wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BASA JAWA 9 GANJIL

Total questions: 78

Worksheet time: 2hrs 3mins

Name
Class
Date
1.

Perangan kang isine dudutan (kesimpulan) lan pangajab (harapan) utawa panyaruwe (saran) tumrap kahanan saka asil observasi sing wis ditindakake, kalebu pangerten saka struktur teks lapuran observasi sing diarani ...

a)

Isi

b)

Pambuka

c)

Panutup

d)

Dudutan

2.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

3.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi titi!

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005. Taun 2006 Kementerian Negara Lingkungan Hidup ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dasar lan menengah lumantra program adiwiyata. Adiwiyata mujudake sawijine program kang duwe tujuwan kanggo mujudake warga sekolah sing nduweni tanggung jawab marang rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program-program kegiyatan ing sekolah.


Program adiwiyata mujudake program pemerintah tumrap sekolah sing......

a)

Peduli marang kalestarene lingkungan

b)

Peduli marang bocah-bocah sing mlarat

c)

Ora seneng karo kalestarene lingkungan

d)

Kepingin dadi sekolah taraf internasional

4.

Ing ngisor iki sing kalebu titikan teks laporan asil observasi, kejaba...

a)

Siji objek bahasan

b)

Informatif

c)

Subjektif

d)

Jangkep

5.

Struktur sing ngandharake objek observasi kanthi umum diarani...

a)

Dhefinisi umum

b)

Dheskripsi bageyan

c)

Dheskripsi manfaat

d)

Kagunan

6.

Ukara tanduk yaiku....

a)

Ukara sing jejere nindakake pengajian

b)

Ukara sing jejere ora nindakake pengawean

c)

Ukara sing jejere nindakake pengawean

d)

Ukara sing jejere nindakake pendidikan

7.

Ukara tanggap yaiku....

a)

ukara sing jejere ora dikenani pengawean

b)

ukara sing jejere dikenani pengajian

c)

ukara sing jejere dikenani pengawean

d)

ukara sing jejere dikenani pendidikan

8.

Sing kalebu ukara tanduk ing ngisor iki yaiku....

a)

Kembang disiram Mas Doni saben sore.

b)

Iwak ing meja dakpangan karo adhik.

c)

Sepedhahe Ratna kotumpaki karo Roni

d)

Ibu lagi nyetrika seragam sekolahku.

9.

Sepedaku disilih Daffa yen diowahi dadi ukoro tanduk yaiku....

a)

Daffa nyilih sepedaku

b)

Daffa ngowo sepedaku

c)

Daffa tuku sepedaku

d)

Daffa ngumbah sepedaku

10.

Buku lan potelot daktuku ana ing Koperasi Sekolah.

Ukara ing dhuwur diarani....

a)

ukara tanduk

b)

ukara tanggap

c)

ukara panjaluk

d)

ukara pitakon

11.

Pakdhe makani wedhuse Paiman. Yen didadekake ukara tanggap….

a)

Wedhuse dipakani Pakdhene Paiman.

b)

Wedhuse Paiman dipakani Pakdhe.

c)

Paiman makani wedhuse Pakdhe.

d)

Wedhuse Pakdhe dipakani Paiman.

12.

Kowe mangan pelem.


Ukara iki yen diowahi dadi ukara tanggap yaiku....

a)

Peleme kokpangan?

b)

Peleme dakpangan.

c)

Pelemmu dipangan.

d)

Peleme mangan kowe?

13.

"Mas Sabar kula nyambut garisanipun nggih."

Tembung ing dhuwur cacahe krama .......

a)

Inggil

b)

Alus

c)

Lugu

d)

Ngoko

14.

Krama aluse ndelok yaiku .........

a)

Ningali

b)

Mriksani

c)

Ndeleng

d)

Mireng

15.

Krama inggil sing leres, kejaba .........

a)

Bapak nedha sega jagung

b)

Bapak mangan sega jagung

c)

Bapak nedha sega jagung

d)

Bapak dhahar sekul jagung

16.

