wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN PAS GANJIL BHS JAWA KELAS 7

Total questions: 88

Worksheet time: 3hrs 56mins

Name
Class
Date
1.

Padha Nyawiji


Ayo padha nyiwitji

tuwa mudha jaler estri

ayuk eka kapti

Bareng dha tumandang nyukupi

sandhang aja ana kang korupsi

yen padha korupsi negarane rugi kang sayekti


cakepan tembang ing dhuwur nggunakake basa rinengga ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

purwakanthi carita

2.

"Layohe prajurit wor suh lan kunarpane para pangeran lan raja wadyabala kurawa lan pandhawa".


Tembung layon lan kunapa tegese padha karo mayit.

Tembung kang padha tegese kaya tetembungan ing dhuwur diarani ...

a)

tembung saroja

b)

dasanama

c)

tembung enter

d)

tembung garba

3.
Basa Ngoko kang kacampuran tembung krama inggil utawa tembung krama andhap diarani ...
a)
basa ngoko lugu
b)
basa ngoko alus
c)
basa krama lugu
d)
basa krama alus
4.

"Mbak Risti, aku dikongkon Ibu menehne layang iki marang bu Minah,"


critane Lindha marang Risti, mbakyune Ucapane Lindha marang mbakyune mau kurang pas, amarga nganggo basa ngoko lugu.


Mestine kudu nganggo basa ngoko andhap/alus. Basa ngoko aluse dadi ...

a)

Mbak Risti, kula wau dipun kengken Ibu nyukakaken layang niki dhateng bu Minah

b)

Mbak Risti, kula kalawau dipunutus Ibu ngaturaken serat niki datheng bu Minah

c)

Mbak Risti, aku mau diutus Ibu ngaturake layang iki marang Bu Minah

d)

Mbak Risti, layang iki wenehna bu Minah

5.

Pak Warsito nate ngendika manawa panjenengane ora bakal kondur yen durung rampung pakaryane.


Yen diowahi dadi basa krama alus ...

a)

Pak Warsito natos ngendika manawi panjenenganipun boten badhe kondur manawi dereng rampung padamelanipun

b)

Pak Warsito natos sanjang manawi piyambakipun boten badhe wangsul manawi dereng rampung padamerlanipun

c)

Pak Warsito natos ngendika manawi piyambake boten badhe wangsul manaawi dereng rampung padamelanipun

d)

Pak Warsito nate ngendika manawi panjenegan dalem boten badhe kundur manawi dereng rampung padamelanipun

6.
Rakitan tetembungan kang runtut swarane diarani ...
a)
purwakanthi guru swara
b)
purwakanthi guru sastra
c)
purwakanthi guru lagu
d)
purwakanthi lumaksita
7.
Rakitane tetembungan kang runtut sastrane diarani ...
a)
purwakanthi guru swara
b)
purwakanthi guru sastra
c)
purwakanthi guru lagu
d)
purwakanthi lumaksita
8.
Rakitane tetembungan kang runtut basa/tembungane diarani ...
a)
purwakanthi guru swara
b)
purwakanthi guru sastra
c)
purwakanthi guru lagu
d)
purwakanthi lumaksita
9.
Ing ngisor iki tuladha purwakanthi guru swara, yaiku ...
a)
Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
b)
lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
c)
kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen klien kula
d)
Pak Karta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta patinh kertep liwat kreteg Kertasana
10.

Timun - munte - tela - landa - ndemok asu - sugih utang - tanggal siji - jimantolo - lopas lapis - pista raja - jaka bagus - gusti kula - lombok abang - bangku dhuwur - wura-wari - rina wengi - ngilo kaca - cara landa


tatembungan kasebut diarani ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi guru lagu

d)

purwakanthi lumaksita

11.
ukara-ukara ing ngisor iki nggunakake tembung katerangan yaiku ...
a)
kodoke wis mencolot
b)
Hadi dolanan neker
c)
kancamu pancen luwih pinter
d)
kowe muliho dolanan sing kok senengi
12.

Bu, sore mau aku diwenehi dhuwit dening simbah. Ukara kasebut iku kleru, dene benere yaiku …

a)

Bu, aku mau disukani dhuwit dening simbah sonten wau.

b)

Bu, kula wau sonten dipuncaosi dhuwit dening simbah.

c)

Bu, kula wau sore dipunsukani dhuwit dening simbah.

d)

Bu, sonten wau kula dipunparingi arta kaliyan simbah.

13.

Dhik, bapak mau lunga menyang ngendi? Ukara kasebut iku ora trep miturut unggah-ungguh, dene benere yaiku …

a)

Dhik, bapak wau kesah dhateng pundi?

b)

Dhik, bapak wau tindak dhateng pundi?

c)

Dhik, bapak wau kondur saking pundi?

d)

Dhik, bapak mau tindak menyang ngendi?

