wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMIDI ASAS KELAS 6

Total questions: 30

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Pawarta ditulis adhedhasar imajinasi utawa nglamun penulise.

a)

Bener

b)

Luput

2.

Pariwara kuwi ateges iklan

a)

Bener

b)

Luput

3.

Tujuwan utawa ancas utama pariwara yaiku ngundang perhatian lan ngajak wong supaya kepincut.

a)

Bener

b)

Luput

4.

Pawarta kuwi ateges berita

a)

Bener

b)

Luput

5.

Tuladha pariwara yaiku berita kedadeyan banjir.

a)

Bener

b)

Luput

6.

Teks persuasi yaiku teks sing tujuwane ngajak utawa nyengkuyung wong liya supaya nindakake sawijining bab.

a)

Bener

b)

Luput

7.

Becik ketitik ala ketara kuwi salah sijine tuladha paribasan.

a)

Bener

b)

Luput

8.

Tembang dhandhanggula yaiku tembang macapat kang duweni gatra (larik) paling sithik

a)

Bener

b)

Luput

9.

Tembang macapat kang nggambarake nalika wayah manungsa isih ana ing njero wetenge ibu yaiku ....

a)

Pocung

b)

Durma

c)

Pangkur

d)

Maskumambang

10.

Tembang macapat yaiku salah siji karya sastra Jawa kang awujud ….

a)

campursari

b)

geguritan

c)

puisi kang ditembangne

d)

langgam

11.

Tembang macapat pocung guru gatrane ana ....

a)

4

b)

10

c)

8

d)

7

12.

Tembang macapat kang nggambarake urip kang lagi legi-legine utawa kepenak amarga sakabehe gegayuhan wis kajangka yaiku .....

a)

sinom

b)

dhandhanggula

c)

pangkur

d)

pocung

13.

Wacanen kanthi setiti!

Pangkur

Satuhune pawiyatan,

Papan kanggo nggulawenthah pakerti,

Pakerti ingkang linuhung,

Ngerti ing tata krama,

Sarta papan kanggo medharake ngelmu,

Ngelmu becik lan utama, Wigati lan migunani.

Tembang Pangkur ing dhuwur dumadi saka … gatra

a)

6

b)

8

c)

7

d)

9

14.

Wacanen kanthi setiti!

Pangkur

Satuhune pawiyatan,

Papan kanggo nggulawenthah pakerti,

Pakerti ingkang linuhung,

Ngerti ing tata krama,

Sarta papan kanggo medharake ngelmu,

Ngelmu becik lan utama, Wigati lan migunani.

Satuhune pawiyatan. Tembung “satuhune” tegese ….

a)

satemene

b)

sabanjure

c)

kuwajibane

d)

kagunane

15.

Wacanen kanthi setiti!

Pangkur

Satuhune pawiyatan,

Papan kanggo nggulawenthah pakerti,

Pakerti ingkang linuhung,

Ngerti ing tata krama,

Sarta papan kanggo medharake ngelmu,

Ngelmu becik lan utama, Wigati lan migunani.

Tembung “nggulawentah” tegese ….

a)

nglakoni

b)

nggoleki

c)

ngopeni

d)

nyeneni

16.

Wong tuwa sing nemu reribet merga saka polahe anak, mujudake tegese saka unen-unen ....

a)

yitna yuwana lena kena

b)

mikul dhuwur mendhem jero

c)

emban cindhe emban siladan

d)

anak polah bapa kepradhah

17.

Ing ngisor iki sing dadi titikan teks persuasi yaiku ….

a)

ngandharake samubarang sing dianggep penting

b)

ngandharake kedadeyan kang nyata (fakta)

c)

isine ngengajak lan ngeyakinake marang wong liya

d)

isine tetembungan bisa nuwuhake rasa semangat

18.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa krama lugu yaiku ….

a)

Dhik Ani badhe kesah dhateng Malang

b)

Bapak sampun kondur saking kantor

c)

Sinten ingkang mbekta sepedha kula niki wau?

d)

Pak guru boten rawuh amargi gerah

19.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung krama madya yaiku ….

a)

dhahar

b)

dugi

c)

gadhah

d)

rawuh

20.

Paugeran tembang macapat ana telu yaiku ….

a)

guru wanda

b)

guru lagu

c)

guru wilangan

d)

guru gatra

21.

Supaya bisa nerangake isine tembang macapat, bab sing kudu dilakoni yaiku ….

a)

nerangake karepe ukara

b)

bisa ngarang tembung manut paugeran

c)

ngudhari tegese tembung sing angel

d)

nerangake tembung-tembung utama

22.

Tibaning swara ing pungaksane gatra diarani ….

a)

dhong-ding

b)

guru lagu

c)

purwakanthi

d)

guru wilangan

23.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu bebasan yaiku ….

a)

Legan golek momongan.

b)

Ketapang ngrangsang gunung.

c)

Yuyu rumpung mbarong ronge.

d)

Lambe satumang kari samerang.

24.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu saloka yaiku ….

a)

Kebo kabotan sungu

b)

Mburu uceng kelangan dheleg

c)

Ancik-ancik pucuke eri

d)

Ula marani gepuk

25.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung krama inggil yaiku ….

a)

dhahar

b)

sare

c)

wangsul

d)

kagungan

26.

Krama inggile tembung "mulih"

gaweya hurup cilik anggenmu mangsuli!

(a)  

27.

Krama inggile tembung "teka" yaiku (a)  

gaweya hurup cilik anggenmu mangsuli!

28.

krama madyane tembung "duwe"

gaweya hurup cilik anggenmu mangsuli!

(a)  

29.

krama madyane tembung "ndelok" yaiku

gaweya hurup cilik anggenmu mangsuli!

(a)  

30.

krama inggile tembung "gawa" yaiku (a)  

wangsulana kanthi nggunakake hurup cilik