wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS BHS JAWA KLS 9 SEM 1

Total questions: 84

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Ketoprak lan ludruk mujudake saperangan kesenian tradisional kang isih urip lan ngrembaka ing masyarakat Jawa. Ketoprak ngalami jaman kencana rukmi watara tahun 1950 ing ....

a)

Surabaya

b)

Madiun

c)

Ngayogyakarta Hadiningrat

d)

Kalimantan

2.

Crita ketoprak akeh banget upamane crita rakyat, babad, legendha, sejarah lan adhaptasi saka negara manca kang diowahi nggunakake swasana Jawa lan Indonesia. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane crita adaptasi saka negara manca yaiku....

a)

ande-ande lumut

b)

Damarwulan

c)

Ranggalawe

d)

Sampek Eng Tay

3.
  1. Struktur teka drama tradisional dumadi saka :

  2. 1. Tema

  3. 2. Alur

  4. 3. Setting

  5. 4. Penokohan

  6. 5. Amanat

  7. Sing nerangake gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar. Dumadi saka gegambaraning panggonan, gegambaran waktu, lan gegambaran swasana nalika prastawa dumadi yaiku...

a)

Tema

b)

Alur

c)

Setting

d)

Penokohan

4.

Ketoprak biasane migunakake basa ragam Solo-Jogja. Dene ludruk migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran (Jual-Juli), lan dibukani kanthi tari apa?

a)

remo

b)

jaipong

c)

kecak

d)

piring

5.

Sing bisa nngunakake basa ngoko lugu yaiku...

a)

wong anom marang wong tuwa

b)

siswa marang gurune

c)

guneman marang wong sing lagi kenal

d)

kanca sapdha kanca kang wis akrab banget

6.

Ing crita Ande-ande lumut, watake Klenthing kuning yaiku...

a)

sakarepe dhewe

b)

jahat

c)

sabar

d)

ora gelem mbiyantu marang sapadhane

7.

Dadi murid iku kudu tuhu marang guru. Tegese tembung sing kacithak kandel yaiku....

a)

apik

b)

nurut

c)

ngopeni

d)

alon-alon

8.

"Paman Ken Sora, kabeleka dhadha kula, mboten wonten seratanipun kula melik lan meri dhum,ateng Nambi". Punggelan teks dialog ing crita kanthi judul Ranggalawe Mbalela iku migunakake basa apa?

a)

krama alus

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

basa slengekan

9.

perangkat pengiring pagelaran ketoprak dumadi saka ing ngisor iki, kajaba.....

a)

kendhang

b)

saron

c)

gong

d)

gitar

10.

Ing pagelaran ketoprak biyasane diiringi irama gamelan. Sing nabuh gamelan diarani....

a)

niyaga

b)

sinden

c)

waranggana

d)

dhalang

11.

Ibu mundhut gilingan bumbu. Tembung gilingan tegese ….

a)

piranti/alat

b)

asal

c)

panggonan

d)

tindakan

12.

Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!


Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh


Saka pacelathon drama ing nduwur judhul drama sing trep yaiku ...

a)

Jaka kendhil

b)

jaka tarub

c)

keong mas

d)

andhe-andhe lumut

13.

Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!


Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh


Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Klething Abang yaiku ....

a)

sabar

b)

ladak/galak

c)

seneng tetulung

d)

gampang iri

14.

Pagelaran kethoprak umume nyeritakake cerita keratonan. Ragam basa sing digawe ing pagelaran kethoprak yaiku...

a)

ngoko

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

15.

Bener apa salah yen kethoprak kuwi diwiwiti tari sing irama musike sigrak lan cepet

a)

salah

b)

bener

16.

bener apa salah yen ludruk kuwi diwiwiti tari sing irama musike sigrak lan cepet?

a)

bener

b)

salah

17.

bener apa salah yen lagi matur marang bapak nganggo basa krama lugu?

a)

bener

b)

salah

18.

Bener apa salah yen ibu matur marang embah nganggo basa krama alus?

a)

bener

b)

salah

19.

