Font size
WorksheetsDiagnostik Awal Bab Geguritan
Total questions: 20
Worksheet time: 48mins
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Sun gegurit
kama nalika isih jenaka
saiki gedha dadi bethara kala
uluk uluk jroning dhadha
winga winga tanpa suwara
gedhe tur wibawa
Geguritan ing dhuwur kalebu jinis geguritan....
Gagrag anyar utawa modheren
Geguritan gagrag lawas utawa tradhisional
Geguritan gagrag enggal
Geguritan gagrag klasik
ELING
Para mudha elinga marang agama
agama kang dadi ageming aji
agama kang bisa dadi gegamaning ati
Nitik saka geguritan ing dhuwur kalebu ing jinis geguritan....
lawas utawa tradhisional
gagrag anyar utawa modheren
gagrag klasik
gagrag enggal
Sun gegurit
kaanan jaman saiki
sipat pemudha pemudhi
srawunge saya ndadi
raket wewekane sepi
tan kadu duk jaman nguni
srawung sarwa ngati-ati
Nitik saka panulise geguritan ing dhuwur kuwi kalebu ing geguritan gagrag lawas utawa tradhisional, amarga cacahing wanda saben gatrane ajeg, adat saben (a) wanda
Bekti kagem ibu
nyuwun tambahing pangestu
kula badhe angayahi
tanggung jawab marang bangsa
ugi mring ibu pertiwi
iki pancen kewajiban
keng putra wus kudu ngerti
Geguritan ing dhuwur kuwi kalebu geguritan gagrag anyar utawa modheren amarga sajak pungkasan mardika utawa...
(a)
Sun gegurit
kaanan jaman saiki
sipat pemudha pemudhi
srawunge saya ndadi
raket wewekane sepi
tan kadu duk jaman nguni
srawung sarwa ngati-ati
Suarasa utawa isine geguritan ing dhuwur kang trep yaiku....
swarunge nom-noman jaman saiki
swarunge wong biyen lan saiki
kahanan jaman biyen lan saiki
bedane jaman biyen lan saiki
Ngger...
Yen kesandhung sikilmu kesrimpung
Busik kulitmu, tatu atimu
Balia
Soken luhmu ing pangkonku
Takcucupe getihing tatumu
Nganti tuntas
Ngger...
Kanthi esem lan guyumu
Tak-undha sliramu
Methik lintang lan rembulan
Kanthi klilip lan luh ing netramu
Kene tak sapihe nganggo pucuking tapihku.
Adhedhasar geguritan ing dhuwur tema kang trep yaiku....
Ibu
Pangorbanan
Katresnan
Kasenengan
Amrih rahayu
siswa aja den uja warah wuruh kang “nglegena”
nanging isenana “bibite lenga tala”
amrih kuwawa nabras krodhaane “mangsa kala”
yayah rena tan kuciwa nampa undhuh-undhuhane
guru mongkog lan lega
negara mundhak kuncara jembar kumandhange
Amrih rahayu, siswa aja den uja warah wuruh kang “nglegena
Ukara kasebut tegese…
Siswa diwulang supaya dadi wong sugih
Siswa diwulang wong kang bandhane akeh
Siswa kudu diwulang wong sing omonge dhuwur
Siswa aja diajari ngelmu kang marakake cilaka
Bekti kagem ibu
nyuwun tambahing pangestu
kula badhe angayahi
tanggung jawab marang bangsa
ugi mring ibu pertiwi
iki pancen kewajiban
keng putra wus kudu ngerti
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku (a)
Dhedhel pintere
uga gumantung wasise guru aweh wawasan
siswa aweh kapitayan mekarake dhiri
nadyan ora pati wegig
waton bisa mandhiri iku agawe bungah
siswa ora butuh kae-kae
utamane ya mung tuladha
Tembung wasis ing geguritan dhuwur duweni teges (a)
Ora krasa wus telung taun
Awake dhewe ngudi elmu bebarengan
Seneng susah wus dilakoni
Saiki wus tekan wektune
Aku lan kowe kudu pepisahan
Nerusake laku manut dalane dhewe-dhewe
Muga kekancan iki bakal langgeng
Aku lan kowe seduluran salawase
Tema geguritan ing dhuwur kang trep yaiku (a)
Geguritan iku kudu nganggo basa rinengga. Basa Rinengga yaiku....
basa baku kang pener lan bener.
basa kang dienggo saben dina.
basa kang endah lan tetep edi peni.
basa kang nduweni unggah-ungguh lan ana paugerane.
Titikane geguritan gagrag anyar yaiku ...
ora kaiket paugeran tartamtu
lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
guru lagune pinathok
isih ngugemi anane guru wilangan
Ing ngisor iki sing kalebu bab sing kudu digatekake kepisan sadurunge nemokake isi geguritan yaiku ...
nggoleki maknane ing saben gatra
nggathukake maknane ing saben pada
negesi tembung kang angel
nyimpulake maknane geguritan kanthi wutuh
ngrasakake kekarepane geguritan lan njlimeti asmane panggurit
"Amung sliramu sing nggait mata".
Basa endah kasebut tegese ...
gur kowe sing daksawang
gur kowe sing tansah dak eling
gur kowe sing ayu dhewe
gur kowe sing bisa ngobati mripat
gur kowe sing ngumbah mripat
Pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake panggurit lumantar geguritan yaiku ...
amanat
alur
tema
lelewaning basa
pamilihing tembung
Geguritan iku kanggo gampange diarani uga .....
tembang campursari
kakanwin Jawa kuna
tembang macapat
puisi Jawa Gagrag anyar
ancase maca endah geguritan, yaiku .....
supaya bisa mirsani padha nggumun lan era marang sing maca
sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan
nemokake struktur batin geguritan
nemokake struktur lair geguritan
Geguritan nduweni struktur kang wujude bisa langsung dideleng lan dituduhake diarani ...
struktur batin
struktur tema
struktur lair
struktur jasmani
"endahe esemu ibu"
nduweni imaji sing diarani ...
pangrungu
pandeleng
panindak
pangrasa
"gemricik swaramu ing wayah esuk
agawe tentrem ning ati
kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah"
pethilan geguritan ing ndhuwur nduweni imaji/panyitra yaiku ...
panindak
pangrasa
pangrungu
paningal
