
mapel unggah-ungguh
Presentation
•
Education
•
1st Grade
•
Practice Problem
•
Medium
eti etiwin
Used 39+ times
FREE Resource
7 Slides • 10 Questions
1
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
Wong urip kuwe pasti mbutuhake wong liya, ora ana wong sing bisa urip dhewekan tanpa pitulungane sekang wong liya. Gegayutan karo babagan neng ndhuwur, basa kuwe nduweni kagunan sing penting amarga menungsa kuwe anggone bebrayan karo wong liya nganggo pacelathon utawa omong-omongan. Dene pacelathon kuwe saranane yaiku basa.
Omong-omongan utawa pacelathon karo wong liya ana tata kramane utawa unggah-ungguhe. Unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata susila, tata pranataning basa miturut manggone tata krama utawane nganggo basa.
2
a. Sultan Alisjabana (Sta), basa ateges pangecapan pikiran lan rasaning manungsa kanthi tinata nganggo piranti swara.
b. Madong Lobis, basa yaiku piranti sing paling becik kanggo medharake/ ngungkapaken kekarepan.
c. Lecoutera, basa yaiku piranti sing mung diduweni dening manungsa kanggo nglairaken pikiran, rerasan lan kekarepan.
d. St. Mohd. Zain, basa yaiku piranti kanggo nglairaken panguneg-uneging pikiran maring wong liya.
e. Dr. Niewenhuis, basa tegese piranti sing awujud swara, tandha utawa tulisan sing adhedhasar pikiran lan kekarepan.
Sakcara umum, basa bisa ditegesi piranti kanggo sesrawungan neng antarane manungsa siji karo sijine. Neng ngisor iki ana panemu sekang para ahli basa, kayata:
3
Adhedhasar undha usuking basa sakcara garis besar basa Jawa diperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama. Neng antarane basa rong werna kuwe esih ana sing diarani basa madya utawa krama madya. Dadi undha usuke yaiku: ngoko, madya, lan krama.
Basa ngoko dinggo kanggo sesambungan karo wong sing wis kulina, akrab utawa satataran. Basa madya dinggo kanggo sesambungan karo wong sing urung patiya akrab. Dene basa krama dinggo kanggo sesambungan karo wong sing urung kenal utawa wong sing tataran bebrayan luwih dhuwur.
4
Basa ngoko bisa diperang dadi loro, yaiku basa ngoko lugu lan basa ngoko alus. Dene basa krama uga bisa diperang dadi loro yaiku basa krama madya/ lugu lan basa krama inggil/ alus.
Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu, yaiku basa sing tetembungane ngoko kabeh. Basa ngoko dinggo neng:
· Wong tuwa marang wong sing luwih enom
· Sapadha-padha sing wis kulina/ akrab
· Bocah cilik sing urung bisa kandhahan cetha
· Wong sing lagi grenengan utawa nguda rasa
· Guru maring muride
Tuladha :
· Mas Roni lagi mangan sega goreng.
· Kowe gelem mangan mi goreng mas?
· Nalika Bapak lagi adus, Simbah bali sekang Surabaya.
unggah-ungguh basa Jawa
5
· Mas Roni lagi dhahar sega goreng.
· Panjenengan kersa dhahar mi goreng mas?
· Nalika Bapak lagi siram, Eyang kondur sekang Surabaya.
Tuladha:
Basa ngoko alus dinggo neng:
· Ibu maring bapak/ garwane
· Wong tuwa marang wong sing luwih enom, tapi wong enom mau nduweni kalenggahan sing perlu dikurmati
· Wong sing kalenggahan sedrajat
Basa ngoko alus, yaiku basa sing tetembungane ngoko kacampuran karo tembung krama inggil maring wong sing disengi kandhahan utawa wong sing dikandhahi saperlu kanggo ngurmati maring wong kuwe. Dene ater-ater lan panambange tetep ngoko. Menawa ngoko alus kang nganggo krama inggil yaiku kata kerja lan Kata Ganti Orang.
Ngoko Alus
unggah-ungguh basa Jawa
6
Krama Lugu
Basa krama lugu, yaiku basa sing kanggo ngurmati wong sing diajak omong-omongan, dene basane nganggo tembung krama madya kabean, ater-ater lan panambange uga dikramakaken. Tembung sesulih wong aku dadi kula, kowe dadi sampeyan.