Aku mau lagi mangan nalika bapak budhal menyang kantor.


ukara ing nduwur bener apa salah?

a)

bener

b)

salah

20.

endi sing bener?


a. Aku mau tuku koco moto, amergo mripatku loro

b. Aku mau tuku kaca moto, amerga mripatku loro

c. Aku mau tuku kaca mata, amergo mripatku lara

d. Aku mau tuku kaca mata, amerga mripatku lara

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

21.

Nalika pagelaran drama, ditampilake paraga loro lagi guneman.


Gunemane wong loro ing pagelaran kasebut diarani....

a)

babak

b)

dialog

c)

prolog

d)

casting

22.

Nalika pagelaran drama, ditampilake paraga loro lagi guneman. Bubar kuwi gleber (tirai) ditutup.


Kahanan kasebut mratandhani yen pagelaran kasebut bakal ganti ....

a)

babak

b)

dialog

c)

prolog

d)

casting

23.

Sadurunge pagelaran diwiwti, sutradara nganakake sayembara kanggo milih paraga utama kang pas karo karakter ing drama.


Sutradara kasebut lagi nganakake...

a)

chasing

b)

editing

c)

cushion

d)

casting

24.

bapak: Ibu, anakke dhewe ngunduri gedhe, ayo enggal-enggal disiapake dana pendidhikane.


ibu: iya pak, iki ibu wis usaha nyimpen saka sisane dhuwit belanja. (karo maca daftar menu makanan sing arep dipesen)


saka pacelathon kasebut, settinge ana ing...

a)

omah

b)

warung

c)

rumah makan

d)

meja makan

25.
a)

Eksposisi

b)

Klimak

c)

Komplikasi

d)

Resolusi

26.

Badri mlaku alon-alon kanthi ngelamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bunbunan nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swara kendharaan ing prapatan pasar Manukan iku gemrubug nambahi ati susah. Paragraf ing dhuwur miturut struktur teks klebu perangane....

a)

Eksposisi

b)

Klimak

c)

Komplikasi

d)

Resolusi

27.

Pethikan teks drama rupa dhialoge Sudra ing dhuwur migunakake basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

28.

Pethikan teks drama rupa dhialoge Mbah Surantani ing dhuwur migunakake basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

29.

Obah mosike praen nalika meragake teks drama diarani ….

a)

Interpretasi

b)

Ekspresi

c)

Olah tubuh

d)

Olah vocal

30.

Sing kudu dilakoni nalika nulis teks drama sawise nemtokake tema yaiku. . .

a)

Golek inspirasi

b)

Nemtokake plot

c)

Nemtokake tokoh

d)

Nulis teks drama

31.

Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane....

a)

Eksposisi

b)

Klimaks

c)

Komplikasi

d)

Ending

32.

Kula minangka [...] badhe ngaturaken salam perpisahan lan nyuwun donga pangestu dhumateng bapak lan ibu guru sedaya.


Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....

a)

ketua OSIS

b)

siswa teladan

c)

murid kang dipilih

d)

wakilipun kelas IX

33.

Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak/Ibu Guru ingkang kula hurmati, Bapak/Ibu wali murid kelas sanga, sarta para kanca siswa-siswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani ....


Pethikan teks pidatho kasebut kalebu perangane ....

a)

purwaka/pambuka

b)

surasa basa

c)

wasana basa

d)

salam pambuka

34.

Bapak kepala sekolah ingkang minulya, bapak ibu guru ingkang kula hurmati, bapak ibu wali murid kelas 9, sarta para kanca siswa siswi kelas 9 ingkang sanget kula tresnani.


Ukara kasebut ana ing perangan pidhato perpisahan sekolah, mapan ana ing ....

a)

panyapa

b)

panutup

c)

pangarep-arep

d)

purwaka

35.

Adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula tansah njurung donga lan pamuji mugi-mugi ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangayomanipun Allah SWT. Samanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.


Ukara kasebut ana ing perangan pidhato perpisahan sekolah, mapan ana ing ....

a)

purwaka

b)

panutup

c)

pangarep-arep

d)

surasa

36.

Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, sekedhap malih kula sakanca badhe nilaraken bangku pawiyatan SMP punika, kula minangka wakil siswa-siswi kelas sanga badhe nyuwun pamit dhumateng bapak ibu guru. Mugi-mugi anggen kula sakanca nglajengaken nuntut ilmu ing pawiyatan lajengipun saged lancar boten wonten pepalang punapa-punapa. Kula sakanca nyuwun doa restu mugi-mugi gegayuhan kula sakanca saged kasil sak tembe wingkingipun. Sejatosipun awrat tumrap kula sakanca kedah nilaraken pawiyatan SMP punika.

Gagasan pokok saka pethikan pidhato kasebut yaiku ....

a)

cerita arep ngelajengaken pawiyatan

b)

nilaraken pawiyatan awrat sanget

c)

nyuwun pamit lan doa restu

d)

badhe nilaraken bangku pawiyatan

37.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunge pangapunten.


Pethikan pidato kasebut kalebu perangane ....

a)

panutup

b)

pangarep-arep

c)

pambuka

d)

isi/surasa

38.

"Mbokbilih anggen kula matur wonten tuna lepatipun kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami."


Ukara kasebut nggunakake basa ....

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

39.

“Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajeng wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah temanten.”


Tembung “jumeneng” ing ukara kasebut nduweni teges .…

a)

lungguh

b)

mlaku

c)

ngadeg

d)

turu

40.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, bapak/ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.

[…] tansah katur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan rahmat, sarta hidayah dumateng kita sedaya.

Ganepane teks pidato kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….

a)

Kula lan panjenengan

b)

Berkah lan rahmat

c)

Puji syukur

d)

Mangga kita

41.

Perangan teks sing isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan sarta kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane, diarani ....

a)

pangarep-arep

b)

panutup

c)

purwaka

d)

salam pambuka

42.

(1) Surasa

(2) Purwaka

(3) Wasana

(4) Salam Panutup

(5) Salam Pambuka

Urutane perangan Sesorah kang bener yaiku ...

a)

2-5-1-3-4

b)

5-2-1-3-4

c)

5-2-4-3-1

d)

2-5-1-3-4

43.

Bapak saha Ibu Guru ingkang kinabekten, Bapak Ibu ingkang kula kurmati, para kadang lan adhi-adhi kula, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya. Sesorah ing dhuwur iki urutan sesorah bab….

a)

Atur pakurmatan

b)

Pambuka

c)

Surasa

d)

panutup

44.

Aksara Jawa sing dienggo nulis tembung-tembung manca kang pangucapane kudu dicethakake, khususe tembung-tembung saka basa Arab diarani aksara….

a)

Swara

b)

Rekan

c)

Murda

d)

Legena

45.

Dewi : “Leres … dhik Cahyo. Dhik Cahyo boten remen bisnis, menawi dipunpeksa asilipun mangke boten sae.”


Tembung kang trep kanggo nanggepi ature Dewi ana ing pacelathon ndhuwur yaiku….

a)

Aturipun

b)

Pituturipun

c)

Cariyosipun

d)

Pangandikanipun

46.

Sing nganggo klambi puitih kae Pak Lurah. Ukara iki menawa dikramakake kang bener yaiku.....

a)

Sing ngangge klambi pethak nika Pak Lurah

b)

Sing ngagem rasukan pethak nika Pak Lurah

c)

Ingkang ngagem rasukan pethak menika Pak Lurah

d)

Ingkang ngagem busana pethak menika Pak Lurah

47.

Ukara kang bener unggah-ungguhe yaiku....

a)

Mangga Pak menawi badhe nonton kethoprak

b)

Mangga Pak menawi ajeng ningali kethoprak

c)

Mangga Pak menawi badhe ningali kethoprak

d)

Mangga Pak menawi badhe mirsani kethoprak

48.

"Panjenengan arep tindak menyang Gunungkidul dina apa?"

Ukara ing nginggil inggih menika kalebet tataran unggah-ungguh basa ingkang

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

49.

Gambar ing nginggil menika mujudaken anak nembe pamitan dhateng tiyang sepuhipun, tetembungan ingkang dipunginakaken leresipun migunakake basa........

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

50.

Tatakrama iku busananing bangsa, nduweni teges..................

a)

Ing ngendi wae tatakrama bakal dienggo

b)

Saben papan duwe adat utawa tatakrama dhewe-dhewe

c)

Dhuwuring drajade bangsa katitik saka alusing tata kramane

d)

Tatakrama iku pinangka srawung bangsa siji lan bangsa liyane

51.

