisa dolanan banyu terus tanpa wates, tanpa mikir dampak

d)

Ora ana hubungane karo lingkungan, ora mengaruhi apa-apa

30.

Nalika upacara bendera, siswa kudu nganggo seragam putih rapi. Guru kelas uga nyemangati supaya barisan tetep tertib lan ora rebutan. Sawisé upacara, para siswa bali menyang kelas kanthi runtut. Kabeh tumindak iki nuduhake sikap becik minangka siswa.

Apa sikap sing diwedarake paragraf mau?

a)

Sikap sembrono, ora gelem baris, lan ora manut pandhuan

b)

Sikap rame dhéwé, ora gelem rapi, lan seneng rebutan

c)

Sikap ora percaya diri, ora gelem melu upacara, lan nyumput

d)

Sikap tertib lan rapi nalika kegiyatan sekolah

31.

Ing omahe, Sari tansah nulungi ibune nyapu lan ngumbah piring. Sari ora tau ngumel nalika diwenehi tugas omah. Nalika sedulur ciliké butuh bantuan, Sari gelem nuntun tanpa diprentah. Sikap iki digawe kabiasaan saben dina.

Apa nilai utama saka tumindak Sari?

a)

Seneng menguasai wong liya, ora gelem nulungi, lan egois

b)

Seneng dolanan wae, ora peduli karo kulawarga, lan gampang nesu

c)

Sari nduweni sikap tanggung jawab lan suka nulungi

d)

Ora gelem tanggung jawab, ora ngrampungake tugas, lan malas

32.

Ing sawah, katon pari wis wiwit kuning lan akeh manuk teka golek pangan. Para petani sibuk ngusir manuk supaya tanduran ora rusak. Udara ing kana seger lan angine semribit nggawé suasana teduh. Pemandangan iki ngélingaké yen alam iku ayu lan kudu dijaga.

Paragraf iki kalebu teks apa lan sebabé?

a)

Kalebu deskripsi amarga paragraf njlentrehake suasana lan pemandangan

b)

Kalebu narasi amarga ana konflik rame lan tokoh gawe masalah

c)

Kalebu narasi amarga ana kedadeyan petani gelut karo manuk

d)

Kalebu dongeng amarga ana makhluk gaib lan cerita imajinasi

33.

Ing pinggir kali ana warung cilik sing dagange resik lan tertata. Ana bangku kayu kanggo wong sing arep ngaso. Swara banyu mili lan angin semribit gawé panggonan iku dadi adem. Wong-wong kerep mampir amarga seneng suasanane.

Apa tujuan utama paragraf iki?

a)

Kanggo nyritakake konflik lan masalah antar wong lan pedagang

b)

Kanggo nggambarake suasana warung lan sekitar kali

c)

Kanggo mbahas aturan jajan lan cara tuku barang ing warung

d)

Kanggo nerangake carane nggawe warung anyar kanggo usaha

34.

Nalika sekolah nganakake kerja bakti, kabeh siswa padha melu. Ana sing nyapu, ngresiki kaca, lan nglumpukake sampah. Siswa kerja bebarengan tanpa rebutan. Guru muji amarga kabeh tumindak kanthi rukun.
Apa nilai sing bisa dijupuk saka kegiatan mau?

a)

Aja kerja bareng amarga gawene dadi suwe lan ora nyenengake

b)

Aja nulungi kanca amarga saben wong kudu kerjo dhewe

c)

Aja melu kerja bakti amarga ora ana manfaat

d)

Kerja bareng nggawe kegiatan luwih gampang lan rukun

35.

Pohon gedhé ing tengah lapangan sekolah saya garing amarga ora tau disiram. Godhonge padha gugur lan dahané wiwit retak. Siswa banjur rembugan karo guru kanggo nggawe jadwal nyiram wit supaya ora mati. Kegiatan iki dilakoni kanthi giliran saben kelas.
Apa sebab utama siswa nggawe jadwal nyiram wit?

a)

Supaya wité urip maneh lan ora garing

b)

Supaya wité mati lan lapangan dadi gersang

c)

Supaya siswa ora gelem sinau lan luwih seneng dolanan

d)

Supaya wité diganti wit plastik sing luwih gampang dirawat

36.

