
BAHASA JAWA
Presentation
•
Other, Education
•
10th Grade
•
Hard
Sukari Ati
Used 3+ times
FREE Resource
11 Slides • 0 Questions
1
BAHASA JAWA
By Sukari Ati
2
Panganan Tradisional
3
Panganan tradisional yaiku panganan lan piring sing diwarisake kanthi turun temurun utawa sing wis dikonsumsi nganti pirang-pirang generasi.
4
TULADHA PANGANAN TRADISIONAL
1. APEM
Apem iku klebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki panganan tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara manca kang nyebar ing saindenging nusantara. Kaya dene apem, saiki wis arang banget. Biasane apem iki didol ing pasar-pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom. Apem iki digawe saka glepung beras lan tape tela.
5
Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja lali gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasa legi lan enak. Saliyane iku bahan–bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Bahan– bahan kabeh mau diuleni kanthi rata. Sawise kuwi dimasak nganggo cetakan apem. Sadurunge kanggo masak apem, cetakan mau dioser-oseri nganggo lenga klentik. Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liya-liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.
6
Gambar apem
7
KLEPON
Klepon yaiku panganan tradisional jawa sing kalebu jajanan pasar.Ing Jawa panganan kie dijenengi Klepon, nanging ing Sumatra,Sulawesi lan Malaysia panganan kie dijenengi onde-onde. Ing jawa onde-onde yaiku panganan saka tepung beras diisi adonan kacang ijo lan dibalur wijen.
Klepon warnane ijo, isine gula jawa kang wis cair amarga wis direbus, lan ditambah parutan kelapa ing jabane. Ukurane memper kaya bakso nanging biasane lewih cilik. Rasane legi amarga gula jawa nang jero klepon kue dewek. Bahan dasar klepon saka tepung beras ketan.
Klepon digawe saka tepung beras ketan, digawe adonan diweih godhong suji. Sawise adonan dadi, jimot adonan lan sogi gula jawa nang tengahe, bar kue digawe bunder memper bal. Sawise dadi, adonan mau direbus guthul ngambang. Entas klepon lan digulingke ming klapa parut. Klepon siap disajikake
8
FILOSOFI KLEPON
Filosofi wonten tetedhan klepon menika kangge pralambang tiyang sing boten neka-neka, kang tansah apa anane utawa prajasa. Werna ijeme nggadhahi pralambang kasuburan, nalikane teng Nuswantara, kathah panggenan kang nggambarake pulo kang sibur. Warni pethak kangge pralambang kasucen. Menawi saking caranipun dhahar nglambangaken supados menawi dhahar boten kanthi micara lan ampun kanthi tutuk kang tinarbuka.
9
Gambar Klepon
10
TUGAS
Golekna filosofi/makna panganan ing ngisor iki!
wajik
bubur abang putih
jenang procot
lontong
kupat
jenang sumsum
jenang lemu
11
MATUR NUWUN
BAHASA JAWA
By Sukari Ati
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 11
SLIDE
Similar Resources on Wayground
11 questions
Presentasi Interaktif - Jaringan Komputer dan Internet Kelas X
Presentation
•
10th Grade
10 questions
Bahasa Jawa
Presentation
•
10th Grade
11 questions
Fly Series
Presentation
•
9th Grade
11 questions
Dasar-dasar Teknik Jaringan Komputer dan Telekomunikasi
Presentation
•
10th Grade
10 questions
TOÀN CẦU HÓA VÀ CÁC VẤN ĐỀ THẾ GIỚI
Presentation
•
10th Grade
8 questions
Jaringan Komputer
Presentation
•
10th Grade
10 questions
Presentasi Interaktif Pupuh
Presentation
•
9th Grade
7 questions
Jardas X
Presentation
•
10th Grade
Popular Resources on Wayground
6 questions
Secondary Safety Quiz
Presentation
•
9th - 12th Grade
10 questions
MyPath Diagnostic Overview
Presentation
•
6th - 8th Grade
20 questions
Lab Safety Quiz
Quiz
•
6th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Adding and Subtracting Decimals
Quiz
•
5th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
21 questions
Lab Safety
Quiz
•
10th Grade