Sayuk Rukun Ndandani Omah
Dhukuh Banjaran mapan ing pereng gunung. Warga Banjaran urip ulah tetanen ing tegal utawa sawahe. Salah sijine warga Banjaran arane Bulik Trismi. Bulik Trismi wis randha ora duwe anak. Bojone wis tinggal donya watara sepuluh taun kepungkur. Panguripan sabenidane, Bulik Trismi mung buruh-buruh sing asile kanggo mangan wae sasat kurang. Mulane uripe Bulik Trismi tansah kecingkrangan.
Jalaran wis randha, Bulik Trismi ora kuwagang ndadani omahe. Omahe sing saka gedheg wis amoh. Gedhege padha gapuk merga wis suwe. Malah kana kene gedheg dipangan rayap. Payone uga wis rusak. Usuke sing wis gapuk, gawe genthenge padha mlesat. Malah wis ana sing padha ceblok padha pecah. Yen wayah udan omahe Bulik Trismi trocoh kabeh. Kepala dhusun sing uga karan kamituwa weruh kahanan kuwi banjur nglumpukake wargane. Wong-wong diajak gotong royong nulung Bulik Trismi ndadani omahe.
Pak Kamituwa ngandharake manawa omah kuwi dibangun nganggo batako. Mulane saliyane butuh tenaga uga butuh dhuwit kanggo tuku material. Wong-wong padha setuju.nglumpukake material dhisik. Yen mengko material wis cumepak, banjurgotong royong mbangun omah. Sawise watara sasasi dhuwit wis cukup kanggo tuku material. Pak Lantip sing tukang watu lan tukang kayu sing mimpin gawe omah. Wong-wong padha tumandang, nanging ora ngarep-arep bayaran. Material sing kurang isih entuk sumbangan maneh. Pangane sing nyambut gawe uga disumbang tangga teparo. Bareng dadi, omahe Bulik Trismi ora pati gedhe. Nanging katon rosa tur wis ora trocoh maneh. Omah sing maune gedheg, dadi gedhong. Bulik Trismi ora kadhemen kaya nalika omahe isih gedheg kae. Kabeh merga gotong royonge wong sadhukuh.
Apa sing diklumpukake dhisik kanggo mbangun omahe Bulik Trismi?