Search Header Logo
Wacan Deskripsi

Wacan Deskripsi

Assessment

Presentation

World Languages

5th Grade

Practice Problem

Easy

Created by

Mahmud Ghani

Used 4+ times

FREE Resource

2 Slides • 8 Questions

1

​Wacan Deskripsi

  1. Mampu memahami pesan lisan dan informasi dari media audio, teks aural berupa teks deskripsi

  2. Mampu memahami informasi dari bacaan dan tayangan yang dilihat tentang narasi imajinatif berupa teks deskripsi

  3. Mampu bertanya tentang sesuatu, menjawab, dan menanggapi komentar orang lain (teman, guru, dan orang dewasa) dengan baik dan santun dalam suatu percakapan.

  4. Mampu mengungkapkan gagasan secara lisan dengan bantuan gambar dan/atau ilustrasi dari teks deskripsi

2

​Bun Upas ing Tlatah Dieng

media

​Tlatah Dieng mapan ing antarane kabupaten Wonosobo lan kabupaten Banjarnegara. Dhuwure udakara 2.093 DPL, mula hawane adhem. Dieng klebu papan wisata kang akeh ditekani turis lokal uga mancanagara. Saliyane papane kang endah, meh kabeh tlatah Dieng nduweni daya kanggo narik kawigaten para wisatawan.

Wisata ing Dieng iku antarane bisa nyawang srengenge mlethek (sunrise) ing Sikunir, curuk Sikarim, wisata budaya nyukur rambut gembel, wisata candi Arjuna, kawah Sikidang. Saliyane kuwi isih akeh papan wisata kang mapan ing Dieng. Salah sijine bun upas kang ana ing antarane wulan Juli lan Agustus.

Bun upas klebu fenomena alam kang arang kedaden yaiku bun kang wujude es kedadeyan saka suhu kang endhek. Kadhangkala nganti suhu minus derajat celsius. Para wisatawan beja bejan bisa menangi bun upas kasebut.

Ing pungkasan sasi Juli 2023 wingi, Dieng nduweni fenomena bun upas rada suwe udakara seminggunan. Kahanan kasebut ndadekake akeh wisatawan kang kepencut kepengin weruh kaya ngapa wujude bun upas ing tlatah Dieng.

​Bun upas kang dumadi ing Dieng kanggone wisatawan nyenengake ananging tumrap para tani ngrugekake. Ngrugekake amarga bun upas kang nempel ing tandurane para tani bisa ngrusak. Tanduran kasebut kayata kentang, sayuran, uga tanduran liyane. Bab kasebut ndadekake ora sida panen.

3

Open Ended

Ing ngendi mapane tlatah Dieng?

4

Open Ended

Wisata apa wae kang ana ing tlatah Dieng?

5

Open Ended

Apa ta bun upas kuwi?

6

Open Ended

Kapan adate bun upas ana ing tlatah Dieng?

7

Open Ended

Geneya akeh wisatawan kepencut marang bun upas?

8

Open Ended

Sepira dhuwure tlatah Dieng?

9

Open Ended

Ing taun 2023 kapan kedadeyane bun upas ing Dieng?

10

Open Ended

Geneya bun upas ngrugekake para tani?

​Wacan Deskripsi

  1. Mampu memahami pesan lisan dan informasi dari media audio, teks aural berupa teks deskripsi

  2. Mampu memahami informasi dari bacaan dan tayangan yang dilihat tentang narasi imajinatif berupa teks deskripsi

  3. Mampu bertanya tentang sesuatu, menjawab, dan menanggapi komentar orang lain (teman, guru, dan orang dewasa) dengan baik dan santun dalam suatu percakapan.

  4. Mampu mengungkapkan gagasan secara lisan dengan bantuan gambar dan/atau ilustrasi dari teks deskripsi

Show answer

Auto Play

Slide 1 / 10

SLIDE