Bab-bab kang kudu digatekake menawa atur-atur kaya ing ngisor iki, kejaba.....

a)

nganggo sandhangan sing sarwa apik lan anyar

b)

migunakake basa sing becik trep karo unggah-ungguh

c)

solah bawa lan tata krama sing becik

d)

yen wis rampung anggone nindakake jejibahan caois lapuran marang wong kang menehi jejibahan

52.

Basa krama iku gunane kaya ing ngisor iki, kejaba

a)

guneme wong tuwa marang anake

b)

guneme anak marang wong tuwane

c)

gunemane karo wong sing urung tau tepung

d)

gunemane murid marang gurune

53.

Kula saweg … nalika Bapak … dhateng kantor.

a)

Mangan, mangkat

b)

Nedha, budhal

c)

Dhahar, tindak

d)

Nedha, tindak

54.

Jono ora sarujuk karo panemune Joko. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa ora sarujuk yaiku ....

a)

Panemune Joko kuwi ora bener, aku ora sarujuk kudune aku sing bener.

b)

Panemune Joko kuwi apik, nanging aku ora sarujuk luwih becik ngaturi wali kelas.

c)

Panemune Joko kuwi kleru, aku ora setuju luwih becik ngaturi wali kelas.

d)

Panemune Joko kuwi ora apik, bakune aku ora setuju.

55.

Ing sawijining rapat, ana bab sing wis dadi keputusan nanging sejatine bab kuwi mau ora cocok karo panemumu, banjur kepriye becike ?

a)

Nuwun sewu, pangandikan njenengan menika klentu.

b)

Wah panemumu kuwi kleru, aku dhewe sing paling bener.

c)

Nyuwun pangapunten pak, menawi pamanggih kula kados mekaten.

d)

Nyuwun pangapunten pak, ingkang leres pamanggih kula, njenengan menika lepat.

56.

Andharan ing ngisor iki kudu digatekake menawa srawung karo wong liy, kejaba.....

a)

tetembungan kang becik

b)

guneman sing seru supaya cetha

c)

basane kang becik

d)

polatan kang sumeh

57.

"Wah hebat, aku melu bungah, kowe entuk juara 1 ing lomba maca geguritan!"

Ukara iki lumrah diarani tata krama kanggo.......

a)

ngalem

b)

sapa aruh

c)

nyuwun ngapura

d)

nyuwun idin

58.

Tuladha pambuka wara-wara lelayu lumantar masjid ingkang leres inggih menika.....

a)

Assalamualaikum Wr.Wb. kepareng matur wonten ngarsanipun warga masarakat Kampung Selang. Bilih ing enjang punika kita nampi pawartos lelayu saking Kampung Mokol. Innalillahi wa innailaihi rojiun, sampun kapundhut wonten pangayunanipun Allah SWT kanthi tentrem, lsp........

b)

Innalillahi wa innailaihi rojiun, sampun kapundhut wangsul wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem panjenenganipun almarhum Bapak Suka Pralaya, lsp..........

c)

Assalamualaikum Wr.Wb. Innalillahi wa innailaihi rojiun, sampun kapundhut wangsul wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem panjenenganipun almarhum Bapak Suka Pralaya, lsp..........

d)

Innalillahi wa innailaihi rojiun. Assalamualaikum Wr.Wb. sampun kapundhut wangsul wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem panjenenganipun almarhum Bapak Suka Pralaya, lsp..........

59.

Ukara-ukara ing ngisor iki kang ora kalebu atur mangayubagya yaiku....

a)

Dherek mangayubagya mugi-mugi pinanganten dadosa keluarga ingkang sakinah, mawadah, lan warohmah.

b)

Dherek binggah anggenipun tambah momongan, mugi-mugi dadosa putra ingkang sholihah!

c)

Dherek prihatos awit kaparingan ganjaran kang arupi gerah, mugi-mugi enggal dhangan.

d)

Mugi-mugi kanthi tambahing yuswa tambah imanipun!

60.