Sing mbedakna ngoko alus karo krama lugu yakuwe ...

a)

ngoko alus yakuwe ngoko kabeh tapi nganggo tembung madya

b)

ngoko alus yakuwe tembung-tembunge ngoko kabeh

c)

krama lugu yakuwe krama kabeh tapi nganggo tembung madya

d)

krama lugu yakuwe tembung-tembunge krama kabeh

17.

PUASA ?


Adhi: Mas.., mas, .. Sampeyan teng pundi? Kula ajeng sanjang.

Kakang: Neng kene. Nyam... nyam..

Adhi: Lho, Iho mas Sampeyan saweg dhahar. Kula sing alit nedhine wau sederenge Subuh.

Kakang: Sstt ... Aja ngomong bapak ya!

............ Ujug-ujug bapak rawuh.

Bapak: Lha. Kaya kuwe jenenge puasa 'thing-thing' esuk esuk nyandhing cething.


Unggah-ungguh Basa Jawa sing dienggo adhi yakuwe ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

18.

PUASA ?


Adhi: Mas.., mas, .. Sampeyan teng pundi? Kula ajeng sanjang.

Kakang: Neng kene. Nyam... nyam..

Adhi: Lho, Iho mas Sampeyan saweg dhahar. Kula sing alit nedhine wau sederenge Subuh.

Kakang: Sstt ... Aja ngomong bapak ya!

............ Ujug-ujug bapak rawuh.

Bapak: Lha. Kaya kuwe jenenge puasa 'thing-thing' esuk esuk nyandhing cething.


Tembung 'dhahar' angger diurut dadi tembung ngoko, madya lan krama dadine...

a)

mangan - nedha - dhahar

b)

mangan - dhahar - nedha

c)

dhahar - nedha - mangan

d)

nedha - mangan - dhahar

19.

Deni: "Kula Nuwun ...!"

Bu Tuti: "Manggaaa! Ee Nak Aji, ngeneh, ngeneh mlebu!"

Deni: "Enggih Bu, matur nuwun. Nuwun sewu napa Beni wonten nggriya, Bu?"

Bu Tuti: "Sedhela Den, Andi lagi diutus bapake tuku obat neng apotek prapatan kae lho. Enteni sedhela, ora suwe koh!"

Deni: "Bapak gerah napa, Bu?"

Bu Tuti: "Biasa koh, wong angger kesayahen ya kaya kuwe. Siki sida padha arep sinau klompok apa?"

Deni: "Enggih Bu, ko Ibu priksa?"

Bu Tuti: “Andi mau wis matur Ibu."


"Menawi bapak gerah, napa mboten ngganggu, Bu?"

Ukara iku nggunakna ragam basa...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

20.

Bu Santi (lunga, kesah, tindak) menyang Jakarta.

a)

Bu Santi tindak menyang Jakarta

b)

Bu Santi kesah menyang Jakarta

c)

Bu Santi lunga menyang Jakarta

21.

Budhe Rini (ndeleng, ningali, mirsani) Simbah sing lagi (lara, sakit, gerah).

a)

Budhe Rini ningali Simbah sing lagi lara

b)

Budhe Rini mirsani Simbah sing lagi gerah

c)

Budhe Rini ndeleng Simbah sing lagi sakit

22.

Bapak (teka, dugi, rawuh) sakwise Dery (lunga, kesah, tindak)

a)

Bapak teka sakwise Dery lunga

b)

Bapak rawuh sakwise Dery lunga

c)

Bapak dugi sakwise Dery tindak

23.

Simbah tuku gula lan endog. ukara kasebut basa kramane yaiku ....

a)

Simbah mundhut gendhis saha tigan.

b)

Simbah tumbas gendhis saha tigan.

c)

Simbah kersa gendhis saha tigan.

24.

Ing ngisor iki kena nggunakake basa ngoko, kejaba ...

a)

guru marang murid

b)

bapak marang anak

c)

wayah marang simbah

d)

kanca marang kanca

25.

Ibu tindak peken ... sepedha motor.

a)

numpak

b)

ndherek

c)

nitih

d)

numpak

26.

"Omahe budhe ing Semarang."


