Search Header Logo
b jawa

b jawa

Assessment

Presentation

English

4th Grade

Hard

Created by

fajar Kurniawan

FREE Resource

2 Slides • 0 Questions

1

b jawa

By fajar Kurniawan

2

Raden Werkudara

​Raden Werkudara kuwi panenggake Pandhawa. Raden Werkudara kuwi satriya Jodhipati. Dedege Werkudara gagah gedhe dhuwur. Kalebu swarane uga gedhe jumleger. Apa maneh yen pinuju nesu, swarane kaya-kaya njugrukake gunung. Nanging watake satriya pinunjul banget.

Raden Werkudara ora seneng umuk, ora goroh, tur ora nate pamer kekuwatane. Kamangka Raden Werkudara kuwi sekti mandraguna. Wesi gligen wae bisa ditoklek nganggo tangane. Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh banget. Kukune mau bisa kanggo nyuwek-nyuwek cangkeme macan sing galak. Kukune Werkudara sing ampuh kuwi jenenge kuku pancanaka. 

Sanajan nduweni kekuwatan kang linuwih satriya perkasa iki ora nduweni sifat kang gumedhe. Dheweke malah dhemen tetulung marang wong liya.

Some text here about the topic of discussion

b jawa

By fajar Kurniawan

Show answer

Auto Play

Slide 1 / 2

SLIDE