14.

Kowe mulih sekolah banjur kepethuk pakdhemu sing arep tindak sawah. Kepiye anggonmu aruh-aruh?

a)

Pakdhe badhe tindak sabin?

b)

Pakdhe saking tindak sabin?

c)

Arep menyang sawah apa piye Dhe?

d)

Wah, ajeng teng sabin ta Dhe?

15.

“Kados pundi kabaripun?”. Ukara iki lumrah diarani tata krama kanggo …

a)

njaluk ngapura

b)

atur panuwun

c)

sapa aruh

d)

tetepungan

16.

Nalika pamitan marang bapak sing bener menawa arep budhal sekolah yaiku …

a)

Pak, kula bidhal sekolah, nyuwun pangestunipun.

b)

Pak, kula tindak sekolah, nyuwun sangune.

c)

Pak, kula ajeng mangkat sekolah.

d)

Pak, kula badhe tindak sekolah.

17.

Perangane teks dheskripsi ana 2 yaiku...

a)

Orientasi, Resolusi

b)

Koda, Resolusi

c)

Resolusi, Dheskripsi bageyan

d)

Idhentifikasi, Dheskripsi bageyan

18.

teks sing menehi gambaran samubarang marang sing maca nganti sing maca kaya ngrasakake nyawang lan ngalami dhewe yaiku

a)

eksposisi

b)

dheskripsi

c)

narasi

d)

argumentasi

19.

Basa ngoko alus prayogane digunakake tumrap kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba…..

a)

Anak marang bapak lan ibune

b)

  Sedulur enom marang sedulur tuwa

c)

Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur

d)

Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan (amarga wis kulina)

20.

Basa karma alus prayogane digunakake tumrap kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba….

a)

   Anak marang bapak/ibune

b)

   Putu marang eyang/simbahe

c)

Murid marang gurune

d)

Bapak/ibu marang anak

21.

Swara A sajrone tembung Tekan kalebu swara...

a)

Jejeg

b)

Miring

22.

Swara O sajrone tembung Omah kalebu swara...

a)

Jejeg

b)

Miring

23.

Swara A sajrone tembung Omah kalebu swara...

a)

Jejeg

b)

Miring

24.

Swara O sajrone tembung Ote-Ote kalebu swara...

a)

Jejeg

b)

Miring

25.

Swara O sajrone tembung Sekolah kalebu swara...

a)

Jejeg

b)

Miring

26.

Swara I sajrone tembung Iwak kalebu swara...

a)

Jejeg

b)

Miring

27.

Gunung, kalebu jinis tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

28.

Angin, kalebu jinis tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

29.

Nyapu, kalebu jinis tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

30.

Sore, kalebu jinis tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

31.

Kowe, kalebu jinis tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

32.

Lan, kalebu jinis tembung...

a)

Panggandheng

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

33.

Nyekel, kalebu jinis tembung...

a)

Panggandheng

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

34.

Sinau, kalebu jinis tembung...

a)

Panggandheng

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

35.

Klambi, kalebu jinis tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

36.

Sumuk, kalebu jinis tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

37.

Ayu, kalebu jinis tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Katrangan

e)

Sesulih

38.

Yen, kalebu jinis tembung...

a)

Wilangan

b)

Kriya

c)

Panggandheng

d)

Katrangan

e)

Sesulih

39.

Bapak nitih sepedha motor, tembung nitih kalebu jinis tembung...

a)

Wilangan

b)

Kriya

c)

Panggandheng

d)

Katrangan

e)

Sesulih

40.

Bapak nitih sepedha motor, tembung sepedha motor kalebu jinis tembung...

a)

Wilangan

b)

Kriya

c)

Panggandheng

d)

Katrangan

e)

Aran

41.

Ibu mundhut gendhis kathah, tembung mundhut kalebu jinis tembung...

a)

Wilangan

b)

Kriya

c)

Panggandheng

d)

Katrangan

e)

Aran

42.

Ibu mundhut gendhis kathah, tembung gendhis kalebu jinis tembung...

a)

Wilangan

b)

Kriya

c)

Panggandheng

d)

Katrangan

e)

Aran

43.

Mbak e ngombe teh anget sagelas, tembung sa gelas kalebu jinis tembung...

a)

Wilangan

b)

Sesulih

c)

Panggandheng

d)

Kriya

e)

Kahanan

44.

Mbak e ngombe teh anget, tembung anget kalebu jinis tembung...

a)

Wilangan

b)

Sesulih

c)

Panggandheng

d)

Kriya

e)

Kahanan

45.

Wis ora sabar aku ngenteni bel mulih, swara I sajrone tembung mulih kalebu swara...

a)

jejeg

b)

Miring

46.