Basa krama lugu dinggo neng:
· Maring sapadha-padha utawa priyayi sing rumangsa derajate luwih dhuwur tinimbang priyayi sing diajak kandhahan
· Ngobrole wong tuwa maring wong sing luwih enom tapi durung kulina/ akrab
· Ngobrole batir karo batir tapi durung kulina/ akrab
Tuladha:
· Mas Roni saweg nedhi sekul goreng.
· Sampeyan purun nedhi mi goreng mas?
· Nalika Bapak saweg adus, Simbah wangsul saking Surabaya.
unggah-ungguh basa Jawa
7
Krama Alus
Basa krama alus, yaiku basa sing kanggo ngurmati maring wong sing diajak kandhahan, utawa wong sing dikandhahi. Dene wujude nganggo tembung krama kacampur karo tembung krama inggil, ater-ater lan panambange uga dikramakaken.
Basa krama alus dinggo neng:
· Wong enom maring wong sing luwih tua
· Anak maring wong tuwane
· Murid marang gurune
· Kenalan anyar
· Pembantu maring majikane
· Pimpinan maring ngisorane
Tuladha:
· Mas Roni saweg dhahar sekul goreng.
· Panjenengan kersa dhahar mi goreng mas?
· Nalika Bapak saweg siram, Eyang kondur saking Surabaya.
unggah-ungguh basa Jawa
8
Multiple Choice
Bapak Ridwan saweg ngendika kaliyan Mas Dimas tangga tepalihipun ingkang saniki sampun dados dhokter. Bapak Ridwan kedahipun ngginakaken basa....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Krama desa
9
Multiple Choice
Teng ngandhap punika ingkang ngginakaken basa ngoko alus, kejawi....
Ibu dhumateng garwanipun/ bapakipun
Tiyang ingkang kalenggahanipun sadrajat
Tiyang ingkang nembe tepang/ tetepangan enggal
Tiyang sepuh dhumateng tiyang nem, nanging tiyang nem punika nggadhahi kalenggahan ingkang kedah dipun kurmati
Guru dhumateng guru sanesipun
10
Multiple Choice
Basa ingkang dipunginakaken basa ingkang kangge ngurmati tiyang ingkang dipun ajak wicantenan, dene basanipun ngginakaken basa krama madya sedaya, ater-ater lan panambangipun ugi dipunkramakaken. Tembung sesulih tiyang, aku dados kula, kowe dados sampeyan, punika pangertosan saking basa....
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Basa kedhaton
Ngoko lugu
11
Multiple Choice
Miturut unggah-ungguh basa, ukara teng ngandhap ingkang leres yaiku....
Kula sampun dhahar obatipun, pramila saniki kula sampun mantun
Wau ndalu Eyang Sastro pejah amargi sakit sepuh
Ibu kesah dhateng peken, tirosipun badhe tumbas wos kaliyan lisah
Bapak saweg maos koran teng teras, rayi kula saweg maos buku teng ruang tamu
Panjenengan kula aturi lenggah ingkang sekeca, sekedhap malih bapak tindak mriki
12
Multiple Choice
Bu Lik Padmi kesah dhateng peken kangge tumbas ulam kaliyan sarem.
Ukara teng inggil ngginakaken basa....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Krama desa
13
Multiple Choice
Gatekna pacelathon ing ngandhap menika!
Pak Bagyo: “Bingung kados pundi, ta Dhi?”
Pak Jaka: “Mangke menawi klentu anggen kula milih, lha inggih katiwasan, mangke malah kesasar-sasar dhateng pundi-pundi.”
Pak Bagyo: “Menawi mekaten, sekecanipun panjenengan nitih bis jurusan Solo-Semarang (....) Sukun, lajeng gantos (....) angkot jurusan Pasar Johar mandhap Tugu Muda.”
Jaka: “Oo...mekaten. Kula ngaturaken agenging panuwun, dene Kangmas sampun (....) maringi seserepan dhateng kula. ”
Jangkepi titik-titik pacelathon ing inggil menika kanthi unggah-ungguh ingkang trep!
Mudhun, numpak, gelem
Mandhap, numpak, kersa
Mandhap, nitih, kersa
Mudhun, nitih, purun
Mandhap, nitih, purun
14
Multiple Choice
Aku mangan gethuk, Ibu lunga pasar lan Simbah maca koran neng teras.
Ukara ing inggil menawi dipun dadosaken basa krama alus yaiku....
Kula dhahar gethuk, Ibu tindak peken lan Eyang maos ariwarti teng teras.
