Search Header Logo
Kelas 5 Wulangan 6 Pasinaon 2

Kelas 5 Wulangan 6 Pasinaon 2

Assessment

Presentation

Other

5th Grade

Medium

Created by

Kelas Lima

Used 2+ times

FREE Resource

5 Slides • 5 Questions

1

Kelas 5 Wulangan 6 Pasinaon 2

Slide image

2

LINTANG PANJER RINA 

Sinta Ayu Kartika bocah wadon kang ayu rupane. Pawakane lencir. Kulitane kuning. Ing sekolah karan Sinta ngono wae. Sasolahe gandhes luwes. Eseme merak ati. Antenge kaya Dewi Sembadra. Eseme ngujiwat. Patrape alus anuraga kaya kurang candra turah rupa. Sinta ora ana cacade siji-sijia.

3


Sore kuwi Sinta mlaku-mlaku menyang kutha karo bapak lan ibune. Bayem erine, ketan pulukane. Sinta rumangsa ayem atine, ketekan panyuwune. Pak Harjo, bapake Sinta arep mundhutake sepedha jengki anyar. Sinta mentas wae dadi juwara lomba nembang. Senajan lomba nembang kuwi mung dianakake ing sekolah, nanging wong tuwane Sinta rumangsa mongkog atine. Ing jaman sarwa modern iki, putrane bisa dadi juwara nembang.

4

Polahe wong ing kutha kaya gabah diinteri. Lakune wong ngalor, ngidul, ngetan bali ngulon, padha golek rejeki dhewe-dhewe. Ing antarane wong kemrubut nguber rejekine, ana sawijine bocah cilik kang uga golek urip. Sinta rumangsa welas nyawang bocah kang pancen memelas, irunge gruwung, lakune kecincugan, tangane sing cekot ngathung nadhahi rejeki saka kawelasane wong liwat.

5

“Godhong klaras godhong kemangi, bocah memelas luru rejeki.” Batine Sinta karo ngulungake dhuwit sangune marang bocah cilik kuwi. “Matur nuwun, Mbak.” kandhane Si bocah karo nampani dhuwite Sinta. Sinta manthuk karo nguncalake eseme kang kaya madu.

6

Multiple Choice

Sing mlaku-mlaku ing wacan kui maeng yaiku......

1

Sinta

2

Pak Harjo

3

Bocah cilik

7

Multiple Choice

Sasolahe gandhes luwes. Eseme merak ati. Antenge kaya Dewi Sembadra. Eseme ngujiwat. Patrape alus anuraga.

kabeh iku mau kalebu tembung......

1

Panyandra

2

Panyendhu

3

Pepindhan

4

Parikan

8

Multiple Choice

Polahe wong ing kutha kaya gabah diinteri

kabeh iku mau kalebu tembung......

1

Panyandra

2

Panyendhu

3

Pepindhan

4

Parikan

9

Multiple Choice

Irunge gruwung, lakune kecincugan, tangane sing cekot.

kabeh iku mau kalebu tembung......

1

Panyandra

2

Panyendhu

3

Pepindhan

4

Parikan

10

Multiple Choice

“Godhong klaras godhong kemangi, bocah memelas luru rejeki.”

kabeh iku mau kalebu tembung......

1

Panyandra

2

Panyendhu

3

Pepindhan

4

Parikan

Kelas 5 Wulangan 6 Pasinaon 2

Slide image

Show answer

Auto Play

Slide 1 / 10

SLIDE