
BUSANA ADAT JAWA
Presentation
•
Education
•
12th Grade
•
Easy
Retno Wardani
Used 12+ times
FREE Resource
23 Slides • 10 Questions
1
by Retno Kusumo Wardani
2
Menunjukkan teks deskripsi.
Menjelaskan teks deskriptif tentang pakaian adat Jawa.
Menganalisis pokok-pokok isi teks deskriptif tentang pakaian adat Jawa.
Menceritakan kembali isi teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa.
3
Teks deskripsi yaiku teks utawa tulisan sing nggambarake sawijining objek kanthi rinci supaya wong sing maca kaya-kaya ndeleng dhewek objek kasebut senajan ora ndeleng langsung.
4
Njlentrehake utawa njelasake kanthi langsung miturut panemune sing weruh.
Adhedhasar observasi utawa pengamatan.
Pamaca/ pembaca bisa mangerteni kang dikarepake penulis.
Nduweni sipat imajinasi nanging adhedhasar fakta utawa penggambaran.
Nduweni tujuan nyiptakake imajinasi sing maca, saengga sing maca kaya-kaya weruh dhewe bab sing dideskripsiake mau
5
6
BUSANA ADAT JAWA PUTRI
7
Tembung kebaya asale saka tembung abaya kang tegese klambi utawa ageman. Kebaya yaiku busana jenis tunik, blus utawa blus kanggo klambi dhuwuran kang dienggo khusus dening wong wadhon. Kebaya iki minangka pralambang wanita Jawa kang alus tumindake uga manut marang dhawuh/ prentahe wong tuwa lan garwane/ bojone.
8
Ukel utawa gelung utawa sanggul yaiku rambut asli utawa palsu kang digawe wujud oval lan ditempel ing mburi sirah. Ing jaman saiki, gelung ora mung digawe saka rambut manungsa, nanging uga bisa digawe saka wulu kewan lan serat godhong palma.
Ukel utawa gelung utawa sanggul iki nduweni filosofi wong wadon kang kudu bisa nyimpen rahasiane dhewe lan keluargane. Tegese nek wong wadon duwe masalah pribadi utawa masalah keluarga kudu bisa disimpen neng mburi (sirahe), ngarepe kudu tetep mesem lan semanak.
9
Setagen yaiku kain tenunan kang dhawane 4 m nganti 12 m, fungsine kanggo ngiket jarik supaya ora gampang ucul. Filosofi utawa simbol setagen yaiku nggambarake wong kang sabar utawa dawa ususe.
10
Kemben yaiku klambi kang digunakake wong wadon kanggo nutup bagian weteng lan dadane, gunane supaya weteng keton luwih singset lan kanggo nutup bagian payudara. Ing masyarakat padhesan, kemben iki biasa digunakake dadi gantine klambi.
11
Jarik utawa sinjang yaiku kain sing digunakake kanggo nutupi awak saka bangkekan tekan sikil. Jarik nduweni filosofi aja gampang serik, yen ngadepi masalah kudu ngati-ati aja grusa-grusu.
12
Cunduk jungkat yaiku aksesoris kang dipasang saka arah dhuwur unyeng-unyeng. Cunduk jungkat nduweni nilai pendhidhikan ngambarake kesucian, dadi yen ana penganten wanita nganggo busana basahan karo cunduk jungkat ing sirahe, mula penganten kuwi isih Kenya/ perawan utawa isih suci. Cunduk jungkat uga nduweni teges tumata. Penganten wanita dikarepake bisa nata keluargane supaya bisa urip bebrayan kanthi becik.