Ukara ning ndhuwur yen diowahi dadi krama alus dadi ....

a)

Daleme budhe ing Semarang.

b)

Dalemipun budhe wonten Semarang.

c)

Griyanipun budhe wonten Semarang.

d)

Dalemipun budhe ana ing Semarang.

27.

Sawijining aksi utawa solah bawa, utawa crita kang dipentasake dening paraga-paraga diarani ...

a)

geguritan

b)

drama

c)

sesorah

d)

kethoprak

e)

pranatacara

28.

Kegiyatan drama diwiwiti kanthi ..., kang diucapake dening paraga utama.

a)

monolog

b)

prolog

c)

dhialog

d)

epilog

e)

setting

29.

Guneman ing antarane paraga loro utawa luwih sajroning drama arane ...

a)

prolog

b)

epilog

c)

monolog

d)

dhialog

e)

setting

30.

Paraga tunggal kang ora menehi kalodhangan tumprap liyan kanggo melu-melu guneman arane ...

a)

epilog

b)

prolog

c)

dhialog

d)

monolog

e)

setting

31.

Sandhiwara mujudake genre (asil) cipta sastra sing nggambarake ...

a)

uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk

b)

uripe manungsa lumantar crita ing dhuwur panggung

c)

uripe manungsa lumantar kesenian tradisional

d)

uripe manungsa lumantar sutradara

e)

uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan

32.

Sandhiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake ...

a)

antawacana (dhialog)

b)

indra pangrungu (audhio)

c)

indra pangecap utawa pangrasa

d)

audhio visual elektronik

e)

perkakas kang canggih

33.

Ing ngisor iki kang ora kalebu struktur intrinsik drama, yaiku ...

a)

latar

b)

paraga

c)

dhialog

d)

amanat

e)

alur

34.

Pesen utawa nilai moral kang disampekake marang pamiyarsa kalebu salah siji saka struktur teks drama kang aran ...

a)

tema

b)

amanat

c)

dudutan

d)

koda

e)

dhialog

35.

Umume sandhiwara migunakake alur ...

a)

wolak-walik

b)

flash back

c)

mundhur

d)

maju

e)

campuran

36.

Drama kang isine kisah sing lucu diarani ...

a)

tragedi

b)

operet

c)

kethoprak

d)

pantomim

e)

dhagelan

37.

Wong sing tugase ngatur lakune pentas drama saka wiwitan nganti pungkasan diarani ...

a)

sutradhara

b)

skenario

c)

produser

d)

editor

e)

artis

38.

Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna, lan isine tarkadhang ora kalebu ing nalar diarani drama....

a)

moderen

b)

komedi

c)

tradisional

d)

tragedi

39.

Drama kang nyritakake uripe manungsa saben dina, kanti tujuwan aweh patuladhan tumrap urip bebrayan diarani drama....

a)

moderen

b)

komedi

c)

tradisional

d)

tragedi

40.

perangan crita kang nepungake (mengenalkan) para paraga ing crita kasbeut, watak wantune, (karakter), latar papan, paggonan, lan wektu dumadine crita, lan minangka wiwitane mlebu ing sajroning crita diarani....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

koda

41.

Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga....

a)

Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika

b)

Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton.

c)

Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diiringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri.

d)

Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern.

42.

Sing mujudake gerakan-gerakan kang nindakake paraga minangka wujud penghayatan peran yaiku...

a)

Mimik

b)

Gestur

c)

Akting

d)

Pantomimik

e)

Pantomim

43.

"Ya Allah, Gusti. Kena apa anakku dadi owah kaya ngene? Apa luputku, Ya Allah. Yen Pancen Dheweke dudu anakku, mula apuranen dheweke sing wis ngina aku iki. Ning, yen dheweke bener anakku si Malin Kundang, mula ukumen si anak durhaka iki!"

Iki mujudake basa kanggo...

a)

Epilog

b)

Dhialog

c)

Monolog

d)

Narator

e)

Prolog

44.

Sing mujudake dekorasi kang nyengkuyung lan nguwatake swasana pagelaran diarani...

a)

Skenario

b)

Skeneri

c)

Backdrop

d)

Panggung

e)

Layar

45.

ing mujudake kain penutup panggung perangan ngarep kang bisa dibuka tutup cundhuk klawan kebutuhan yaiku...

a)

Layar

b)

Backdrop

c)

Skeneri

d)

Panggung

e)

skenario

46.

