wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS Basa Jawa Kelas XI

Total questions: 40

Worksheet time: 1hrs 20mins

Name
Class
Date
1.

Jinise puisi Jawa modhern (gagrag anyar) sing panulisane ora kaiket anane paugeran-paugeran kaya ing tembang diarani ...

a)

parikan

b)

geguritan

c)

paribasan

d)

wangsalan

e)

cangkriman

2.

Kaendahan reriptan kang awujud geguritan kuwi dumunung ing ...

a)

Pilihane tembung sing angel dingerteni

b)

Nggunakake basa-basa Jawa kuna

c)

Wewujudane kudu manut paugeran

d)

Pilihane tembung kudu mentes lan mantesi

e)

Tata rakite ukara kudu nggunakake basa baku

3.

Sing diarani struktur teks geguritan yaiku ...

a)

pesen moral kang kinandhut ing sajroning geguritan

b)

unsur-unsur kang kudu ana ing sajroning teks geguritan

c)

tembung-tembung sing kudu digunakake jroning geguritan

d)

tatacarane negesi isine geguritan kanthi wutuh lan bener

e)

unsur-unsur kang bisa nyengkuyung tumrap isine geguritan

4.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur fisike geguritan yaiku ...

a)

tema

b)

sikepe panggurit

c)

pesen lan amanat

d)

gegambarane pancadriya

e)

penganggone wirama

5.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur batine geguritan yaiku ...

a)

pamilihing tembung

b)

penganggone baya bahasa

c)

perasaane panggurit

d)

penganggone wirama

e)

tatacarane nulis geguritan

6.

Kanggo ngerteni maksud lan isi sawijine geguritan bab-bab sing kudu dilakoni yaiku ...

a)

maca geguritan sing saakeh-akehe

b)

negesi tembung-tembung kang utama

c)

nulis (nyalin) geguritan ing kertas liya

d)

olehe maca geguritan kudu sing banter

e)

blajar gawe geguritan sing sedherhana wae

7.

Pitutur utawa piwulang apa wae sing kepengin diandharake dening panggurit marang pamaca lumantar geguritane diarani ...

a)

tema (underan)

b)

lelewane basa

c)

pesen lan amanat

d)

perasaane panggurit

e)

gegambarane pancadriya

8.

Upacara adat tingkeban utawa mitoni iku dianakake kanthi tujuwan kanggo ...

a)

ngirim arwahe para leluhur

b)

njaluk supaya diparingi udan

c)

ngurmati arwahe para leluhur

d)

keslametane calon jabang bayi

e)

ritual khusus tumraping wanita

9.

Jinise upacara adat ing ngisor iki sing ana gegayutane karo manungsa (wong) yaiku ...

a)

tedhak siten

b)

sedhekah bumi

c)

ruwatan

d)

suran

e)

nyadran

10.

Jinise upacara adat ing ngisor iki sing ana gegayutane karo alam yaiku ...

a)

brokohan

b)

sepasaran

c)

telonan

d)

nyadran

e)

tolak balak

11.

Jinise upacara adat ing ngisor iki sing ana gegayutane karo kapercayan yaiku ...

a)

ruwatan

b)

tingkeban

c)

selapanan

d)

tolak balak

e)

sedhekah bumi

12.

Jinise upacara adat sing tuluwane kanggo ngaturake rasya syukur sarta nyuwun pandonga slamet marang sakabehing warga desa diarani ...

a)

tedhak siten

b)

sedhekah bumi

c)

ruwatan

d)

nyadran

e)

selapanan

13.

Jinise upacara adat jawa kanggo mangayubagya kelairane si jabang bayi diarani ...

a)

tingkeban

b)

brokohan

c)

selapanan

d)

tedhak siten

e)

sepasaran

14.

Sawijine upacara sing dianakake tumrap bocah/wong sing dianggep sukerta (upamane bocah ontang anting, bocah sendhang kaapit pancuran, bocah kedhana-kedhini, lan sapanunggalane) yaiku ...

a)

ruwatan

b)

nyadran

c)

suran

d)

brokohan

e)

tolak balak

15.

Jroning tata urutan temu manten adat Jawa, nalikane manten lanang ngidak endhog pitik nganti pecah diarani upacara ...

a)

papag toya

b)

balang gantal

c)

wiji dadi

d)

bobot tmbang

e)

tanem jero

16.

Jroning tata urutan temu manten adat Jawa sing diarani upacara kacar-kucur yaiku ...

a)

manten lanang nyuntak beras kuning lan spanunggalane ing pangkone manten putri

b)

manten kekarone lungguh ing pangkone ingkang rama kanthi ditimbang bobote

c)

manten kekarone dituntun rama lan ibu menyang kwadhe sarana kaya digendhong

d)

manten kekarone padha salaman kang ditempukake dening sang pujangga jemuk

e)

ramalan ibu saka manten kekarone padha lungguh ing kursi sakiwa tengene penganten

17.

Jroning tata urutan lumakune upacara mitoni utawa tingkeban, ana sawijine kgiyatan siraman utawa adus mujudake simbol upacara kang tujuwane kanggo ...

a)

aweh tuntunan kabecikan marang tangga teparone

b)

panyuwunan muga-muga bayi sing lair bisa lancar

c)

ndedonga muga-muga bayi sing lair duwe sipat becik

d)

nggangsarake bayi sing lair ora ana alangan apa-apa

e)

ngresiki jiwa ragane sarta ngilangi sakabehing sukerta

18.