Kula nedhi gethuk, Ibu kesah pekan lan Eyang maos ariwarti teng teras.
Dalem nedhi gethuk, Ibu tindak peken lan Simbah maca ariwarti teng teras.
Kawula nedhi gethuk, Ibu tindak pasar lan Simbah maos ariwarti teng teras.
Kawula nedhi gethuk, Ibu tindak peken lan Eyang maos ariwarti teng teras.
15
Multiple Choice
Jumadi nganggo kaos warna putih. Basa kramane putih yaiku....
Abrit
Cemeng
Pethak
Jambon
Jenar
16
Multiple Choice
Basa krama alus/ inggil dipun ginakaken teng sinten dhumateng sinten kemawon, kejawi....
Tetepangan enggal
Batur dhumateng majikanipun
Tiyang ingkang kalenggahan sedrajat
Tiyang nem dhumateng tiyang sepuh
Putra dhumateng tiyang sepuhipun
17
Multiple Choice
Bu Jitem lunga maring Jakarta, dheweke arep niliki anake sing lagi lara.
Ukara teng inggil menawi dipunewahi dados basa krama alus yaiku....
Bu Jitem kesah dhateng Jakarta, piyambakipun arep niliki putrane ingkang saweg gerah.
Bu Jitem tindak dhateng Jakarta, panjenenganipun badhe niliki larenipun ingkang sakit.
Bu Jitem pangkat dhateng Jakarta, piyambakipun badhe tuwi putranipun ingkang saweg gerah.
Bu Jitem tindak dhateng Jakarta, panjenenganipun badhe tuwi putranipun ingkang saweg sakit.
Bu Jitem budhal dhateng Jakarta, piyambakipun badhe niliki putranipun ingkang saweg gerah.
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
Wong urip kuwe pasti mbutuhake wong liya, ora ana wong sing bisa urip dhewekan tanpa pitulungane sekang wong liya. Gegayutan karo babagan neng ndhuwur, basa kuwe nduweni kagunan sing penting amarga menungsa kuwe anggone bebrayan karo wong liya nganggo pacelathon utawa omong-omongan. Dene pacelathon kuwe saranane yaiku basa.
Omong-omongan utawa pacelathon karo wong liya ana tata kramane utawa unggah-ungguhe. Unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata susila, tata pranataning basa miturut manggone tata krama utawane nganggo basa.
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 17
SLIDE
Similar Resources on Wayground
15 questions
B. JAWA KELAS 5
Presentation
•
KG
15 questions
Las Posadas (Mexico)
Presentation
•
KG - 2nd Grade
11 questions
TIK Itu Kerennnn!
Presentation
•
KG
13 questions
FAMILY MEMBERS
Presentation
•
1st Grade
8 questions
TEORIA PEDAGOGICA
Presentation
•
1st Grade
9 questions
Rearrange Sentences
Presentation
•
1st Grade
10 questions
English
Presentation
•
1st Grade
14 questions
Lección 3
Presentation
•
1st Grade
Popular Resources on Wayground
16 questions
Grade 3 Simulation Assessment 2
Quiz
•
3rd Grade
19 questions
HCS Grade 5 Simulation Assessment_1 2526sy
Quiz
•
5th Grade
10 questions
Cinco de Mayo Trivia Questions
Interactive video
•
3rd - 5th Grade
17 questions
HCS Grade 4 Simulation Assessment_2 2526sy
Quiz
•
4th Grade
24 questions
HCS Grade 5 Simulation Assessment_2 2526sy
Quiz
•
5th Grade
13 questions
Cinco de mayo
Interactive video
•
6th - 8th Grade
20 questions
Math Review
Quiz
•
3rd Grade
30 questions
GVMS House Trivia 2026
Quiz
•
6th - 8th Grade
Discover more resources for Education
20 questions
Telling Time to the Hour and Half hour
Quiz
•
1st Grade
16 questions
Counting Coins counting money
Quiz
•
1st - 2nd Grade
20 questions
Halves and Fourths
Quiz
•
1st Grade
22 questions
2D & 3D Shapes & Attributes
Quiz
•
1st Grade
13 questions
Money
Quiz
•
1st Grade
20 questions
Addition and Subtraction facts
Quiz
•
1st - 3rd Grade
15 questions
Place Value tens and ones
Quiz
•
1st Grade
78 questions
SC Ready Reading Assessment Vocabulary
Quiz
•
1st - 5th Grade