Salah sijine titikane kethoprak...

a)

Paragane wedok kabeh

b)

Crita kraton/istanasentris

c)

Klambine sarwa apik

d)

Basane dawa

47.

Tari pambuka kethoprak...

a)

Jaipong

b)

Remo

c)

Pendhet

d)

Gambyong

48.

Tugase sutradara yaiku ...

a)

Ngatur lampu

b)

Ngatur parabea

c)

Ngatur peralatan

d)

Ngatur lakune pagelaran drama

49.

Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!


Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh


Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Klething Abang yaiku ....

a)

sabar

b)

wicaksana

c)

ladak/galak

d)

seneng tetulung

50.

Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!


Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh


Saka pacelathon drama ing nduwur judhul drama sing trep yaiku ...

a)

Jaka kendhil

b)

jaka tarub

c)

keong mas

d)

andhe-andhe lumut

51.

Panggonan lan wektu dumadine drama diarani ...

a)

setting

b)

plot

c)

casting

d)

alur

52.

Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku ...

a)

Tari Srimpi

b)

Tari Merak

c)

Tari Remo

d)

Tari Gambyong

e)

Tari Kreasi

53.

Titikane crita ludruk yaiku ...

a)

critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur

b)

critane nggambarake panandhaning kawula cilik

c)

critane nggambarake siyagane para pahlawan nglawan penjajah

d)

critane kapethik saka babad tanah Jawa

e)

critane kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata

54.

Paraga ing sandiwara basa jawa kaperang dadi telu yaiku

a)

Protagonis, prosigonis, lan kartogonis

b)

Protagonis, antagonis lan tritagonis

c)

Vertagonis, Irvigonis lan antagonis

d)

Antagonis, fiksigonis, lan tritagonis

55.

Sing diarani alur yaiku....

a)

urutane crita ing teks drama

b)

underane crita

c)

pesen moral kang bisa kapethik saka teks drama

d)

sifat utawa watek sing dadi karaktere paraga

56.

Paraga protagonis yaiku paraga kang......

a)

ala wateke

b)

galak wateke

c)

becik wateke

d)

apik rupane

57.

ing ngisor iki pilihen loro kanthi nyentang wangsulan kang kalebu tegese drama/ samdhiwara yaiku...

a)

sawijining olah awak kang dipentasake

b)

dipentasake dening paraga ing panggung

c)

nduweni pesen utawa amanat kang sinandhi

d)

tepa tuladha ing urip jaman biyen

58.

Minak Koncar : Dak kira perkara durung rampung. Awit saelingku Adipati Minak Jingga iku kondhang minangka pawongan kang sekti lan pinter, dadi ora gampang kok apusi. Ati-ati loh Patih!


Patih Logender : Hahahaha......(Karo mengkerik) kuwi perkara gampang. Ora usah kuwatir, kabeh mengko bisa dak rampungi. Hahaha...(guyune saya banter). Pancen Minak Jingga pinter, nanging iki mengko bakal kalah karo tipuane Logender (karo ndudingi dhadhane dhewe) hahahaha...


Saka pethikan teks ing ndhuwur, Patih Logender nduweni sipat...

a)

Wicaksana

b)

Ora gampang nyerah

c)

Tanggung Jawab

d)

Pinter

e)

Sombong

59.

Pawongan kang nglakokake wayang yaiku ....

a)

Dhalang

b)

Panjak

c)

Waranggono

d)

Sinden

e)

Sindir

60.

Sesorah iku jeneng liyane yaiku ...

a)

berita

b)

iklan

c)

pidhato

d)

pengumuman

e)

informasi

61.

ancas utawa tujuwan saka pidhato yaiku ...

a)

Menehi andharan lan pangerten marang wong liya

b)

menehi andharan bab kedadeyan kang isih dari omongane wong akeh

c)

narik kawigaten wong kang ngrungokake

d)

Ajak-ajak (persuasif)

e)

Menehi andharan kang nyenengake

62.

ing ngisor iki sing kalebu jenis sesorah miturut isine yaiku sesorah ...

a)

memoriter

b)

informasi

c)

aksi

d)

dadakan

e)

persuasi

63.

