
bahasa jawa
Quiz
•
Other
•
3rd Grade
•
Practice Problem
•
Medium

Smk Merdeka
Used 12+ times
FREE Resource
Enhance your content in a minute
40 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Mingkar mingkur ing angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah jawa,
Agama ageming aji.
Tembang pangkur ing dhuwur duwe amanat....
Kurangi melek bengi
Kurangi mangan lan turu supaya batin luwih landhep
Wong kudu eling marang Guti Allah
Gatekna pituture guru
Agama paling penting kanggo cekelan urip
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
“Bocah-bocah, aja lali sinau ya. Suk Senen wis wiwit testing. Bu Guru ndongakke muga-muga kowe kabeh bisa nggarap ujian lan antuk biji apik”. Mangkono pratelane Bu Guru sadurunge mungkasi jam pelajaran awan kuwi.
Dina Setu kuwi, murid-murid SMK ing pinggiran Kutha pancen isih ana pelajaran. Jam pelajarane diisi kegiyatan nggarap soal bareng-bareng. Bubar latiyan soal, Bu Guru ora lali ngandhani murid-murid lan mbombong atine supaya wayah testing sesuk padha semangat sinau lan wusanane bisa antuk biji sing apik kabeh. Saka pethilan cerkak ing dhuwur nilai kang bisa dijukut yaiku ....
Nilai sosial
Nilai moral
Nilai budaya
Nilai Estetika
Nilai pendidikan
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
......Esuk iku, swasana ing kantor katon ora kaya biasane. Kabeh pawongan katon padha sibuk mergane pancen dina iki kudu nggawe laporan bab penjualane montor neng showroom. Pak Karto sing duwe showroom ya padha melu sibuk amarga kudu ngecek laporan saka karyawane. Ton, iki laporanmu wis dak tampa, pancen akeh montor sing wis dak dol luwih saka liyane. Swarane Pak Karto ngendhikan karo Anton. Anton mung mesem lan ora sombong. Awit dheweke ya njaga perasaane kanca liyane sing isih akeh durung mlebu target. Ya cetha wae akeh, lha wong piyayine wae alus, sopan lan yen ngendhikan enak dirungokake, dadine para pelanggan kepincut. Apamaneh ditambah ngganteng sisan. Ayu melu nggodha Anton
Manut pethilan crita cekak ing dhuwur iku, panyerat anggone nudhuhake watake paraga yaiku kanthi teknik…
Analitik
Dramatik
Ekspositorik
Pragmatik
Psikomotorik
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Petugas isih ngusahakake kanggo korban banjir ing Pekalongan. Jumat 25 Januari 2019. Mangsa rendeng kang dawa kaya mangkene pancen mbebayani kanggo daerah sing rawan banjir. Tanpa ana penyebab saka manungsa wae kebanjiran iku bisa sawayah-wayah kedadean merga udan terus, apa maneh yen ana penyebab saka ulahe menungsa. “Kebanjiran anyak gebug 21.00 WIB, Jumat 25 januari 2019 ing Pekalongan. Penyebabe kebanjiran dikirakne sampahe akeh,” tembung Bupati Pekalongan, Adi Nugroho menehake informasi dina senen (28/1/2019).
Kang ora kalebu Isi saka pawarta ing dhuwur yaiku....
Penyebabe kebanjiran dikirakne sampahe akeh
Ora ana penyebabe kebanjiran ing pekalongan
Kebanjiran ing pekalongan jumat 25 januari 2019
Kebanjiran iku bisa sawayah-wayah kedadean merga udan terus
Mangsa rendeng kang dawa kaya mangkene pancen mbebayani kanggo daerah sing rawan banjir
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Pawarta ing dhuwur, kesimpulan isi pokok yaiku......
Romo Beny mratelakake alesan/ pawadan kanggo nolak kurikulum 2013
Romo Beny ora mratelakake alesan/ pawadan kanggo nolak kurikulum 2013
Andharan babagan nolak kurikulum 2006
Dwija lan rohaniwan Romo Benny, ora mlebu anggota Persekutuan Greja Indonesia (PGI)
Ing Kantor Indonesia Corruption (ICW), Lody Paat medhar andharan babagan nrima Kurikulum 2013
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Omah Adat Jawa
Omah tradhisional Jawa iku awujud Joglo. Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok yaiku pendhapa dumunung ing ngarep dhewe piguna utamane kanggo nampa tamu. Dibangun tanpa wates ruangan nglambangake pribadine wong Jawa kang tansah mentingake karukunan lan kekadangan. Pringgitan isih kalebu papan umum. Dumadi saka tembung “ringgit” sing tegese wayang. Jaman biyen panggonan iki biyasa kanggo nggelar pamentasan wayang. Kanthi maksud supaya manungsa nguri-uri kabudayan Jawa. Dalem Agung iku wujud bangunan inti saka omah joglo sing sifate luwih tinutup. Senthong/ krobongan ateges kamar sing biyasa kanggo turu lan kanggo nyimpen maneka wujud pusaka. Pakiwan yaiku panggonan kanggo reresik dhiri. Bagean mburi dhewe yaiku Gandhok Pawon yaiku panggonan kanggo masak lan dhahar.
Ing wewangunan omah joglo ana ruwangan sing jenenge Gandhok Pawon. Apa fungsi utama ruwangan kasebut?
Kanggo ngaso utawa turu
Kanggo nampa tamu
Kanggo masak lan dhahar
Kanggo panggonan pagelaran wayang
Kanggo reresik dhiri
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Samangsane pesamuan,
Mamangun marta martani,
Sinambi ing saben mangsa,
Kala kalaning asepi,
Lelana teki-teki,
Nggayuh geyonganing kayun,
Kayungyun eninging tyas,
Sanityasa pinrihatin,
Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra
Tembang sinom ing dhuwur nduweni paugeran ....
8a, 7i, 9a, 7i, 8i, 8u, 8a, 8i, 11a
7a, 8e, 9a, 8i, 8a, 8o, 7a, 9i, 12a
8a, 8i, 8a, 8i, 8a, 8u, 8a, 8i,12a
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i,12a
7a, 8a, 9a, 8i, 7i, 8a, 7a, 8i,12a
Create a free account and access millions of resources
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?
Similar Resources on Wayground
Popular Resources on Wayground
10 questions
Honoring the Significance of Veterans Day
Interactive video
•
6th - 10th Grade
9 questions
FOREST Community of Caring
Lesson
•
1st - 5th Grade
10 questions
Exploring Veterans Day: Facts and Celebrations for Kids
Interactive video
•
6th - 10th Grade
19 questions
Veterans Day
Quiz
•
5th Grade
14 questions
General Technology Use Quiz
Quiz
•
8th Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
15 questions
Circuits, Light Energy, and Forces
Quiz
•
5th Grade
19 questions
Thanksgiving Trivia
Quiz
•
6th Grade
Discover more resources for Other
9 questions
FOREST Community of Caring
Lesson
•
1st - 5th Grade
7 questions
Veteran's Day
Interactive video
•
3rd Grade
10 questions
Area
Quiz
•
3rd Grade
8 questions
Ancient China Quick Check
Quiz
•
3rd Grade
14 questions
States of Matter
Lesson
•
KG - 3rd Grade
13 questions
Veterans' Day
Quiz
•
1st - 3rd Grade
17 questions
Multiplication facts
Quiz
•
3rd Grade
10 questions
Veterans Day
Quiz
•
3rd Grade