Sing diarani pranatacara yaiku ...

a)

wong sing lagi nindakake mbabar sawijine perkara

b)

wong sing tugase ngatur lumakune sawijine adicara

c)

reroncening adicara ing sawijining adicara tartamtu

d)

rantaman adicara sing kudu ditindakake ing pahrgyan

e)

wong sing jejibahane tukang nganakake pawiwahan

19.

Jroning madeg dadi pranatacara becike basa sing digunakake yaiku basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

dhialek

20.

Jroning nindakake pranatacara perangan kapisan kanggo miwiti sawijine adicara diarani ...

a)

pambuka

b)

pakurmatan

c)

wasana basa

d)

rantaman baku

e)

panutup

21.

Sing kudu diandharake dening pranatacara jroning pambuka yaiku ...

a)

atur panuwun marang kawigatene

b)

nyuwun ngapura yen ana kaluputan

c)

bakune adicara sing bakal ditindakake

d)

atur pakurmatan marang sing rawuh

e)

gawe dudutan bab sing diandharake

22.

Ing ngisor iki mujudake tujuwane wong medhar sabda, kejaba ...

a)

aweh pisungsum marang sing ngrungokake

b)

aweh ular-ular marang wong sing ngrungokake

c)

aweh panglipur marang sapa wae sing ngrungokake

d)

aweh daya pangaribawa marang sing ngrungokake

e)

aweh pangerten/kawruh marang sing ngrungokake

23.

Penganggone basa ing ngisor iki sing paling trep yaiku ...

a)

Ingkang panjenengan aturaken kalawu kula dereng mangertos

b)

Panjenengan kalawau sejatosipun rak sampun kula dhawuhi ta?

c)

Bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula nyuwun duka

d)

Nyuwun pangapunten anggen kula rawuh kalawau radi kasep!

e)

Kula wau nembe dhahar lan ngunjuk eyang. wonten dalemipun

24.

Yen kepengin dadi pranatacara apadene pamedharsabda sing becik saora-orane kudu ngerti anane ...

a)

olah rasa, olah swara, lan olah sastra

b)

olah swara, olah busana, lan olah sastra

c)

olah raga, olah wirama, lan olah rasa

d)

olah swara, olah kridha, lan olah busana

e)

olah basa, olah kridha, lan olah swara

25.

Jroning nindakake pranatacara apadene medhar sabda bab-bab sing kudu ditindakake yaiku ...

a)

becike ulate mbesengut wae

b)

swarane sing paling becik banter

c)

obahe awak kudu digawe-gawe

d)

bisa njumbuhake kahanan/swasana

e)

ora perlu nggatekake lagune swara

26.

Andharana upacara adat ing ngisor iki nganggo pangerten sing bener!

a)

Tingkeban

1.

Ibu mbobot umure wis ngancik 7 wulan

b)

Brokohan

2.

Mangayubagya kelairane si jabang bayi

c)

Pengantenan

3.

Pasangan sing arep mangun bale wisma

d)

Suran

4.

Dianakake saben tanggal 1 wulan sura

27.

Urutna tata kaleksanane upacara tedhak siten ing ngisor iki!

a)

Wong tuwo nenuntun bocah ing sandhuwure jadah

b)

Bocah tinuntun ngunggahi lan ngudhuni andha

c)

Bocah dilebokake ing kurungan pitik

d)

Nyebar dhuwit receh

e)

Bocah didus nganggo banyu kembang

1)
2)
3)
4)
5)
28.

Andharana upacara adat ing ngisor iki ana gegayutane karo wong, alam, utawa kapercayaan!

a)

Wong

1.

Barokahan

b)

Wong

2.

Slametane wong seda

c)

Alam

3.

Sedhekah bumi

d)

Alam

4.

Tolak balak

e)

Kapercayaan

5.

Suran

29.

Pasangno struktur teks ing ngisor iki nganti trep!

a)

Teks geguritan

1.

Struktur fisik lan struktur batin

b)

Teks Pranatacara

2.

Pambuka, bakune adicara, panutup

c)

Teks Tanggap Wacana

3.

Pambuka, isi, panutup

30.

Urutna babagan kang kudu diandharake dening pranatacara ing bagian pambuka kanti trep!

a)

Salam pambuka

b)

Atur pakurmatan marang sing padha rawuh

c)

Ngaturke rasa syukur marang Gusti

d)

Ngaturke panuwun marang kang kepareng rawuh

e)

Ngandharake karep minangka dadi pranatacara

1)
2)
3)
4)
5)
31.

Upacara telonan uga diarani …

(a)  

32.

Upacara adat nalika bayi umurlimang dina nganti seminggu nalikane bayi wis pupak puser diarani …

(a)  

33.

Upacara adat nalika bayi wis umur 35 dina diarani …

(a)  

34.

Upacara kanggo atur pakurmatan marang arwahe leluhur diarani …

(a)  

35.

Upacara adat nalika bayi umur pitung wulan diarani …

(a)  

36.

Sebutna apa wae kang kalebu struktur fisike geguritan!

4 lines
37.

Sebutna apa wae kang kalebu struktur batine geguritan!

4 lines
38.

Sebutna tujuwane upacara bersih desa!

4 lines
39.

Sebutna jinis-jinise upacara adat sing gegayutane karo alam!

4 lines
40.

Terangna tata urutane upacara mitoni!

4 lines