Wis ora sabar aku ngenteni bel mulih, swara O sajrone tembung ora kalebu swara...

a)

jejeg

b)

Miring

47.

Klambiku keciliken mulane wis ora sedheng dienggo.

Tembung lingga ing ukara mau yaiku ....

a)

klambiku

b)

keciliken

c)

mulane

d)

sedheng

48.

Klambiku keciliken mulane wis ora sedheng dienggo.

Tembung andhahan ing ukara mau amarga diwenehi wuwuhan ater-ater yaiku ana ing tembung ....

a)

klambiku

b)

keciliken

c)

mulane

d)

dienggo

49.

Simbah tindak didherekake putune.

Tembung andhahan sing entuk wuwuhan ater-ater lan panambang yaiku ....

a)

simbah

b)

tindak

c)

didherekake

d)

putune

50.

Malming ngene iki penake dolan menyang warkop, sanajan lagi thongpes sing penting seneng.

Tembung andhahan amarga dicambor kaya sing disebutake ing ngisor iki, kajaba ....

a)

malming

b)

warkop

c)

thongpes

d)

seneng

51.

Malming ngene iki penake dolan menyang warkop, sanajan lagi thongpes sing penting seneng.

Tembung Camboran ing ukara mau jinise ...

a)

camboran utuh

b)

camboran tugel

c)

dwiwasana

d)

dwipurwa

52.

Malming ngene iki penake dolan menyang warkop, sanajan lagi thongpes sing penting bisa nyruput kopi tubruk.

Tembung Camboran sing tegese ora duwe dhuwit yaiku ....

a)

Malming

b)

warkop

c)

thongpes

d)

kopi tubruk

53.

Malming ngene iki penake dolan menyang warkop, sanajan lagi thongpes sing penting bisa nyruput kopi tubruk.

Sing kalebu tuladhane camboran utuh yaiku ....

a)

Malming

b)

warkop

c)

thongpes

d)

kopi tubruk

54.

Tembung - tembung ing ngisor iki endi sing kalebu tembung lingga?

a)

tulis

b)

nulis

c)

tulisan

d)

tulisna

55.

Tembung - tembung ing ngisor iki endi sing kalebu tembung andhahan?

a)

goreng

b)

gambare

c)

gegem

d)

gawe

56.

Tembung linggane "nyuweki" yaiku ....

a)

nyuwek

b)

cuwek

c)

suwek

d)

suweki

57.

Mukson digawa maring dokter amarga awake panas awit bengi.


Saka ukara ndhuwur endi sing kalebu tembung andhahan?

a)

maring, awake

b)

bengi, awake

c)

digawa, awake

d)

digawa, maring

58.

Tembung linggane "pasrawungan" yaiku ...

a)

pasrah

b)

wungan

c)

rawu

d)

srawung

59.

Tembung "sapu" yen oleh ater- ater anuswara owah dadi ....

a)

disapu

b)

koksapu

c)

nyapu

d)

sapu- sapu

60.

Tembung "mlayu" yen oleh pangrimbag dwi lingga salin swara dadi ....

a)

mlayu- mlayu

b)

mloya- mlayu

c)

playon

d)

ployan- playon

61.

RADEN AJENG KARTINI

Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.

Ukara kasebut kalebu struktur teks profil tokoh bagean .....

a)

Idhentifikasi

b)

Orientasi

c)

Prastawa

d)

Reorientasi

62.

Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ing pasinaon piyambake klebu murid sing sregep. Sasuwene sinau ing ELS uga nyinaoni basa Walanda, mula Raden Ajeng Kartini bisa nguwasani basa Walanda kanthi becik. Nanging emane, sawise umur 12 taun Kartini kudu ninggalake pamulangan, jalaran kudu dipingit. Raden Ajeng Kartini nelangsa banget. Arep nulak ora wani, piyambake wedi diarani ora ngerti adat. Kabeh mau dilakoni kanthi susahing ati.

Adhedhasar teks kasebut ing umur 12 taun R.A Kartini ninggalake pamulangan lan ora bisa nulak kekarepane wong tuwane amarga …..

a)

Piyambake kudu dipingit

b)

Piyambake dadi kanca wingking

c)

Piyambake wedi diarani ora ngerti adat

d)

Piyambake ngrasa dina-dinane sepi

63.

Teks profil tokoh uga bisa diarani teks .....

a)

Autobiografi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Biografi

64.

Bagean sing ngandharake pamawas(pendapat) panulis marang tokoh sing dicritakake diarani .....

a)

Reorientasi

b)

Orientasi

c)

Idhentifikasi

d)

Prastawa

65.

