wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

B. Jawa bab 3 (paribasan, bebasan, Saloka)

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Ungkapan ing basa Jawa kang ora nduwe teges entar (kiasan) lan ora ngandhut pengandaian diarani ....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

panyandra

2.

Ungkapan ing basa Jawa kang ngandhut teges entar (makna kiasan) lan ngandhut pepindhan utawa pengandaian, utawa ngibaratake kahanan utawa sifate manungsa diarani ....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Panyandra

3.

Unen-unen ngisor iki sing kalebu bebasan yaiku ....

a)

Ngubak-ngubak banyu bening

b)

cecak nguntal empyak

c)

Kacang ora ninggal lanjaran

d)

becik ketitik ala ketara

4.

Tegese 'Aji godhong jati garing' yaiku ....

a)

wong sing asor banget, ora ana ajine

b)

wong sing ora iso nyimpen rahasia

c)

wong sing elu-elu, sejatine ora ngerti tujuwane

d)

wong sing uripe tansah kuwatir

5.

Dadi wong tuwa iku ora kena ....., kabeh anak padha wae ora kena dibedak-bedakake.

a)

abang-abang lambe

b)

emban cindhe, emban siladan

c)

ketula-tula ketali

d)

criwis cawis

6.

Ungkapan 'Sapa sing nandur, bakal ngundhuh' nuduhake teges ....

a)

apa sing ditindakake bakal entuk akibat

b)

kabeh usaha ora ana gunane

c)

kita kudu sabar ing ngadhepi masalah

d)

kita kudu ngormati wong tuwa

7.

Titikane:

  1. 1. Ajeg panggonane

  2. 2. mawa teges entar

  3. 3. ngemu surasa pepindhan

  4. 4. ngemu surasa wantah

  5. 5. dipinhakake kewan utawa tetuwuhan/sipate manungsa

Kang kalebu titikane bebasan tinulis ing angka ....

a)

1,2,3,5

b)

1,2,3,4

c)

2,3,4,5

d)

1,2,4,5

8.

Yen wis watake arep kepriye maneh, angel diowahi. Paribasane ....

a)

sabar subur tlaten panen

b)

gemi setiti ngati-ati

c)

Ciri wanci lelewa ginawa mati

d)

becik ketitik ala ketara

9.

Iwak klebu ing wuwu, unen-unen iki klebu jinise ....

a)

Saloka

b)

Paribasan

c)

Bebasan

d)

Parikan

10.

Unen-unen ing ngisor iki kang kalebu saloka yaiku ....

a)

jagakake endhoge si blorok

b)

Cebol nggayuh lintang

c)

Rubuh-rubuh gedhang

d)

bathok bolu isi madu

11.

bocah iku isih ..... , biasane mung ela-elu thok sebenere ora ngerti apa-apa. Unen-unen kang mathuk kanggo njangkepi ukara kwi mau yaiku ....

a)

rubuh-rubuh gedhang

b)

sandhing kebo gupak

c)

anggenthong umos

d)

kocak tandha lukak

12.

wah, lha kok .... ngono lak ya kakehan metune tinimbang pemasukane.

Unen-unen kang pas kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku ....

a)

kegedhen empyak kurang cagak

b)

palang mangan tandur

c)

kebo nusu gudel

d)

gajah ngidak rapah

13.
  1. 1. Ana catur mungkur

  2. 2. Golek banyu bening

  3. 3. Ancik-ancik pucuking eri

  4. 4. Baladewa ilang gapite

Unen-unek ing dhuwur kang kalebu paribasan yaiku ....

a)

1 lan 2

b)

2 lan 3

c)

3 lan 4

d)

4 lan 1

14.

Ungkapan 'Kacang ora ninggal lanjaran' nuduhake teges ....

a)

ora bisa lali karo asal-usule

b)

kita kudu sabar ing ngadhepi masalah

c)

kita kudu ngormati wong tuwa

d)

apa sing ditindakake bakal entuk akibat

15.

Kudune ya ....., yen kepingin mukti ya ragadana.

Unen-unen kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku ....

a)

Jerbasuki mawa beya

b)

adhang-adhang tetese

c)

asu rebutan balung

d)

golek banyu bening