13
Cunduk mentul yaiku paesan kang manggon ngadeg ing sirah. Cunduk mentul biasane jumlahe 5, 7 utawa 9. Nanging bisa uga 1, utawa 3. Biasane cunduk mentul jumlahe ganjil. Cunduk mentul kang jumlahe 1 nggambarake Gusti Kang Maha Esa, cunduk mentul 3 nggambarake trimurti (pencipta, pemelihara dan pelindung). jumlah 5 nggambarake rukun Islam, jumlah 7 nggambarake pitulungan (saka tembung pitu), lan jumlah 9 simbol wali sanga. Cunduk mentul biasane dipasang madhep mburi, nduweni teges menawa wanita kuwe kudu ayu ngarep lan mburine (apik lair lan batine)
14
Sandhal selop yaiku sandhal kang digawe saka bahan kulit kewan kang diolah lan wujude nutupi bagian driji, geger sikil lan bageyan tungkak kebukak. Selop nduweni teges nyembah marang Gusti Allah, supaya saka lair nganthi bathin, ing njero ati mung sumeleh. Selop uga nduweni jeneng liya canela kang maknane canthelna jroning nala utawa ati.
15
16
Udheng utawa blangkon utawa dhestar yaiku busana kakung kang dienggo kanggo nutupi sirah. Blangkon nduweni filosofi wong lanang kudu nduweni pemikiran kang kuat, tenang, wibawa, lan wicaksana. Iki katitik saka wujude blangkon kang kaku, rapi, lang awe adem nalika dienggo. Iki nggambarake pria kudu kuat, rapi, lan nduweni wibawa, sarta nduweni pikiran kanga dem/ tenang nalika ngadepi masalah.
17
Rasukan saka tembung rasuk kang tegese mlebu kanthi jero/ mlebu sakabehane. Filosofi saka rasukan yaiku kita kudu nyinaoni elmu kanthi teman lan kudu bener-bener paham nganti tekan intining ilmu.
18
Beskap mesthi nganggo benik/ kancing kang ana ing sisih kiwa lan tengen. Filosofi saka benik yaiku kabeh hal/ samubarang kudu diniknik, yaiku kudu diitung kanthi premati supaya ora ngrugekake wong liya.
19
Sabuk dienggo supaya kanggo njaga supaya kain katon rapi lan kuat. Makna saka sabuk yaiku keistiqomahan lan konsistensi manungsa kanggo njaga iman lan takwane marang Gusti Allah.
20
Epek saka tembung epek utawa golet. Maknane minangka wong urip kudu bisa golet rejeki lan ilmu kang wis disediyakake dening Gusti Allah.
Timang iku symbol ilmu kang disinauni kudu dipahami kanthi jelas, supaya ora gawe mangmang (ragu-ragu) lan salah paham nalika nggawe keputusan.
21
Jarik kang dienggo nggubed badan saka bangkekan tekan kemiri sikil iki kudu fleksibel (ora angel menawa dienggo mlaku). Jarik iki nggambarake wong lanang kang kudu luwes lan fleskibel. Fleksibel marang peraturan lan luwes nalika srawung karo sapa baen. Jarik uga nduweni makna keputusan kang dijupuk aja ngrugekake wong liya, lan uga aja gampang serik.
22
Keris iki gaman khas Jawa Tengah. Keris dienggo kanggo siaga nalika ngadepi bebaya. Keris iki nglambangake kekuatan. Wong lanang kudu bisa njaga keluargane saka kondisi bahaya. Keris iki symbol wong lanang kudu kuat fisik lan mental menawa ngadepi pacoban
23
Naah, saatnya tes pengetahuan tentang pakaian adat Jawa ya ....
Siaappp ...
24
Multiple Choice
Beskap kelebu rasukan, beskap wujude kaya jas, gulune katutup karo kancing ing sisih tengah. Dhadha sakmengisor katutup tangkepan mangiwa, miring mangisor. Kancinge sakmengingsor ana telu. Dene sisih tengen dhadha diapsangi kancing (benik) cacah loro.
Paragraf kasebut kelebu paragraf jenis ... .
narasi
deskripsi
persuasi
argumentasi
eksposisi
25
Multiple Choice
Padatan/ biasane dipunangge tiyang estri ingkang dipuntempel sawingkingipun mustaka radi nginggil minangka rikma tambahan. Gambar ingkang dipunkajengaken inggih menika ... .
