Nalika nonton pagelaran cerita wayang kulit, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan sing nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamirsa bisa ngreteni babagan ....
Uji Pemahaman Cerita Wayang

Quiz
•
World Languages
•
1st - 3rd Grade
•
Medium
Adi Guru
Used 3+ times
FREE Resource
20 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
a. tokoh
b. watak tokoh
c. latar
d. alur
e. pesen/amanat
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Setitikna crita ing ngisor iki!
Ing tengah-tengahing dalan Bratasena dicegat Anoman, lan ngendika supaya Bratasena murungake niyate. Bratasena kang kukuh nite ora gelem mundur. Prang tandhing ora bisa kasirikake. Akhire Bratasena bisa menangake tandhing. Banjur Anoman menehi saran marang Bratasena supaya ngati-ati, merga nggoleki ilmu kang aran Tirtaprawitasari ora gampang lan akeh alangane. Banjur Bratasena mbacutake lakune. Satekane ing pinggir samodra kang ora ana pinggire, ombake gedhe lan thathit kang nyamber-nyamber. Ora ana wedine, Bratasena njegur nyilem ing dhasar samodra. Ing dhasar Samodra, Bratasena dicegat dening naga kang gedhene kaya wit pal. Ananging Bratasena bisa ngalahake naga mau. Ora let suwe Bratasena lemes lan semaput merga saking kesele. Saka kaweningan samodra, Dewa Ruci rawuh lan muji Bratasena kang bisa ngalahake naga kang dadi perwujudan hawa lan nepsu kang kumanthil ing dhirine Bratasena. Banjur Bratasena menyat lan takon sapa Sejatine Dewaruci. Dewa Ruci njawab menawa dheweke yaiku wewujudan ing jero atine Bratasena.
Ancase Anoman nyegat Bratasena yaiku ....
nggugurake Bratasena
ngajak padu Bratasena
menehi sangu
nggawakake prau kanggo nyabrang samodra
nguji kaniatane Bratasena
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Setitikna crita ing ngisor iki!
Ing tengah-tengahing dalan Bratasena dicegat Anoman, lan ngendika supaya Bratasena murungake niyate. Bratasena kang kukuh nite ora gelem mundur. Prang tandhing ora bisa kasirikake. Akhire Bratasena bisa menangake tandhing. Banjur Anoman menehi saran marang Bratasena supaya ngati-ati, merga nggoleki ilmu kang aran Tirtaprawitasari ora gampang lan akeh alangane. Banjur Bratasena mbacutake lakune. Satekane ing pinggir samodra kang ora ana pinggire, ombake gedhe lan thathit kang nyamber-nyamber. Ora ana wedine, Bratasena njegur nyilem ing dhasar samodra. Ing dhasar Samodra, Bratasena dicegat dening naga kang gedhene kaya wit pal. Ananging Bratasena bisa ngalahake naga mau. Ora let suwe Bratasena lemes lan semaput merga saking kesele. Saka kaweningan samodra, Dewa Ruci rawuh lan muji Bratasena kang bisa ngalahake naga kang dadi perwujudan hawa lan nepsu kang kumanthil ing dhirine Bratasena. Banjur Bratasena menyat lan takon sapa Sejatine Dewaruci. Dewa Ruci njawab menawa dheweke yaiku wewujudan ing jero atine Bratasena.
Cerita ing dhuwur pantese diwenehi ater-ater ...
bima Bungkus
Bimasuci/Dewaruci
Anoman Duta
Gathutkaca lair
Anoman gugur
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Gatekna Cerita iki !
Bratasena katon sedhih sawise Prabu Pandu lan Dewi Madrim mati di cemplungake ing Kawah Candradimuka. Dheweke nganggep apa gunane urip yen bakale di cemplungake ing Kawah Candradimuka kaya bapa lan ibune. Ing Padhepokan Sokalima, Resi Drona kelingan marang Bratasena laire awujud wungkus mratandhani yen Bratasena satriya kuwat lan gagah prakasa.
Resi Drona nuli ketemu Bratasena karepe menehi wejangan marang muride, Sengkuni uga ngrungokake nanging dheweke ngumpet ing ngisor wit. Supaya oleh ilmu kang sampurna, Bratasena dikongkon golek Kayu Gong Susuhing Angin ing puncak Gunung Candramuka. Bratasena nampa blaka apa kang diomong gurune, dheweke langsung mangkat menyang Gunung Candramuka.
Sengkuni nagih janji marang Resi Drona babagan njrumusake Bratasena, Resi Drona jawab yen dheweke wis njrumusake Bratasena. Buktine yaiku diwenehi tugas sing ora genah, golek Kayu Gong Susuhing Angin. Sengkuni ora percaya marang omongane Resi Drona, dheweke nuli ngongkon Dursasana lan dulur-dulure supaya nglacak lakune Bratasena.
Bratasena merangi Buta loro kang ngalangi dalan nuju Gunung Candramuka. Sawise dikalahake Bratasena, Buta loro mau malih dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu. Bratasena diwenehi ali-ali kang aran Sesotya Mustika Manik Candrama kanggo tandha panarima amarga wis bebasake Bathara loro mau saka kasangsaran. Ali-ali mau bisa gawe sing nganggo duweni kasekten ngambah samudra sing jero lan amba. Dheweke uga takon babagan Kayu Gong Susuhing Angin, Pitakone dijawab Bathara loro mau. Nanging Bratasena durung paham apa kang diomong. Dheweke nuli jaluk pamit.
Ing Padhepokan, Bratasena njelasake apa kabeh sing kedadiyan marang awake. Resi Drona banjur menehi syarat sing kaping pindho, yaiku Tirta Pawitra ing jero Samudra Minang Kalbu.