Sesorah kang ancase gawe percaya atine pamireng ngenani sawijining bab, yaiku ...

a)

Sesorah aksi

b)

Sesorah persuasi

c)

Sesorah dadakan

d)

Sesorah memoriter

e)

Sesorah informasi

64.

miturut gambar ing dhuwur, kalebu cengkorongan (kerangka) pidhato bab ...

a)

salam panutup

b)

panutup

c)

atur pakurmatan

d)

atur puji syukur

e)

salam pambuka

65.

miturut gambar ing dhuwur, kalebu cengkorongan (kerangka) pidhato bab ...

a)

salam panutup

b)

panutup

c)

atur pakurmatan

d)

atur puji syukur

e)

salam pambuka

66.

miturut gambar ing dhuwur, kalebu cengkorongan (kerangka) pidhato bab ...

a)

salam panutup

b)

panutup

c)

atur pakurmatan

d)

atur puji syukur

e)

salam pambuka

67.

ing ngisor iku tuladha (conto) saka kerangka pidhato bab atur pakurmatan lan atur panuwun sing bener, yaiku ...

a)

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu, Salam Sejahtera bagi Kita Semua, Om Swastyastu, Namo Buddhaya, Salam Kebajikan

b)

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih

c)

Kawula nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati, lan adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani

d)

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

e)

Nuwun. nuwun lan matur nuwun

68.

ing ngisor iku tuladha (conto) saka kerangka pidhato bab Salam panutup sing bener, yaiku ...

a)

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu, Salam Sejahtera bagi Kita Semua, Om Swastyastu, Namo Buddhaya, Salam Kebajikan

b)

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih

c)

Kawula nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati, lan adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani

d)

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

e)

Nuwun. nuwun lan matur nuwun

69.

Tema pidhato neng dhuwur, yakuwe....

a)

pengetan Dinten Pahlawan

b)

nampani murid anyar

c)

perpisahan kelas VI

d)

pentas seni

70.

Tembung purna tegese...

a)

mulai

b)

sinau

c)

sekolah

d)

rampung

71.

Perangan penutup pidhato lumrahe isine.....

a)

jaluk pangapuro menawa ana kleruning atur utawa pengucap

b)

ngajak supaya tansa ngucap syukur

c)

ngaturake panuwun amarga para tamu kersa rawuh

d)

nyaritakake acara

72.

Urutane struktur teks pidhato yaiku ….

a)

1-2-3-4-5

b)

5-2-3-1-4

c)

5-3-4-2-1

d)

5-2-4-3-1

73.

Paraga kang nata lakune acara diarani ….

a)

pranatacara

b)

pidhato

c)

tanggap wacana

d)

pamedhar sabda

74.

Kang dudu kalebu sarat dadi pranatacara yaiku...

a)

olah raga

b)

olah basa lan sastra

c)

pawiyatan

d)

olah swara

e)

wiraga lan busana

75.

Basa kang diagem nalikane dadi pranatacara yaiku...

a)

basa dhialek

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko lugu

d)

basa ngoko alus

e)

basa krama alus

76.

Dipuntingali saking basanipun, pranatacara wonten ing pahargyan temanten menika kedahipun boten ngginakaken basa padintenan, utawi kedah ngginakaken basa ingkang endah, utawi dipunsebut….

a)

Basa alus

b)

Basa kiasan

c)

Basa paramasastra

d)

Basa rinengga

77.

Sesorah kang ancase kanggo panggerak utawa kanggo nggayuh ancas bebarengan, yaiku ...

a)

Sesorah aksi

b)

Sesorah persuasi

c)

Sesorah dadakan

d)

Sesorah memoriter

e)

Sesorah informasi

78.

Wong kang arep pidhato nggawa cathetan cilik kanggo pepeling urutaning isi pidhato, yaiku pidhato kanthi metode ...

a)

apalan

b)

dadakan

c)

teks

d)

ekstemporan

e)

persuasi