

CRITA PENGALAMAN
Presentation
•
Other
•
12th Grade
•
Hard
Linda Nawangsari
Used 1+ times
FREE Resource
10 Slides • 0 Questions
1
Dening :
Linda Puspita Nawangsari
SMP N 1 MAGELANG
BASA JAWA KELAS VII
SEMESTER GANJIL
2
3.4 Memahami isi teks cerita pengalaman
4.4 Menulis teks cerita pengalaman
3
Crita Pengalaman yaiku crita kang isine ngengingi bab pengalaman utawa kedadean kang dialami dhewe kang tansah dieling-eling lan ora bisa dilalekake.
4
Tuladhane : Pitik Kesayanganku Kecemplung Sumur
Tuladhane : TIba ing kelas
Tuladhane : Dadi Juara Loma Geguritan
5
Tuladhane : Gula Rasa Asin
Tuladhane : Ketemu Pocong ing Dalan
6
7
tema
paraga
penokohan
alur/plot
latar / setting
amanat / pesen
sudut pandang
8
Endhog Sapi
Nuju dina MInggu aku lan adhiku sowan simbah. Omahku karo daleme simbah ora adoh, udakara mung rong kilometeran. AKu lan adhiku goncengan numpak sepedha onthel. Wektu iku adhiku lagi kelas 2 SD dene aku kelas 6 SD. Aku sing nggenjot sepedhane. Wah, ya rada abot, adhiku kagolong longgor lan lemu sisan.
Tekan daleme simbah gemrobyos kringetku. Simbah seneng banget. Adhiku njur dijak mlebu dalem. Simbah kakung ndangu aku.
"Iki mau diutus bapak ibumu, apa mung dolan karepmu dhewe?"
"Anu Mbah, kajeng kula nggih mung dolan, nanging punika wau lajeng dipuntitipi ibu. Wande kagem Mbah Kakung, nyamping kagem Mbah Putri."
9
"Wah... ya...ya... daktampa. Wong sing ngaturi dhisik kae rung dakagem kok, iki malah ngirimi maneh."
Sawise sholat dhuhur, Simbah ndhawuhi aku lan adhiku madhang.
"Kene gek dha njupuk dhewe-dhewe. Kebeneran Simbah masak gule daging sapi. Ayo ndang... nyidhuk!"
Adhiku nyela, ujare emoh daging sapi. Gandheng adhiku ora gelem daging sapi, mula Mbah Putri banjur nawani lawuh liya.
"Ya wis ra apa-apa, yen daginge ora doyan, kuwi endhoge wae!"
"Mbah, dagingipun mawon kula emoh kok, napa malih endhoge sapi!" adhiku matur karo njekutrut praupane.
Bareng krungu kandhane adhiku mau kabeh padha meneng sedhela, ora let suwe simbah kakung putri padha gumujeng, aku dhewe yang kepingkel-pingkel.
10
"Kowe ki salah tampa, Dhik. Kersane simbah, yen kowe ora gelem daginge ya endhoge wae, kuwi ora kok endhoge sapi nanging iki lho endhog pitik ...!"
Adhiku mlengeh lega. Apa tumon ana wong ditawani endhog pitik kok dikira endhog sapi. Pengalaman lucu kuwi ora bisa daklalekake. Tarkadhang yen kelingan malah sok kudu ngguyu dhewe.
kapethik saking:
Buku Paket Padha Bisa Basa Jawa 1
kaca 43
Dening :
Linda Puspita Nawangsari
SMP N 1 MAGELANG
BASA JAWA KELAS VII
SEMESTER GANJIL
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 10
SLIDE
Similar Resources on Wayground
10 questions
Belajar
Presentation
•
11th Grade
6 questions
Unsur Kebahasaan Teks Geguritan
Presentation
•
11th Grade
7 questions
Buku pintar
Presentation
•
KG
6 questions
Presentasi quizizz b.Indo
Presentation
•
KG - University
5 questions
ASESMEN DIAGNOSTIK PANATACARA
Presentation
•
University
7 questions
KONFIGURASI ACCESPOINT OUTDOOR
Presentation
•
11th Grade
7 questions
ppt quizizz
Presentation
•
University
8 questions
Menelaah Teks Biografi
Presentation
•
11th Grade
Popular Resources on Wayground
10 questions
Safety Day 2026 – Student Review
Quiz
•
9th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
12 questions
Map Skills
Quiz
•
3rd Grade
22 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
5th Grade
15 questions
Rounding Decimals
Quiz
•
5th Grade
Discover more resources for Other
26 questions
SLIME!!!!!
Quiz
•
KG - 12th Grade
21 questions
Los paises hispanohablantes y sus capitales
Quiz
•
12th Grade
20 questions
Cell Transport
Quiz
•
9th - 12th Grade
20 questions
Budgeting
Quiz
•
9th - 12th Grade
20 questions
Investing
Quiz
•
9th - 12th Grade
8 questions
DNA vs. RNA
Presentation
•
9th - 12th Grade
12 questions
Identify Rigid Transformations
Quiz
•
8th - 12th Grade
10 questions
Complementary, Supplementary, Vertical, and Linear Pairs
Quiz
•
9th - 12th Grade