Rina saben dina tansah matur nuwun marang wong tuwane, sinau ndedonga, ngajeni sedulur, lan ora nate ngucap tembung kasar marang kanca. Rina rumangsa kudu tumindak becik saben dina.
Pitakon: Apa nilai becik sing ditindakake Rina?

a)

Rina seneng gelut karo kanca, Rina kerep mbantah guru, Rina ora gelem nulungi sapa wae

b)

Rina seneng turu awan, Rina asring telat sekolah, Rina ora seneng maca buku

c)

Rina ngajeni wong tuwa lan tumindak becik marang wong liya

d)

Rina kerep ngguyu keras, Rina kerep dolanan HP, Rina seneng mangan permen

37.

Ing omahé Seno ana aturan supaya kabeh anggota kulawarga rukun; saben esuk padha bebenah kamar dhéwé-dhéwé lan nalika mangan kudu lungguh bareng kanthi tertib supaya kulawarga luwih guyub lan tentrem.
Pitakon: Apa tujuan aturan kulawarga kuwi?

a)

Kulawarga tansah sibuk dhewe, kulawarga ora gelem bebarengan, kulawarga tansah meneng wae

b)

Kulawarga dadi rame banget, kulawarga dadi ora teratur, kulawarga dadi bingung

c)

Kulawarga dadi rukun lan tentrem

d)

Kulawarga gampang padha gelut, kulawarga ora bisa komunikasi, kulawarga dadi adu omongan

38.

Riko esuk-esuk menyang pawon kanggo ndeleng ibune masak. Ing pawon ana kendi, panci, wajan, lan piranti liya. Ibune njlentrehake manawa kendi lan wajan kalebu perabot omah sing migunani, mula Riko dadi luwih ngerti babagan perabot pawon.
Pitakon: Apa fungsi paragraf kuwi?

a)

Paragraf kanggo guyonan

b)

Paragraf kanggo nyritakak

39.

Nalika wengi listrik mati, Kulawarga Narto nggunakake lampu sentir kanggo madhangi kamar. Cahyané ora padhang kaya lampu listrik, nanging kulawarga tetep krasa tentrem amarga padha kumpul bareng-bareng lan ana rasa guyub nalika crita bareng.
Pitakon: Apa pesen sing bisa dijupuk saka paragraf kasebut?

a)

Paragraf kanggo guyonan, Paragraf kanggo nyritakake lelungan adoh, Paragraf kanggo ngandhani acara pesta

b)

Paragraf kanggo crita perang, Paragraf kanggo medhar dongeng, Paragraf kanggo nduduhaké sedhih

c)

Paragraf kanggo njelasake perabot pawon lan kegunaane

d)

Paragraf kanggo nyritakake olahraga, Paragraf kanggo crita ing sekolah, Paragraf kanggo nggambarake pasar

40.

Laras seneng maca buku sejarah rakyat. Dina iki dheweke maca cerita babagan asal-usul salah siji gunung ing Jawa Timur. Critane nerangake kedadeyan biyen lan tokoh sing nggawe owah-owahan ing desa, mula Laras ngerti yen crita rakyat nggawa pitutur becik kanggo bocah-bocah.
Pitakon: Kepiye cara Laras ngerti yen crita rakyat nduweni pitutur becik?

a)

Lampu listrik luwih larang, watu bisa murup, wengi mesthi medeni

b)

Kumpul kulawarga luwih penting tinimbang padhangé lampu

c)

Cahya kuning kuwi ora apik, wengi kudu rame musik, kabeh kudu melek terus

d)

Yen peteng ora usah mangan, yen peteng ora kena metu, yen peteng kudu turu awal

41.

