
Bahasa Jawa US Susulan
Authored by smk fadlun nafis
Other
12th Grade
Used 2+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
25 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip
Pranyatan ing ngisor iki kang jumbuh karo wos surasane tembang ing dhuwur yaiku ….
Tansah eling marang tangga teparo
Supaya dicedhakne marang Gustine
Manungsa kudu tansah njaga alam donya
Wong urip iku kudu sregep nyambut gawe
Sangune urip yaiku tansah waspada lan eling
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Tlatah Jawa iku ora bisa uwal saka upacara sakral adat Jawa. Salah sijine yaiku babagan upacara temanten adat Jawa. Upacara temanten Jawa iku duweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara temanten iki nglambangake sapatemonan ing antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing mligi kaya dene raja lan ratu. Rantaman adicara temanten adat Jawa ing saben laladan iku beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga. Salah sijine upacara temanten Jawa yaiku upacara paningset. Upacara paningset yaiku peranganing upacara temanten kang tegese naleni lan duweni ancas yen calon penganten wanita wis nampa paningset saka calon penganten kakung. Ubarampe kang utama utawa inti ana ing upacara paningset yaiku...
Kalpika
Centhung
Cundhuk mentul
Gelang binggel
Kalung sungsun
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa samya anuladha
Kadya nguni caritane
Andelira sang Prabu
Sasrabau ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purune kang den antepi
Nuhoni trah utama
Miturut Tembang Dhandhanggula ing dhuwur dicritakake yen Patih Suwanda iku dadi panuladhan awit..
Lelabuhane kang gedhe kanggo negara Maespati.
Ora lali marang jasane kang wis ngangkat drajate.
Jasane gedhe kanggo negara Alengka.
Duweni watak kang seneng tetulung.
Wani mati bela negarane.
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa–bapa, Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan.
Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan ….
Salam pambuka
Ancasing gati
Surasa basa
wasana basa
Purwaka basa
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Nalika wonten adicara peresmian pabrik anyar, Pak Walikota sampun sagah maringi sesorah utawi sambutan lan ngresmekake kanthi resmi pabrik kang mapan ing Kutha Surakarta. Ananging ing dinten kasebut, Pak Walikota boten saged rawuh awit wonten dhawuh kedah ing Jakarta. Awit sampun titi wancinipun boten wonten gantosipun. Kepeksa Pak Kepala Dinas Perindustrian ingkang rawuh ing adicara kasebut ingkang nyambut. Pak Kepala Dinas sejatosipun boten siyap, awit dadakan lan boten wonten persiapan. Awit kedah nyambut, Pak Kepala Dinas kepeksa maringi sambutan kanthi spontan kemawon.
Miturut crita ing dhuwur.
Pak Kepala Dinas anggone maringi sesorah kanthi metodhe….
Ekstemporan
Mawi cathetan
Maos Naskah
Impromtu
Apalan
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora ngrresula .
Saka carita iku, pamireng ngerti yen karep saka crita iku supaya dadi murid kudu bekti karo gurune. Perangan kang mapan ing crita iku diarani...
Paraga
Amanat
Latar/setting
Watak paraga
Alur
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Montor sing arep melu uji emisi ana 169 cacahe, dene montore tanggaku wis diuji emisi ping 4 iki nanging durung lulus.
Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?