26
Multiple Choice
gambar iki dienggo saka dhuwur unyeng-unyeng lan nggambarake ...
pitulungan
kesucian
kedewasaan
trimurti
Gusti Kang Mahas Esa
27
Multiple Choice
Busana iki awujud kain tenunan kang dhawane 4 m nganti 12 m, fungsine kanggo ngiket jarik supaya ora gampang ucul. Filosofi utawa simbole yaiku nggambarake wong kang sabar utawa dawa ususe.
Gambar busana kasebut yaiku ...
28
Multiple Choice
Filosofi saka perangan busana iki yaiku kabeh hal/ samubarang kudu diniknik, yaiku kudu diitung kanthi premati supaya ora ngrugekake wong liya.
Busana kang dimaksud yaiku ...
blangkon
canela
beskap
duwung/ keris
benik
29
Multiple Choice
Busana iki nduweni filosofi wong lanang kudu nduweni pemikiran kang kuat, tenang, wibawa, lan wicaksana, dienggo neng mustakane wong lanang.
Gambar saka busana kang dimaksud yaiku ... .
30
Multiple Choice
gambar iki bagian saka busana adat Jawa kang dienggo neng mustakane wong wadon.
Gambar iki diarani ... .
cunduk jungkat
canela
cunduk mentul
selop
gelung
31
Multiple Choice
Busana iki saka tembung rasuk kang tegese mlebu kanthi jero/ mlebu sakabehane. Filosofi saka busana iki yaiku kita kudu nyinaoni elmu kanthi temen lan kudu bener-bener paham nganti tekan intining ilmu.
Busana kasebut diarani ... .
kemben
gelung
be
kebaya
epek
32
Multiple Choice
Gaman iki dienggo kanggo siaga nalika ngadepi bebaya, nglambangake kekuatan. Wong lanang kudu bisa njaga keluargane saka kondisi bahaya. Gaman iki symbol wong lanang kudu kuat fisik lan mental menawa ngadepi pacoban.
Gaman tradisional iku arane ... .
be
k
keris
arit
bedhil
33
Multiple Choice
1. Ing ngisor iki tata cara nganggo epek yaiku diubengake ing ... .
sabuk, ubedake mangiwa
setagen,diubedake manengen
ngisor kanthi kenceng
dhuwur kanthi ngati-ati
sangisore mustaka
by Retno Kusumo Wardani
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 33
SLIDE
Similar Resources on Wayground
34 questions
Project WIZARDS Session
Presentation
•
KG
27 questions
Đố vui
Presentation
•
University
28 questions
Pengembangan Program Supervisi Pendidikan
Presentation
•
University
25 questions
Materi Jaringan komputer dan Internet
Presentation
•
11th Grade
23 questions
Quiz SQUAD TERMINAUX
Presentation
•
KG - University
31 questions
Grade 10 ICT
Presentation
•
KG - University
26 questions
ÔN TẬP POLIME
Presentation
•
10th - 12th Grade
32 questions
Computer Networks Part 1
Presentation
•
University
Popular Resources on Wayground
10 questions
How much do you know about our Portrait of an Eagle?
Quiz
•
10th Grade
10 questions
Fast Food Slogans
Quiz
•
6th - 8th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
12 questions
Map Skills
Quiz
•
3rd Grade
22 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
5th Grade
Discover more resources for Education
20 questions
Brand Labels
Quiz
•
5th - 12th Grade
10 questions
Exploring the 4 Major Macromolecules and Their Functions
Interactive video
•
9th - 12th Grade
21 questions
Los paises hispanohablantes y sus capitales
Quiz
•
12th Grade
20 questions
Cell Transport
Quiz
•
9th - 12th Grade
20 questions
Budgeting
Quiz
•
9th - 12th Grade
20 questions
Investing
Quiz
•
9th - 12th Grade
11 questions
NFL Football logos
Quiz
•
KG - Professional Dev...
25 questions
Spanish Cognates
Quiz
•
7th - 12th Grade