Srengenge durung katon jedul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang.
Nalika kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing 'disampirke ing pundhake.
Wektu kuwi Parjo lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
"Mruput, Mbah! Tindak sabin?"
"Genah nggawa pacul ngono, mosok arép jagong!"
semaure Mbah Wongso sakecekele. Mbah Wongso sanajan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul. 1
"Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula boten aruh-aruh mengke diarani cah
enom boten ngerti unggah-ungguh."
"O ya wis, bener Le, la kowe gek nyapu?"
"Mboten, Mbah. Niki nembe adus!" Parjo mbales Mbah Wongso.
"Lha kok malah mbales," wong loro terus padha ngguyu.
Paragrap kapisan ing cerkak kasebut diarani..