Tembung loro utawa luwih dienggo bebarengan, lan nuwuhake teges anyar, diarani tembung .....

a)

Camboran

b)

Lingga

c)

Entar

d)

Saroja

66.

Geter raosipun manah

swara para janma tansah jejerit

sakabehe wus kagulung

murka aneng samudra

tirta lan samirana samya gumulung

amung bisa andedonga

kamilawase mring gusti


tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ...

a)

gambuh

b)

pucung

c)

asmardhana

d)

pangkur

67.

Geter raosipun manah

swara para janma tansah jejerit

sakabehe wus kagulung

murka aneng samudra

tirta lan samirana samya gumulung

amung bisa andedonga

kamilawase mring gusti


tembang macapat ing dhuwur nyitakake babagan ...

a)

banjir

b)

longsor

c)

tsunami

d)

gunung jeblug

68.

tembang puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tertentu diarani ...

a)

macapat

b)

langgam

c)

geguritan

d)

sesorah

69.

wingi iki kahanan kok sepi mamring. Tembung kang diwenehi garis bawah kalebu tembung ...

a)

tembung entar

b)

tembung saroja

c)

tembung garba

d)

tembung kawi

70.

Basa ngoko lugu digunakake sapa marang sapa

a)

Anak marang wong tuwane

b)

Murid marang gurune

c)

Karo kancane kang wis kulina.

d)

Kawula marang ratune

71.

Gagah prakosa, sakti mandraguna, arum wangi, kalebu wernane :…

a)

Tembung entar

b)

Paribasan

c)

Tembung saroja

d)

Purwakanthi

72.

Tembung saroja yaiku : ...

a)

Tembung sing duwe teges ora salugune

b)

Tembung loro sing padha tegese utawa meh padha digandheng mawa teges mbangetake.

c)

Tembung loro sing beda tegese digandheng nduweni teges siji

d)

Tembung beda wujude lan ucapane nanging padha tegese

73.

Yen ditulis aksara latin

a)

Adhiku loro

b)

Adiku lara

c)

Adhiku lara

d)

Adhiku sapa

74.

Yen ditulis nganggo aksara latin

a)

Prasaja

b)

Prasetya

c)

Prastawa

d)

Pramuka

75.

Macan putih, Yen ditulis aksara Jawa ...

a)
b)
c)
d)
76.

Ing ngisor iki sing ora kalebu struktur batin teks geguritan :

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Swasana

d)

Purwakanthi

77.

Tuladha tembung entar ...

a)

kaca mata

b)

gagah prakosa

c)

ngabangake kuping

d)

jungkir walik

78.

Aksara Jawa kasebut yen ditulis nganggo aksara Latin, yaiku...

a)

Seneng maca buku.

b)

Iku senengane maca buku.

c)

Aku seneng maca buku.

d)

Sapa seneng maca?

79.

1. Tembung loro sing tegese padha tegese dienggo bareng kanggo mbangetake diarani...

a)

Saroja

b)

Entar

c)

Camboran

d)

Kawi

80.

1. Gagah prakosa iku kalebu tembung...

a)

Saroja

b)

Entar

c)

Camboran

d)

Kawi

81.

4.Tembung camboran iku diperang dadi...

a)

Telu

b)

Loro

c)

Papat

d)

Lima

82.

5.Tembung silihan sing tegese dudu teges samesthine diarani tembung ...

a)

Saroja

b)

Camboran

c)

Lingga

d)

Entar

83.

7. Bocah kuwi seneng ngabangake kuping. Ngabangake kuping tegese...

a)

Kupinge dadi abang

b)

Kupinge getihen

c)

Kupinge kabangen

d)

Nggawe nesu

84.

8. Ing ngisor iki sing kalebu tembung camboran tugel yaiku...

a)

Siswa-siswi

b)

Pakdhe

c)

Enom tuwa

d)

Gedhe cilik

85.

10.Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...

a)

Mas Bagas awake gagah prakosa

b)

Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon

c)

Sela ora disenengi kanca-kancane amarga dawa tangane

d)

Adik seneng nggawe klambi werna bangjo

86.

Wong sing wegah nyambut gawe mesti rekasa uripe. Tembung entar saka wegah nyambut gawe yaiku ...

a)

padhang pikire

b)

rupak atine

c)

ngekep dhengkul

d)

luhur budhine

87.

Amarga wegah latihan, anggone lomba ora oleh apa-apa. Tembung entar saka ora oleh apa-apa yaiku ...

a)

ngemut driji

b)

puput yuswa

c)

ngekep dhengkul

d)

dawa tangane

88.

Wong sing seneng mabuk mesthi gelis matine. Ukara kang dicetak miring tembung entar yaiku ....

a)

cendhak umure

b)

puput yuswa

c)

luhur derajate

d)

luhur budine