
bahasa jawa
Presentation
•
World Languages
•
7th Grade
•
Hard
yuhrotun nisa88
FREE Resource
9 Slides • 0 Questions
1
Cerita Rakyat
by yuhrotun nisa88
2
"Bhaureksa - Rantasari
Awit kasil anggenipun babad wana Roban saha damel bendungan, Bhaureksa kaangkat dados Bupati ing Kendal. Saderengipun angayahi jejibahan minangka Bupati, ayahan ingkang kedah dipunlampahi inggih menika mapag putri Kalisalak ingkang asma Dewi Rantansari saprelu kaboyong dhateng Mataram minangka garwa prameswari ingkang Sinuwun Sultan Agung Hanyakra Kusuma. Nanging sasampunipun dumugi ing Kalisalak, Bhaureksa kayungyun sanget dhateng Retna Rantansari ingkang panci ayu sulistya ing warni . Kosok wangsulipun Rantansari ugi kayungyun dhateng Bhaureksa. Bhaureksa lajeng bingung kadospundi anggenipun Dewi Rantansari badhe kaaturaken dhumateng Ingkang Sinuwun.
3
​
Wontenipun kadadosan menika Bhaureksa lajeng nyuwun pitedah dhumateng ingkang rama Ki Ageng Cempaluk ing dhusun Kesesi.Bhaureksa lajeng kadhawuhan
dhateng dhusun Kalibeluk ingkang boten tebih kaliyan Kalisalak.Ing ngriku Bhaureksa pinanggih kaliyan pawestri ingkang rupinipun sami kaliyan Dewi Rantansari. Lare pawestri kalawau namanipun Endang Wuranti anakipun bakul srabi ingkang mangke badhe kaaturaken dhateng Sinuwun Sultan Agung Hanyakrakusuma.
4
lanjutan
Sasampunipun Endang Wuranti pikantuk idi palilah saking tiyang sepuhipun, nuli kabekta lan kaaturaken dhateng Ingkang Sinuwun ing Mataram. Rantansari kadhawuhan Bhaureksa supados nggentosi Dewi Rantansari pramila lajeng kapurih ngaken nama Dewi Rantansari manawi kadangu Ingkang Sinuwun.
5
Wonten ing Mataram, Endang Wuranti kaaturaken dhateng Sinuwun nanging sareng kaajak lenggah jajar kalayan ingkang Sinuwun, Endang Wuranti semaput awit panci boten pikantuk wahyuning prameswari. Sinuwun
Sultan Agung Hanyakra Kusuma jubriya dhateng pawestri menika. Sasampunipun mantun semaputipun Endang Wuranti kadangu lan matur dhumateng Ingkang Sinuwun bilih kapurih ngaken nama Rantansari dening Bhaureksa.
6
​
Priksa kados makaten, Bhaureksa kadukanan lan nampi paukuman ingkang awrat inggih menika kedah : 1. babad wana Gambiran, 2. damel kapal Kaladhuta saha 3. mandhegani prajurit Mataram nglurug perang ing Batavia mawi kapal wau ngantos kasil. Amargi ngrumaosi lepat, pramila Bhaureksa nindakaken paukuman menika kanthi renaning manah.
7
Ing salajengipun Endang Wuranti kaparingan bebingah arupi emas ingkang endah sanget awit saking watakipun ingkang jujur dhumateng Ingkang Sinuwun saha dipunpangestoni bilih benjang anggenipun sesadeyan srabi ing Kalibeluk saged laris lan kawentar ing pundi-pundi. Wusananipun Endang Wuranti dipunkeparengaken wangsul ing dhusunipun. Ngantos sapriki srabi Kalibeluk saestu kaloka utawi misuwur dumugi ing pundi-pundi.
(Kapethik saking cariyos “Kisah Bhaureksa” dening Bejo Sutrisna kanthi ewah-ewahan sawetawis)
​
8
​
A. Tegesipun tembung-tembung ingkang angel ing cariyos nginggil
- angayahi = nindakaken
- jejibahan = kuwajiban
- ayahan = pagaweyan
- mapag = manggih, methuk
- kayungyun = kepranan, kapiluyu, kepencut, kasengsem
- idi palilah = izin, restu
- awrat = abot
- pawestri = wong wadon
- kapurih = kadhawuhan supados,supaya
- jubriya = boten pitados (curiga : Indo.)
- kadangu = ditakoni
- mandhegani = mimpin
- nglurug = mangkat perang, marani panggonane mungsuh
- bebingah = bebungah, hadiah
- renaning manah = legawa, lila, eklas
- kawentar = misuwur, kaloka, kondhang
- kaloka = kondhang
9
A. Kawangsulana pitakenan-pitakenan ing ngandhap menika kanthi patitis!
1. Sinten sajatosipun Bhaureksa menika?
2. Sinten Dewi Rantansari menika?
3. Menapa ingkang kadadosan sasampunipun Bhaureksa pinanggih kaliyan Dewi Rantansari?
4. Sinten Ki Ageng Cempaluk menika?
5. Sinten Endang Wuranti menika?
6. Wonten kedadosan menapa sasampunipun Endang Wuranti lenggah jajar kaliyan Sultan Agung Hanyakrakusuma?
7. Paukuman menapa ingkang katampi Bhaureksa amargi sampun ndhelikaken Dewi Rantansari?
8. Bebingah menapa ingkang dipuntampi Endang Wuranti saking Sultan Agung?
9. Kadospundi Endang Wuranti anggenipun sadeyan srabi sasampunipun pikantuk pangestu saking Sultan Agung?
10. Dhusun Kalibeluk menika kalebet kecamatan pundi?
Cerita Rakyat
by yuhrotun nisa88
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 9
SLIDE
Similar Resources on Wayground
10 questions
Introduction to Gerunds
Presentation
•
6th - 8th Grade
10 questions
Tenses
Presentation
•
6th - 7th Grade
8 questions
All about me
Presentation
•
6th - 7th Grade
6 questions
PARTICIPLE I & PARTICIPLE II
Presentation
•
8th Grade
10 questions
Gerunds
Presentation
•
KG
6 questions
Verb Tense: Info Review
Presentation
•
6th Grade
10 questions
Tembang Macapat
Presentation
•
7th Grade
7 questions
Exploring the Future: Unraveling the Mystery of Future Tenses
Presentation
•
8th Grade
Popular Resources on Wayground
6 questions
PRIDE Always and Everywhere
Presentation
•
12th Grade
20 questions
Lab Safety Quiz
Quiz
•
6th Grade
26 questions
KOR Review Kahoot Questions
Quiz
•
8th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
12 questions
Unit Zero lesson 2 cafeteria
Presentation
•
9th - 12th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
10 questions
Riddles Riddles fun Riddles
Quiz
•
6th - 12th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
Discover more resources for World Languages
25 questions
Spanish Cognates
Quiz
•
7th - 12th Grade
14 questions
Los Dias de la Semana
Quiz
•
6th - 8th Grade
22 questions
Greetings and Goodbyes
Quiz
•
7th Grade
20 questions
Los saludos y las despedidas
Quiz
•
5th - 8th Grade
20 questions
Los Paises/ 21 Spanish Speaking Countries
Presentation
•
6th - 12th Grade
28 questions
Los verbos reflexivos
Quiz
•
7th - 12th Grade
20 questions
Telling Time in Spanish
Quiz
•
3rd - 10th Grade
13 questions
Greetings & Good-byes
Quiz
•
7th Grade