Sadurunge mangkat, Bratasena jaluk pangestu marang ibune, Dewi Kunthi. Anteping tekad kang ana ing jiwa lan ragane, ora bisa dikalahake kekarepan ibune supaya ora lunga. Nanging akhire Dewi Kunthi menehi pangestu marang anak nomor lorone kuwi. Para Pandhawa lan Dewi Kunthi nuli ndongakake Bratasena supaya oleh slamet saka gusti sing gawe urip.
Ing tengahing golek syarat kang kapindho, Bratasena dialangi dening Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Wreka, Gajah Situbanda. Dheweke kabeh merangi Bratasena amarga ora gelem bali, dheweke kabeh namung kwatir marang keslametane Bratasena. Perang dimenangake Bratasena, Anoman lan kanca-kanca uga menehi pangestu marang anake Pandu kuwi, ora klalen jaluk supaya ngati-ati ing dalan.
Sawise ing pinggir samudera, Bratasena ngadeg njegreg, ombak ngulung mumbul kaya gunung, kilat cumalorot, gledeg jumeder, gawe miris atine Bratasena.
Bratasena netepi kang dikarepake, dheweke nuli manjing samudra. Kasektene ali-ali Sesotya Mustika Manik Candrama gawe banyu samudra dadi anteng. Ing jeroning samudra, Bratasena dicegad naga kang gedhene kaya wit tal arane Nagaraja. Bratasena nuli merangi naga mau, amarga kena kuku Pancanaka, naga mau ilang saka pandelenge Bratasena.
Ing jeroning samudra, Bratasena ketemu bocah cilik kang rupane kaya awake. Bocah cilik mau yaiku Dewa Ruci, iya jati dhirine Bratasena dhewe. Banjur Bratasena mlebu marang ragane Sang Dewa, atine nuli dadi ayem tentrem. Bratasena dadi manungsa sing atine suci lair lan batin. Dewa Ruci uga guneman yen Tirta Pawitra kuwi banyu suci ing jero ragane Bratasena.
Permadi lapor marang Resi Drona yen wis bedug nanging Bratasena durung bali. Resi Drona wis janji yen Bratasena durung bali nganti wektu bedug, dheweke arep nyusul kangmase Permadi kuwi. Ngerti yen Resi Drona nyusul Bratasena, Sengkuni ngongkon Kurawa supaya ngrebut Resi Drona saka Pandhawa, nanging niyate Kurawa digagalake dening Anoman. Bratasena ditemukake dening Resi Drona gumletak ing pinggir samudra. Awit saka iku, Resi Drona bakal bela Bratasena selawase.
Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka cerita kasebut pamireng ngreti yen karep saka cerita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing cerita sing diarani ....
tokoh
watak tokoh
latar
alur
amanat
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya sing duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti sing ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur cerita wayang sing diarani ....
tokoh
watak tokoh
latar
alur
amanat
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Setitikna crita ing ngisor iki!
Ing tengah-tengahing dalan Bratasena dicegat Anoman, lan ngendika supaya Bratasena murungake niyate. Bratasena kang kukuh nite ora gelem mundur. Prang tandhing ora bisa kasirikake. Akhire Bratasena bisa menangake tandhing. Banjur Anoman menehi saran marang Bratasena supaya ngati-ati, merga nggoleki ilmu kang aran Tirtaprawitasari ora gampang lan akeh alangane. Banjur Bratasena mbacutake lakune. Satekane ing pinggir samodra kang ora ana pinggire, ombake gedhe lan thathit kang nyamber-nyamber. Ora ana wedine, Bratasena njegur nyilem ing dhasar samodra. Ing dhasar Samodra, Bratasena dicegat dening naga kang gedhene kaya wit pal. Ananging Bratasena bisa ngalahake naga mau. Ora let suwe Bratasena lemes lan semaput merga saking kesele. Saka kaweningan samodra, Dewa Ruci rawuh lan muji Bratasena kang bisa ngalahake naga kang dadi perwujudan hawa lan nepsu kang kumanthil ing dhirine Bratasena. Banjur Bratasena menyat lan takon sapa Sejatine Dewaruci. Dewa Ruci njawab menawa dheweke yaiku wewujudan ing jero atine Bratasena.
Bratasena nyilem ing samodra amarga duwe karep ....
nggoleki Dewaruci
nggolek banyu Tirta Prawitasari
nylametake Anoman
ngasorake naga
muji kaluhurane Dewaruci
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Perhatikan cerita Wayang di bawah ini!
Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura(Pandu menjadi Raja di Hastinapura)Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku sing pambareb Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku sing bakal mbacutake keprabone dharah Kuru. Drestharastra nduwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Widura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata. Nanging sing jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih. Saka sarasehan agung netepake sing dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana nduwe kekurangan sing ginaris dening Gusti sing Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe, nagara sing dipangarsani titah sing cacat bakal nuwuhake swasana sing ora becik. Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus sing diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra sing arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim, putri Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
Paraga utama ing cerita kasebut yaiku ....
Prabu Pandu
Raden Sengkuni
Arjuna
Prabu Matswapati
Prabu Salya
Create a free account and access millions of resources
Similar Resources on Wayground
25 questions
Pandawa Lima