Yen arep matur marang wong liya kamangka wong iku mau lagi ngendikan prayogane......

a)

Ngenteni nganti ngendikane rampung

b)

Enggal matur, ora ooerlu ngendikane rampung

c)

Yen perlu nyela sanajan ngendikane durung rampung

d)

Cepet-cepet matur, sing sora supaya aturmu dirungokake

61.

Deri sarujuk karo panemune Endah. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa sarujuk yaiku......

a)

Supaya cepet rampung setuju ra setuju sing penting kudu manut karo panemune Endah.

b)

ku jan-jane ora cocok, nanging gandheng kanca-kanca liyane setuju aku ya setuju

c)

Panemumu iku jane ora becik, nanging aku setuju lah supaya cepet rampung

d)

Ngono ya becik, aku sarujuk dadi mengko latihane bisa maksimal.

62.

Deri arep mangkat sekolah. Olehe matur pamitan marang ibune......

a)

Bu, nyuwun pamit kula badhe bidhal sekolah

b)

Bu, nyuwun pamit kula badhe tindak sekolah

c)

Bu, nyuwun pamit kula badhe kesah sekolah

d)

Bu, nyuwun pamit kula badhe jengkar sekolah

63.

Esuk iki Ahmad kudu ndherekake ibune priksa menyang Puskesmas. Mula Ahmad enggal-enggal matur marang pak guru nyuwun idin/ijin arep bali. Ature Ahmad kang bener yaiku.....

a)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit, badhe kondur!

b)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit, badhe wangsul

c)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut badhe kondur!

d)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut badhe wangsul

64.

Nyaruwe panemune wong liya iku becike.......

a)

Ngenteni nganti wong mau rampung olehe ngendika

b)

Ora perlu ngenteni nganti wong mau rampung ngendika

c)

Nyelani olehe ngendika

d)

Sak wayah-wayah manut karepe dhewe.

65.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

66.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

67.

Ukara miturut kalungguhane tembung-tembunge, perangan kang mratelakake tindakan utawa kaanane jejer diarani : ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Katrangan

68.

Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap

a)

Kancaku maca buku nganggo kacamata.

b)

Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.

c)

Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.

d)

Ibu masak sayur lodheh senenganku.

69.

Sing diarani ukara andharan yaiku : ...

a)

Ukara kang mratelakake rasa pangrasa

b)

Ukara kang isine aweh pawarta

c)

Ukara kang isine ngongkon

d)

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan

70.

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan, diarani : ...

a)

Ukara Sambawa

b)

Ukara Panguwuh

c)

Ukara Pitakon

d)

Ukara Andharan

71.

Ing ngisor iki tuladhane Ukara Panguwuh : ...

a)

Panasa ta klambiku ben ndang garing.

b)

Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.

c)

Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.

d)

Hore ,aku entuk biji satus !

72.

Aksara kang digawe kanggo

njangkepi cacahe aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, diarani : ...

a)

Aksara Rekan

b)

Aksara Swara

c)

Aksara Murda

d)

Aksara Legena

73.

Wulan April

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
74.

Aksara " E ", yen ditulis nganggo aksara swara : ...

a)
b)
c)
d)
75.

Yen ditulis nganggo aksara latin : ...

a)

Abbas lagi panas.

b)

Arman lagi mangan.

c)

Akbar lagi mangan.

d)

Sabar lagi panas

76.

Yen ditulis nganggo aksara latin : ...

a)

Pitri budhal nyanyi

b)

Fitri budhal ngaji

c)

Putri budhal ngaji

d)

Fitri budal ngaji

77.

Bukune ana 25.

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
78.

Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine Ludruk

a)

Migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja.

b)

Migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran

c)

Sumber critane njupuk saka Kisah Mahabarata

d)

Sumber critane njupuk saka Kisah Ramayana

79.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

80.

Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Amanat

81.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

82.

Crita sing nyritakake asal-usule papan utawa panggonan diarani ...

a)

fabel

b)

legendha

c)

sage

d)

mite

83.

Sumber crita wayang asale saka ....

a)

Tanah Jawa

b)

Indonesia

c)

India

d)

Arab

84.

"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"


Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....

a)

Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis

b)

Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis

c)

Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis

d)

Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis