wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PSAS 1 BASA JAWA

Total questions: 53

Worksheet time: 58mins

Name
Class
Date
1.

Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....

a)

Geguritan

b)

Paribasan

c)

Pantun

d)

Tembung

2.

Nalika penulis ngarang teks geguritan miwit kanthi netepake ....

a)

Tema karangan

b)

Judul karangan

c)

Isi karangan

d)

Kesimpulan karangan

3.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

4.

Tema geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun ing keluarga

b)

Guyub rukun ing sekolah

c)

Guyub rukun ing lingkungan

d)

Guyub rukun ing masyarakat

5.

Para murid ngelakoni kerja bakti ngeresiki sekolahan ing dina ....

a)

Jumat asri

b)

Sabtu asri

c)

Minggu asri

d)

Senin asri

6.

Salah sijine struktur teks geguritan yaiku ....

a)

Patrap

b)

Nyawiji

c)

Sarana

d)

Larik

7.

Kumpulan larik kang selaras diarani ....

a)

Bait

b)

Tembung

c)

Larik

d)

Irah-irahan

8.

Wirama yaiku ....

a)

Kumpulan larik kang selaras

b)

Tujuane penulis gawe geguritan

c)

Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake

d)

Tembung seng ora sebenere

9.

Parafrase yaiku ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud ....

a)

Tembang / lagu

b)

Gambar

c)

Prosa / cerita

d)

Diagram

10.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

11.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....

a)

Bisa ngarang

b)

Pinter nembang

c)

Ngerti pengarange

d)

Paham isine

12.

Apa wae kang ndukung supaya anggone maca geguritan tambah enak diperlukno ....

a)

Sarana

b)

Nyawiji

c)

Olah vokal

d)

Patrap

13.

Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....

a)

Wirama

b)

Purwakanthi

c)

Surasa

d)

Sastra

14.

Tema geguritan bisa ditemoake kanthi cara ....

a)

Ngerungokno kanthi saksama

b)

Ngerungokno kanthi ngomong

c)

Maca geguritan kang titi

d)

Maca kanthi ngomong

15.

Nalika maca geguritan swarane kudu ....

a)

Lirih

b)

Banter

c)

Rodok banter

d)

Banter terus

16.

Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang ....

a)

Mentes lan mantesi

b)

Lumrah digunake

c)

Angel dingerteni

d)

Ora tau digunakake

17.

“Nerangake guyub rukune kulawarga iku kena kanggo tepa tuladha” yaiku termasuk bagian .... ing geguritan

a)

Surasa / makna

b)

Larik

c)

Pada / bait

d)

Tembung

18.

Rukun dhuweni arti ....

a)

Urip tukar padu

b)

Urip sing selaras

c)

Greget tumindhak bebarengan

d)

Greget mulane ora tumindhak

19.

Kara kanca aja seneng .... ben ora didohi kancane

a)

Bebarengan

b)

Gotong royong

c)

Rukun

d)

Drengki

20.

Yen isine geguritane bab semangat polatane sing maca kudu ....

a)

Lemes

b)

Sedih

c)

Teges

d)

Seneng

21.

Pandhawa tegese yaiku

a)

Anak 5 lanang kabeh

b)

Anak 5 wadun kabeh

c)

Anak mbarep

d)

Anak wuragil

22.

Prabu Pandhu Dewanata kagungan garwa cacah 2. Tembung garwa nduwe teges

a)

Bojo

b)

Anak

c)

Paman

d)

Simbah

23.

Ing Pandhawa sing cacah 5, panengah iku anak nomer

a)

Siji

b)

Loro

c)

Telu

d)

Papat

24.

Ana pandhawa sing kembar, asmane yaiku

a)

Nakula-Sadewa

b)

Puntadewa-Yudhistira

c)

Arjuna-Nakula

d)

Arjuna-Sadewa

25.

Puntadewa iku putra . . . . Pandhawa

a)

Pambarep

b)

Panenggak

c)

Panengah

d)

Wuragil

26.

Puntadewa yen kagungan apa wae, banjur dijaluk bakalan diwenehake. Watak kanggo nggambarake ukara ing ndhuwur yaiku

a)

Jujur

b)

Lila legawa

c)

Wicaksana

d)

Seneng ngalah

27.

Puntadewa nalika perang, didhawuhi goroh marang Prabu Kresna nanging ora gelem. Sahingga Puntadewa nduweni sipat

a)

Wicaksana

b)

Lila legawa

c)

Lembah manah

d)

Jujur

28.

Gambar wayang ing iki arane

a)

Werkudara

b)

Puntadewa

c)

Arjuna

d)

Sadewa

29.

Puntadewa nalika perang, didhawuhi goroh marang Prabu Kresna kanggo kamenangan nanging ora gelem, banjur diarani ludira seta utawa duwe getih putih.

Saka penggalan crita ing dhuwur, Puntadewa diarani ludira seta amarga

a)

Jujur

b)

Wicaksana

c)

Sabar

d)

Lembah manah

30.

Puntadewa dasanamane yaiku Gunatalikrama, Yudhistira, Darmakusuma, Darmawangsa.

Saka ukara ing dhuwur, dasanama tegese padha karo

a)

Papan liya

b)

Jeneng sedulure

c)

Jeneng adhine

d)

Jeneng liya

31.

Punakawan iku kalebu paraga ing crita wayang sing asalé saka budaya...

a)

Bali

b)

Jawa

c)

Sunda

d)

Madura

32.

Tokoh Punakawan sing dikenal minangka bapaké lan wicaksana yaiku...

a)

Gareng

b)

Petruk

c)

Bagong

d)

Semar

33.

Gareng nduwé ciri fisik...

a)

Dawa kumisé

b)

Cekelak tangané

c)

Gembul awaké

d)

Buta mata

34.

Petruk iku anaké Semar sing nomer...

a)

Pisan

b)

Kalih

c)

Telu

d)

Papat

35.

Bagong nduwé sifat utama yaiku...

a)

Lucu lan nakal

b)

Sabar lan jujur

c)

Pinter lan sombong

d)

Kuat lan galak

36.

Punakawan biasané dadi abdi para...

a)

Raja

b)

Satria

c)

Ratu

d)

Brahmana

37.

Ing crita wayang, Punakawan asring nggunakaké basa...

a)

Krama inggil

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko lugu

d)

Basa Indonesia

38.

Semar iku jeneng liya saka...

a)

Ki Lurah

b)

Sang Hyang Ismaya

c)

Begawan Abiyasa

d)

Resi Bisma

39.

Ing wayang kulit, Punakawan asring muncul ing adegan...

a)

Perang

b)

Pathet

c)

Goro-goro

d)

Jejer

40.

Gareng, Petruk, lan Bagong iku sedulur...

a)

Sedulur sepupu

b)

Sedulur angkat

c)

Sedulur kandhung

d)

Sedulur tiri

41.

Sifat sing paling penting saka Semar yaiku...

a)

Lucu

b)

Wicaksana

c)

Nakal

d)

Kuat

42.

Punakawan ngemot filosofi Jawa yaiku "manunggaling..."

a)

Kawula gusti

b)

Satria lan raja

c)

Wong cilik lan priyayi

d)

Dewa lan manungsa

43.

Pesen moral saka Punakawan yaiku kudu...

a)

Saling tulung lan nrima ing pandum

b)

Seneng perang lan rebutan

c)

Ndhuwurke wong sugih

d)

Ngina wong miskin

44.

Gambar wayang iki arane sapa?

a)

Ramayana

b)

Punakawan

c)

Pandhawa Lima

d)

Rahwana

45.

Yusdhistira yaiku putra mbarep Pandu Dewanata. Tembung mbarep tegese yaiku?

a)

Pertama

b)

Keloro

c)

Ketelu

d)

Kepapat

46.

Nakula lan Sadewa iku putrane Dewi ...

a)

Sinta

b)

Kunthi

c)

Madrim

d)

Drupadi

47.

Gaman iku tegese senjata. Gaman saka Raden Arjuna yaiku...

a)

Kuku Pancanaka

b)

Panah Pasopati

c)

Nujum

d)

Jimat Kalimasada

48.

Apa sebabe Nakula lan Sadewa diopeni Dewi Kunthi?

a)

Amarga Dewi Madrim seda

b)

Amarga kepengin bareng-bareng sedulure

c)

Amarga kepengin bebas

d)

Amarga ora betah ana ing omah

49.

Pandawa cacahe ana ...

a)

Papat

b)

Telu

c)

Enem

d)

Lima

50.

Pandawa iku tegese ...

a)

Sedulur lima lanang kabeh

b)

Sedulur enem lanang kabeh

c)

Sedulur papat lanang kabeh

d)

Sedulur telu lanang kabeh

51.

Wayang Pandhawa ing gambar iki yaiku...

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Nakula

d)

Puntadewa

52.

Sedulure Pandhawa sing duwe watak ala yaiku...

a)

Puntadewa

b)

Bima

c)

Kurawa

d)

Arjuna

53.

Pandawa manggon ing nagara ...

a)

Jodhipati

b)

Astina

c)

Tinjomoyo

d)

Sawojajar