wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH 1 BAB 5 B JAWA KELAS 5 SEMESTER GENAP 25-26

Total questions: 32

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan iku klebu karya sastra sing asale saka ....

a)

Kalimantan

b)

Sumatra

c)

Jawa

d)

Papua

2.

Gatekna pranyatan iki!

(1) Lumrahe diwiwiti tembung "sun gegurit".

(2) Ana irah-irahan lan jeneng pangriptane.

(3) Kaiket dening paugeran guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.

(4) Nduweni tema kanggo dhasar panulisan.

(5) Nggunakake basa kang bebas. Pranyatan kang klebu titikane geguritan gagrag lawas, yaiku nomer ....

a)

(1) lan (3)

b)

(2) lan (3)

c)

(3) lan (4)

d)

(4) lan (5)

3.

Geguritan miturut gagrage kaperang dadi ... jinis.

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

4.

Supaya mangerteni isine geguritan, sing pisanan dilakokake yaiku ....

a)

negesi saben larik

b)

nggoleki purwakanthi basa

c)

negesi tembung angel

d)

nggatekake panganggite

5.

Ing ngisor iki klebu titikane geguritan, kajaba.....

a)

isine mentes

b)

lumrahe nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane

c)

sawetara migunakake tembung-tembung Kawi

d)

nggunakake basa baku

6.

Ing ngisor iki klebu carane maca endah geguritan, kajaba ....

a)

wirama

b)

wirata

c)

wirasa

d)

wiraga

7.

Kumpulan tembung lan ukara sajrone geguritan diarani .....

a)

diksi

b)

larik

c)

pada

d)

swara

8.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki!

(1) Nemtokake gagasan pokok.

(2) Nemtokake tema.

(3) Ngembangake gagasan pokok dadi pada geguritan.

Trap-trapan nulis geguritan kang trep, yaiku ....

a)

(1)-(2)-(3)

b)

(2)-(1)-(3)

c)

(2)-(3)-(1)

d)

(3)-(2)-(1)

9.

Kahanan ati sajrone geguritan kayata sedhih, susah, bungah, nelangsa, lan sapiturute diarani ....

a)

wirama

b)

winasis

c)

wisesa

d)

wirasa

10.

Trap-trapan kaping pisan nalika nggancarake geguritan yaiku ....

a)

maca geguritan kanthi tumemen

b)

negesi tembung angel

c)

menehi tandha tembung angel

d)

nggawe ukara prasaja

11.

Geguritan iku sawijining karya sastra kang nduweni titikan tartamtu. Ing ngisor iki kang klebu titikane geguritan yaiku .... (loro jawaban bener)

a)

basa sing digunakake ringkes lan endah

b)

ana pupuh lan guru lagu sing ketat

c)

isine mentes

d)

tansah nggunakake tembang dolanan

12.

Tembung pepindhan lan tembung kiasan kerep digunakake ing geguritan. Tujuwane yaiku ....

a)

supaya geguritan luwih tansah katon apik lan ngresepake

b)

supaya geguritan luwih endah

c)

supaya geguritan tansah padha karo cerkak

d)

supaya geguritan ora nganggo basa garing

13.

Pigunane geguritan ing kabudayan Jawa yaiku ....

a)

dadi sarana ngungkapake rasa pangrasa lan pikiran pangarang

b)

dadi sarana panglipur utawa hiburan

c)

dadi aturan baku babagan tembang macapat

d)

dadi piranti kanggo ngitung basa krama alus

14.

Unsur intrinsik ing geguritan kang wigati yaiku ....

a)

tema lan purwakanthi

b)

guru gatra lan guru wilangan

c)

diksi lan amanat

d)

crita lan tokoh

15.

Jinis geguritan iku kaperang dadi loro yaiku....

a)

gagrag lawas

b)

gagrag tradhisional

c)

gagrag modern

d)

gagrag anyar

16.

Geguritan gagrag lawas iku diwiwiti kanthi tembung sun gegurit.

a)

bener

b)

salah

17.

Geguritan iku amung arupa karangan bebas tanpa pitutur.

a)

bener

b)

salah

18.

Tema iku mujudake punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi mau.

a)

bener

b)

salah

19.

Geguritan iku kalebu karya sastra kang awujud gancaran.

a)

bener

b)

salah

20.

Munggah mudhune swara nalika maca geguritan iku prelu digatekake.

a)

bener

b)

salah

21.

Pamilihing tembung tegese tembung sing digunakake nduweni teges lugu utawa apa anane

a)

Geguritan gagrag anyar

b)

diksi

c)

geguritan gagrag lawas

d)

wiraga

e)

amanat

22.

Nduweni sipat bebas utawa tanpa paugeran.

a)

Geguritan gagrag anyar

b)

diksi

c)

geguritan gagrag lawas

d)

wiraga

e)

amanat

23.

Obahe tangan, awak, lan polatan sarta awak kudu luwes, ora kaku, lan ora katon digawe-gawe.

a)

Geguritan gagrag anyar

b)

diksi

c)

geguritan gagrag lawas

d)

wiraga

e)

amanat

24.

Basa kang digunakake tembung Jawa Kawi.

a)

Geguritan gagrag anyar

b)

diksi

c)

geguritan gagrag lawas

d)

wiraga

e)

amanat

25.

Piwulang becik kang diwedharake penganggit geguritan.

a)

Geguritan gagrag anyar

b)

diksi

c)

geguritan gagrag lawas

d)

wiraga

e)

amanat

26.

Gancaran yaiku karangan bebas kang awujud (a)  

27.

Pepeling lan pamrayoga supaya tumindak becik lan ninggalake kang tumindak ala diarani (a)  

28.

Gambaran papan, swasana, lan wektu kanggo narik kawigaten yaiku (a)  

29.

Maca geguritan iku klebu perangane maca (a)  

30.

Gancaran geguritan lumrahe awujud (a)  

31.

Apa kang diarani geguritan?

4 lines
32.

Sebutna apa wae kang kudu digatekake nalika maca endah geguritan!

4 lines