Font size
WorksheetsLatihan Soal Bahasa Jawa ASAS Semester 1
Total questions: 30
Worksheet time: 30mins
Geguritan asale saka tembung “guri” kang ateges ….
a. intonasi
b. ekspresi
c. swara-swara endah
d. tulisan kang wujud tataan
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ….
katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng
katon bunga supaya sing ngrungokake melu bunga
katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih
katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng
Wacana kanggo soal nomer 3 – 4.
Pepeling Dening
Sendang Mulyama Aku nugemi ngendikamu, Ibu Nalika arep budhal sekolah Nyangking tas kebak buku Ngger, ngendikane pujangga winasis: Ngelmu iku kelakone kanthi laku, Lekase lawan kas Tegese kan nyantosani Setya budaya pengekese dur angkara.
Geguritan “Pepeling” ngambaharke ….
siswa kang patuh lan percaya marang ibune
babagan ngelmu kang kelakone kanthi laku
wong sugih nanging sumugih
siswa kang adigang, adigung, adiguna
Pacelathon iku kagiyatan ….
rembugane wong loro utawa luwih ngenani sawenehe bab
beda karo percakapan utawa dialog ing basa Indonesia
pangudarasane pawongan ngenani sawenehe bab
ing bahasa Indonesia diarani drama utawa teater
Ibu badhe ... pundi? Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ...
lungo
kesah
tindak
wangsul
Tembung wijik iku tegese ....
wisuh
mangan
adus
ngombe
Bapak : “Nduk, Cahya, tv kok murup nanging ora ana sing nonton?”
Cahya : “Kulo ingkang nyumurupi, Pak. Kulo ngentosi acara lomba masak.”
Bapak : “Yowes, menawa ora nonton di jabut wae.”
Cahya : “Inggih Bapak.”
Unggah-ungguh basa sing digunakake Cahya yaiku ....
basa krama
basa madya
basa gaul
basa ngoko
Kang diarani dhong dhing utawa guru lagu yaiku ....
tibaning swara ing pungkasaning gatra
cacahing wanda saben sagatra
cacahing larik saben sapada
cacahing lagu saben sapada
Isine tembang gambuh ing dhuwur iku yaiku ....
ora kena sinau
ora kena urip maju
golek banyu kanggo urip
padha sinau supaya entuk ilmu
Ilmu iku dianggep penting tumrap wong urip, amarga ....
ben urip tansah rekasa
supaya bisa ngalahke wong liyo
kanggo sangu urip supaya maju
mung kanggo pamer kapinteran
Pesen moral (amanat) utama kang kinandhut ing tembang kasebut yaiku
kudu sregep makarya ben urip kepenak.
senajan wis pinter kudu tetep andhap asor.
ilmu iku ora penting amarga nggawa sombong.
luwih becik golek bandha tinimbang elmu
Sandhangan swara iku cacahé ana ....
3
4
5
6
Tembung "sore" panulisan ing aksara jawa nggunakake sandhangan swara ....
wulu lan pepet
taling lan suku
taling lan pepet
taling tarung lan taling
Menawa ditulis latin unine ....
Negara kita Indonesia
Negara kita maju
Negara kita Satu
Negaraku maju
Tembung “Desa” yen ditulis aksara jawa yaiku ….
ꦢꦺꦱ
ꦢꦼꦱ
ꦢꦺꦱ
ꦢꦶꦱ
Jinising geguritan iku ana loro yaiku geguritan gagak lawas karo geguritan gagak anyar. Kang kalebu ciri – ciri geguritan gagak anyar yaiku ....
guru lagu kudu runtut
isine mentes
cacahe gatra lan pada ora katemtokake
cacahe wanda saben gatra utawa larik kudu ajeg
Supaya bisa maca geguritan kanthi bener lan apik kudu nggatekake ....
wirama kang trep isine geguritan
wicara utawa pangucapan sing cetho
kanthi nuladha solah bawah lan patrape liyan
tanpa nuladha solah bawah lan patrap
Mertamu kang becik yaiku solah bawah utawa tumindak nalika mertamu kang nganggo tatanan kanthi sopan lan santun. Tata cara mertamu kang becik yaiku ....
lungguh jegang
uluk salam utawa kulo nuwun
omong tanpa nganggo unggah ungguh
lungguh yeng sing duwe omah akon lungguh
Sing kalebu subasita nalika pacelathon yaiku ….
polatan tansah sumeb
disambi karo ngemil
nyawang pasuryane wong sepuh sing diajak guneman
madhep ora tolah – toleh
Tembang macapat kalebu perangane Tembang Jawa. Kang kalebu tembang macapat yaiku.
Dhandhanggula
Cublak-Cublak Suweng
Gambuh
Lir – Ilir
Tembang Gambuh nduweni watak ….
maringi pitutur utawa nasihat
anggenah – genahake
pepeling
asih tresna
Sakdurunge nulis aksara jawa iku diawali ngangga pengawal kalimat lan diakhiri ngangga tanda baca utawa titik. Ing ngisor iki kang kalebu tanda baca adeg – adeg lan pada lungsi yaiku ….
꧋
꧉
a. ꦂ
꧈
ꦢꦢꦶꦧꦧꦸ
Ukara ing dhuwur ngemut sandhangan swara ….
pangkon
cakra
wulu
suku
Ing ngisor iki sing kalebu jeneng kewan yaiku ….
ꦩꦼꦗ
ꦱꦥꦸ
ꦱꦥꦶ
ꦧꦪ
Ing ngisor iki sing kalebu jeneng woh–wohan yaiku ….
ꦱꦮꦺꦴ
ꦩꦺꦗ
ꦢꦸꦲꦸ
ꦱꦥꦸ
Wacanen geguritan ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakon !
"Mertamu ora mung nyambangi
nanging ngregani ati lan ngugemi tata krama."
Miturut panemumu, apa tegese larik geguritan kasebut? Coba jlentrehna !
Jlentrehna apa tegese tembung “Gambuh” ing tembang macapat lan sebutna sifate Tembang Gambuh!
Sebutna 3 tuladha srawung ing lingkungan sekolah utawa desa!
Tulisen tembung “mertamu” nganggo aksara Jawa kanthi bener!
Tulisen nganggo aksara latin!
