Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Bab 4 Kelas 5

Total questions: 20

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Nora weruh rosing rasa kang rinuruh

Lumeketing angga

Anggere padha marsudi

Kana kene kaanane nora beda

Cacahe guru wilangan ing gatra telu yaiku ...

a)

13

b)

8

c)

6

d)

10

2.

Cacahe wanda saben sagatra yaiku …

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

tembang macapat

3.

Pucung iku jenenge tembang, kalebu tembang ….

a)

Dolanan

b)

Gedhe

c)

Tengahan

d)

Macapat

4.

Tegese guru gatra yaiku ….

a)

Cacahing gatra ing saben sapada

b)

Cacahing wanda ing saben gatra

c)

Tibaning swara ing pungkasaning gatra

d)

Cacahing huruf ing saben sagatra

5.

Ana weling, saka bapa kalih biyung

Aja seneng lunga

Jomeneh lungane wengi

Yen dilanggar cah ayu iku bebaya

Tembang pucung ing nduwur iku ngandung tema ...

a)

Pendidikan

b)

Agama

c)

Tatakrama

d)

Pengetahuan

6.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Sing disaba si pucung mung turut kutha

Tembang pocung iso digawe cangkriman. Coba bedheken cangkriman ing nduwur iku ....

a)

sepur

b)

gunting

c)

kalung

d)

gelang

7.

Watake tembung sinom iku ....

a)

seneng

b)

galak

c)

grapyak

d)

sakepenake

8.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Sabamu ing sebrang

Ngon-ingone pak bupati

Yen lumaku si pucung lambeyan grana.

Batangane tembang ing nduwur yaiku ....

a)

Gajah

b)

Banyak

c)

Bebek

d)

Semut

9.

12u, 6a, 8i, 12a iku pathokan kanggo tembang ....

a)

Pucung

b)

Maskumambang

c)

Mijil

d)

Kinanthi

10.

Guru gatrane tembang Mijil yoiku ....

a)

4

b)

6

c)

7

d)

5

11.

Pangkur

Mingkar mingkuring angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji

Tembang Pangkur dhuwur iku ana … pada.

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

12.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

13.

Tembung macapat tegese ...

a)

Maca papat-papat

b)

Maca cepat-cepat

c)

Maca seprapat

d)

Maca

14.

Tembang macapat iki asale saka tembung sing nuduhake kahanane wong sing wis seda, sing bakal dibungkus kain kafan iku diarani ...

a)

durna

b)

sinom

c)

pucung

d)

pangkur

15.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara

Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Yen urip kudu ngati-ati

b)

Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung

c)

Dadi wong kudu seneng golek gegara

d)

Yen urip iku kudu guyub rukun

16.

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

tanpa tutur katula-tula katali

kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon.

Guru gatrane tembang ing dhuwur , ana pira?

a)

4 gatra

b)

5 gatra

c)

6 gatra

d)

7 gatra

17.

samengko ingsun tutur,

sembah catur supaya lumuntur,

dhingin raga cipta jiwa rasa kaki,

ing kana lamun tinemu,

tandha nugrahaning Manon.

Tembang ing dhuwur kalebu jinis tembang macapat?

a)

sinom

b)

pangkur

c)

gambuh

d)

durma

18.

Titikane tenbang gambuh, yaiku ...

a)

7u, 11o, 12i, 8o, 8u

b)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

c)

7u, 10u, 11i, 8u, 8o

d)

7u, 12u, 11i, 8u, 8u

19.

Puisi tradhisionaal Jawa kang awujud tembang jalaran carane maca sarana kudu ditembangake (dilagokake) diarani tembang ...

a)

gedhe

b)

macapat

c)

tengahan

d)

dolanan

20.

Dhong-dhinge (tibane swara) ing saben pungkasane gatra jroning tembang macapat diarani ...

a)

guru gatra

b)

guru wanda

c)

guru lagu

d)

guru wilangan