Banyu udan sing tiba ing Gunung Wilis mili mudhun ngliwati kali-kali cilik. Kali mau banjur ngrembuyung nganti tekan sawah lan kebon warga, ndadekake tanduran bisa urip subur, mula banyu dadi sumber urip kanggo masyarakat.
Pitakon: Apa akibaté yen ora ana banyu saka gunung?

a)

Laras mung dolanan boneka, Laras ora maca buku, Laras mung turu wae

b)

Laras maca isi cerita rakyat sing ngemot kedadeyan lan pitutur

c)

Laras ketemu penyanyi, Laras nonton sinetron, Laras krungu swara rame

d)

Laras menyang pasar, Laras tuku manuk, Laras numpak becak

42.

Banyu udan sing tiba ing Gunung Wilis mili mudhun ngliwati kali-kali cilik. Kali mau banjur ngrembuyung nganti tekan sawah lan kebon warga, ndadekake tanduran bisa urip subur, mula banyu dadi sumber urip kanggo masyarakat.
Pitakon: Apa akibaté yen ora ana banyu saka gunung?

a)

Tanduran dadi wangi, kali dadi rame, kebon dadi warna-warni

b)

Gunung dadi ambruk, lemah dadi wutah, angin dadi banter banget

c)

Tanduran ora subur lan masyarakat bisa kekurangan banyu

d)

Kucing dadi galak, manuk ora gelem mabur, kebon dadi peteng

43.

Saben esuk Damar liwat dalan cilik cedhak kebon sing akeh kembang warna-warni. Aroma kembang mawar lan melati ngracah hawa lan nggawe Damar rumangsa seneng. Saben dina Damar bisa weruh owah-owahan warna kembang sing meh mekar, nggawe dalan dadi éndah.
Pitakon: Apa tujuan penulis nggawe paragraf iki?

a)

Paragraf kanggo lelayaran laut, Paragraf kanggo adegan film rame, Paragraf kanggo crita petualangan

b)

Paragraf nggambarake suasana lan kaendahan sawah, mula kalebu deskripsi

c)

Paragraf kanggo crita rame karo tokoh akeh, Paragraf kanggo cerkak lucu, Paragraf kanggo dolanan bocah

d)

Paragraf kanggo acara sekolah, Paragraf kanggo ngrembug kuliner, Paragraf kanggo lelungan pasar

44.

Ana omah kosong ing pojok desa sing rame tetuwuhan. Wit gedhé ing ngarep omah nutupi meh kabeh langit-langit. Wong desa kerep liwat amarga dalane dadi adem, nanging omah kasebut katon kurang terawat lan peteng.
Pitakon: Gaya penulisan paragraf iku luwih cedhak karo deskripsi utawa narasi?

a)

Njlentrehake pasar malem, Njlentrehake konser musik, Njlentrehake pesta ulang tahun

b)

Njlentrehake swara rame sekolah, Njlentrehake banjir gedhe, Njlentrehake tekanan udara

c)

Njlentrehake kaendahan lan suasana kebon kembang

d)

Njlentrehake game anyar, Njlentrehake mobil b

45.

Nalika Dina sedina penuh sinau, dheweke kesel nanging tetep semangat. Dina nyiapake buku-bukune kanggo sesuk supaya ora kesusu lan ngelingake adhine supaya tertib lan rapi, amarga disiplin bisa nggawe awake luwih sukses.
Pitakon: Apa nilai sing bisa diteladani saka Dina?

a)

Dina asring turu awan, Dina ora gelem mbantu ibu, Dina mung dolanan wae

b)

Dina disiplin lan gelem nyiapake kabutuhan sekolah kanthi tertib

c)

Dina ora seneng sekolah, Dina gampang nesu, Dina ora gelem nulungi adhine

d)

Dina seneng nonton terus, Dina ora gelem rapi, Dina seneng rame-rame