GLADHEN SOAL JAWA KELAS 8

GLADHEN SOAL JAWA KELAS 8

8th Grade

30 Qs

quiz-placeholder

Similar activities

Ujian Bahasa Jawa Kelas IV

Ujian Bahasa Jawa Kelas IV

4th Grade - University

25 Qs

GAMELAN

GAMELAN

1st - 12th Grade

35 Qs

UTS Semester 1 Bahasa Jawa

UTS Semester 1 Bahasa Jawa

1st - 12th Grade

30 Qs

8A. PENILAIAN HARIAN 2 MATERI BASA RINENGGA LAN PARIWARA

8A. PENILAIAN HARIAN 2 MATERI BASA RINENGGA LAN PARIWARA

8th Grade

25 Qs

Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa

Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa

6th - 8th Grade

25 Qs

Kuis Bahasa Jawa Piwulang 5

Kuis Bahasa Jawa Piwulang 5

6th - 8th Grade

26 Qs

EVALUASI TEMBANG MACAPAT

EVALUASI TEMBANG MACAPAT

8th Grade

25 Qs

SAT BAHASA JAWA KELAS 8

SAT BAHASA JAWA KELAS 8

8th Grade

32 Qs

GLADHEN SOAL JAWA KELAS 8

GLADHEN SOAL JAWA KELAS 8

Assessment

Quiz

Education

8th Grade

Medium

Created by

HERU SUJIONO

Used 4+ times

FREE Resource

30 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

5 mins • 3 pts

Waosan 1

Peksi Jatayu

            ……………………………………………………………………………………………………………

Sinta sagedipun namung nangis nyuwun welas asih, saha ngrerintih sedhih. Sekar cundhuk, gelang, tuwin kalungipun sami dhawah pating kecècèr. Sinten kémawon ingkang sumerep kawontenan saha polahipun, punapa déné mireng tangis tuwin pasambatipun Sinta temtu tumut trenyuh sedhih. Kéwan-kéwan wana, wit-witan, tetuwuhan, rerumputan kémawon tumut trenyuh lan sedhih. Redi-redi mèndel mbisu sisah. Angin boten lumampah. Angkasa timbreng nglemeng nggameng kasaput méga mendhung. Srengéngé surem, sorotipun kucem. Sadaya isining jagad tumut nandhang sungkawa. Nanging wonten  tiyang satungggal ingkang boten gadhah raos welas, inggih punika Rahwana.

Dumugi ing negari Alengka, Sinta dipunpamèri kaéndahaning kraton, barang-barang, saha prabot ingkang sakalangkung èdi pèni, mawarni-warni mas, inten, lan barléyan. Sinta boten gumun malah kepara boten ngrèwès. Rahwana nyobi ngarih-arih dhateng Sinta, nanging Sinta malah cariyos bilih piyambakipun tansah ènget lan tansah setya dhateng Rama. Midhanget aturipun Sinta makaten kalawau, Dasamuka muntab lan pratéla menawi Sinta boten teluk badhé dipunpejahi. Sinta tetep teguh santosa ing budi. Rahwana sansaya jèngkèl, lajeng dhawuh supados Sinta dipunjagi déning para raseksi ingkang galak-galak lan ndrawasi.

Ing tengah wana, Rama anggènipun mbujeng kidang boten angsal damel. Rama lan Lesmana wangsul tumuju papanipun Sinta, nanging Sinta boten wonten. Rama lan Lesmana lajeng madosi Déwi Sinta. Ing tengahing margi, Rama manggihaken sekar cundhuk sarta sapérangan panganggénipun Sinta pating kecècèr. Rama lajeng nginten menawi Sinta kadhusta déning tiyang. Rama duka sanget mila jagad saisinipun badhé kajungkir walik, nanging Lesmana énggal atur pangarih-arih saéngga Rama lilih panggalihipun. Kekalihipun lajeng nglajengaken lampah madosi Déwi Sinta. Ing satunggaling panggènan, Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan Jatayu ingkang taksih menggèh-menggèh kados badhé koncatan nyawa. Sanajan makaten kawontenanipun, Jatayu taksih saged cariyos lan atur pitedah bilih Sinta kadhusta déning pandung lan kabekta tumuju dhateng nagari Alengka. Purna anggènipun matur, Jatayu dumugining pejah. Nalika raganipun dipunbesmi déning Rama, keluking latu kados asung pitedah ing pundi peneripun Negari Alengka lan wonten swanten gaib ingkang suka pitedah caranipun saged kepanggih kaliyan Sinta.

 

Déwi Sinta dumugi ing negari Alengka amargi ….

Sinta badhé dipunpamèri kaéndahaning kraton

madosi Rama Wijaya

menawi Sinta mboten teluk badhé dipun pejahi

kadhusta déning Rahwana

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

5 mins • 2 pts

Redi sami mèndel, angin boten lumampah, angkasa timbreng nggameng kesaput mèga mendhung. Srengéngé surem sorotipun kucem sedaya isinipun jagad tumut nandhang sungkawa amargi ….