Quiz
•
2nd Grade
20 questions
Sesorah Kelas IX

Quiz
•
1st Grade
20 questions
STS BAHASA JAWA KELAS 2 SEMESTER 2

Quiz
•
2nd Grade
20 questions
2020 PTS BAHASA JAWA X - SEMUA JURUSAN

Quiz
•
1st - 12th Grade
15 questions
Pandhawa

Quiz
•
2nd Grade
20 questions
basa jawa kelas xii

Quiz
•
KG - 12th Grade
15 questions
Tembang Dolanan

Quiz
•
2nd Grade
20 questions
Ulangan Bab Kraton

Quiz
•
3rd Grade
Popular Resources on Wayground
25 questions
Equations of Circles

Quiz
•
10th - 11th Grade
30 questions
Week 5 Memory Builder 1 (Multiplication and Division Facts)

Quiz
•
9th Grade
33 questions
Unit 3 Summative - Summer School: Immune System

Quiz
•
10th Grade
10 questions
Writing and Identifying Ratios Practice

Quiz
•
5th - 6th Grade
36 questions
Prime and Composite Numbers

Quiz
•
5th Grade
14 questions
Exterior and Interior angles of Polygons

Quiz
•
8th Grade
37 questions
Camp Re-cap Week 1 (no regression)

Quiz
•
9th - 12th Grade
46 questions
Biology Semester 1 Review

Quiz
•
10th Grade