latihan soal bahasa jawa kelas 7
Quiz
•
World Languages, Arts
•
7th Grade
•
Medium
Dwi Haryanti
Used 24+ times
FREE Resource
5 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Patih Gupala :”Nuwun sewu Putri.”
Jonggrang :”Ana apa Patih.Kok njenengan wis kondur saka paprangan, ana ngendi Ramaku?”
Patih Gupala :”Nuwun sewu Rara. Prabu Baka... Prabu Baka ...”
Jonggrang :“Ana apa Ramaku? Apa seda? Sapa sing tega gawe sedane Ramaku?”
Patih Gupala :“Inggih Rara, Ingkang Prabu sampun seda. Ingkang tega mejahi inggih menika Bandhung Bandhawasa.”
Jonggrang :“Wengis kowe Bandhung!”
Patih Gupala :“Saestu Rara, Prabu Baka sampun nemahi kasidan jati. Saestu ndara. Kula ingkang mangertosi piyambak, Bandhung Bandhawasa nusukaken kerisipun dhateng badanipun Prabu Baka.”
Pacelathon kasebut isine . . . .
Jonggrang nesu karo Bandhung kang wis merjaya wong tuwane
Patih Gupala ngandhakake manawa Prabu Baka seda diperjaya dening Bandhung
Bandhung njaluk ngapura karo Jonggrang amarga wis merjaya wong tuwane
Patih Gupala ngandhakake manawa wis kasil merjaya Bandhung Bandhawasa
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Setitekna pacelathon iki!
1. A : “ Bapak benjang dinten Senin diaturi tindak sekolahan.”
B : “ La, ana apa,Le. Kok kadingaren Bapak ditimbali gurumu.”
A : “Anu, pak, ngendikanipun Pak guru babagan beasiswa ngaten.”
B : “ O, ya. Sesuk Bapak tak menyang sekolahmu.”
2. A : “ Mbak, ibuk tindak endi to, kok sepi.”
B : “ Ibuk tindak daleme bu Lurah, jare arep arisan.”
A : “ La Bapak tindak endi, Mbak?”
B : “ Bapak durung kondur seka kantor.”
3. A : “ Mas Bayu, kene pinarak kene sik.”
B : “ Nggih, matur nuwun Pakdhe, menika kesesa.”
A : “ Arep tindak endi to?”
B : “ Badhe methuk Ibu wonten stasiun, Pakdhe.”
4. A : “ Gus, ana PR Basa Jawa apa ora.”
B : “ Ana. Kaca 75 tekan kaca 78.”
A : “ Aku mengko diajari ya, aku durung mudheng.”
B : “ Ya, iki aku tak nggarap Matematika sik.”
Pacelathon kasebut kang nuduhake pacelathon antarane anak lan wong tuwa katuduhake ing angka . . . .
1
2
3
4
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Pacelathon kanggo mangsuli pitakonan!
Ibu : “ Ndhuk, tulung tukokke uyah ing warunge mbak Yah.”
Rindi : “ ....................................”
Ibu : “ Aja suwi-suwi, selak dinggo masak.”
Wangsulane Rindi ana ing pacelathon kasebut kang bener yaiku . . .
Nggih, bu
Emoh, bu
Mengko sik, bu
Aja aku ta, bu
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Pacelathon kanggo mangsuli pitakonan
Bayu : “Sen, yo matur Pak Guru, bab acara kemah minggu ngarep!”
Sena : “Lho, rak wes ceto to?”
Bayu : “Ceto piye to, genah pirantine opo wae, kumpule jam piro, rung ana katrangan.”
Sena : “Woo ... lha kuwi. Kabeh ki wes diumumke. Koe wae seng ra nggatekke.”
Ukara “Lho rak wes ceto to?” iku salah panulisane, sing bener yaiku . . .
Lho rak wes cetho to?
Lho rak wis cetha ta?
Lha rak wis cetha ta?
Lha rak wes cetho ta?
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Pacelathon kanggo mangsuli pitakonan
Dheka :“Assalamualaikum.”
Pak Jono :“Walaikumsalam. Oh Mas Dheka ana kersa apa, Mas?”
Dheka :“Makaten Pak Jono, sowan kula dhateng mriki, ingkang angka sepisan badhe silaturahim, ingkang angka kalih, kula dipunutus Bapak, menawi Pak Jono wonten wekdal saha lodhang ing penggalih, kaaturan rawuh dhateng dalemipun Bapak saperlu hangestreni adicara tasyakuran benjing dinten Setu, 13 Maret 2019 wanci tabuh 19.00 ( pitu dalu ).
Pak Jono :“Oh, mangkono, Mas. Syukurane sapa, Mas?”
Dheka :“Syukuranipun Ibu. Samenika Ibu anggenipun ngasta sampun celak, sampun mutasi dhateng SMP ingkang celak griya.”
Isining atur-atur ana ing pacelathon kasebut yaiku . . . .
Pak Jono arep syukuran amarga wis pindhah anggone mulang
Bapake Dheka syukuran amarga wis pindhah anggone mulang
Bapake Dheka syukuran amarga Dheka pindhah anggone sekolah
Bapake Dheka syukuran amarga ibune Dheka pindhah anggone mulang
Similar Resources on Wayground
Popular Resources on Wayground
20 questions
Brand Labels
Quiz
•
5th - 12th Grade
11 questions
NEASC Extended Advisory
Lesson
•
9th - 12th Grade
10 questions
Ice Breaker Trivia: Food from Around the World
Quiz
•
3rd - 12th Grade
10 questions
Boomer ⚡ Zoomer - Holiday Movies
Quiz
•
KG - University
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
22 questions
Adding Integers
Quiz
•
6th Grade
10 questions
Multiplication and Division Unknowns
Quiz
•
3rd Grade
20 questions
Multiplying and Dividing Integers
Quiz
•
7th Grade
Discover more resources for World Languages
21 questions
Realidades 1A
Quiz
•
7th - 8th Grade
20 questions
Spanish Subject Pronouns
Quiz
•
7th - 12th Grade
22 questions
Spanish Subject Pronouns
Quiz
•
6th - 9th Grade
20 questions
regular preterite
Quiz
•
7th Grade
10 questions
Exploring Dia de los Muertos Traditions for Kids
Interactive video
•
6th - 10th Grade
20 questions
Telling Time in Spanish
Quiz
•
3rd - 10th Grade
20 questions
Ser & Subject Pronouns
Quiz
•
6th - 9th Grade
40 questions
Repaso (subject pronoun, ser, la hora)
Quiz
•
7th - 12th Grade