Sumerep kawontenan saha polahipun menapa déné mireng tangis tuwin pasambatipun Sinta

Sumerep Jatayu ingkang kalindhih perang tandhing lumawan Rahwana

Sumerep Rama lan Lesmana kécalan Sinta

Sumerep Rahwana muntap dhateng Sinta

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 3 pts

Déwi Sinta dumugi ing negari Alengka amargi ….

Sinta badhé dipun pamèri kaéndahaning kraton

madosi Rama Wijaya

menawi Sinta boten teluk badhé dipun pejahi

kadhusta déning Rahwana

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 3 pts

Kang ora kalebu paraga ing crita Peksi Jatayu yaiku ….

Anoman

Rahwana

Lesmana

Rama

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 2 pts

Watak awonipun Rahwana ingkang dipuntindakaken ing cariyos kasebat kados ing ngandhap menika, kejawi ….

Nyolong Déwi Sinta.                                                   

Pamèr bandha  

Wujudipun buta

Adigang,adigung adiguna

6.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 3 pts

Rama lan Lesmana kepanggih Peksi Jatayu ingkang taksih menggèh-menggèh kados badhé koncatan nyawa. Badhé koncatan nyawa tegesipun ….

Badhé pejah         

Mboten saged ambegan

badhé semaput

sakit ambeg/bengèk

7.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 3 pts

Peksi Jatayu

            ……………………………………………………………………………………………………………

Sinta sagedipun namung nangis nyuwun welas asih, saha ngrerintih sedhih. Sekar cundhuk, gelang, tuwin kalungipun sami dhawah pating kecècèr. Sinten kémawon ingkang sumerep kawontenan saha polahipun, punapa déné mireng tangis tuwin pasambatipun Sinta temtu tumut trenyuh sedhih. Kéwan-kéwan wana, wit-witan, tetuwuhan, rerumputan kémawon tumut trenyuh lan sedhih. Redi-redi mèndel mbisu sisah. Angin boten lumampah. Angkasa timbreng nglemeng nggameng kasaput méga mendhung. Srengéngé surem, sorotipun kucem. Sadaya isining jagad tumut nandhang sungkawa. Nanging wonten  tiyang satungggal ingkang boten gadhah raos welas, inggih punika Rahwana.

Dumugi ing negari Alengka, Sinta dipunpamèri kaéndahaning kraton, barang-barang, saha prabot ingkang sakalangkung èdi pèni, mawarni-warni mas, inten, lan barléyan. Sinta boten gumun malah kepara boten ngrèwès. Rahwana nyobi ngarih-arih dhateng Sinta, nanging Sinta malah cariyos bilih piyambakipun tansah ènget lan tansah setya dhateng Rama. Midhanget aturipun Sinta makaten kalawau, Dasamuka muntab lan pratéla menawi Sinta boten teluk badhé dipunpejahi. Sinta tetep teguh santosa ing budi. Rahwana sansaya jèngkèl, lajeng dhawuh supados Sinta dipunjagi déning para raseksi ingkang galak-galak lan ndrawasi.

Ing tengah wana, Rama anggènipun mbujeng kidang boten angsal damel. Rama lan Lesmana wangsul tumuju papanipun Sinta, nanging Sinta boten wonten. Rama lan Lesmana lajeng madosi Déwi Sinta. Ing tengahing margi, Rama manggihaken sekar cundhuk sarta sapérangan panganggénipun Sinta pating kecècèr. Rama lajeng nginten menawi Sinta kadhusta déning tiyang. Rama duka sanget mila jagad saisinipun badhé kajungkir walik, nanging Lesmana énggal atur pangarih-arih saéngga Rama lilih panggalihipun. Kekalihipun lajeng nglajengaken lampah madosi Déwi Sinta. Ing satunggaling panggènan, Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan Jatayu ingkang taksih menggèh-menggèh kados badhé koncatan nyawa. Sanajan makaten kawontenanipun, Jatayu taksih saged cariyos lan atur pitedah bilih Sinta kadhusta déning pandung lan kabekta tumuju dhateng nagari Alengka. Purna anggènipun matur, Jatayu dumugining pejah. Nalika raganipun dipunbesmi déning Rama, keluking latu kados asung pitedah ing pundi peneripun Negari Alengka lan wonten swanten gaib ingkang suka pitedah caranipun saged kepanggih kaliyan Sinta.

Ingkang asung pitedah dhateng Rama Wijaya bab peneripun negari Alengka inggih menika  ….

keluking latu 

Peksi Jatayu      

swara ghaib

sekar cundhuk

Create a free account and access millions of resources

Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports
or continue with
Microsoft
Apple
Others
By signing up, you agree to our Terms of Service & Privacy Policy
Already have an account?