Search Header Logo

PAS 1 Bahasa Jawa

Authored by MENIK TRISNOWATI

Other

6th Grade

PAS 1 Bahasa Jawa
AI

AI Actions

Add similar questions

Adjust reading levels

Convert to real-world scenario

Translate activity

More...

    Content View

    Student View

30 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Mancing Menyang Rawa Jombor

Dina Minggu esuk Sarjana mancing menyang Rawa Jombor. Kancane loro,yaiku Bagas lan Gathot. Sarjana mung nggawa pancing siji,walesane abang dawane udakara karo tengah meter. Bagas lan Gathot nggawa pancing ngloro.

Tekan Rawa Jombor Sarjana lan kancane banjur tuku lumut kanggo pakan pancinge. Pancing wis padha diubeti lumut, senar dikipatake.Nunggu kanthi sabar pancinge disarap karo nyawang jembare Rawa Jombor.

Pancinge Gathot dhisik dhewe disarap. Pakan disarap,senar mantheng,rada dheg-dhegan sir Gathot cepet-cepet narik walesane...kecopak swara iwak njola.

ditarik.

"alhamdulillah... entuk nila...!" kandhane Gathot bungah. Durung nganti semenit pancinge Bagas uga

"Matur nuwun Gusti Allah...enthuk lele gedhe!" ucape Bagas seneng.

"Wah... wis padha oleh kok aku during dhewe,"kandhane Sarjana. Ora let suwe pancing Sarjana uga obah-obah alon. Sarjana ora sranta,walesan banjur ditarik... werrr!

"Ha... yuyu... aku entuk yuyu! Aseeem kecut...! Sarjana anyel ning ing batin ngguyu. Gathot lan Bagas ngguyu nyekikik. Ora let suwe Sarjana entuk iwak mujair. Bocah telu padha tlaten,sedhela-sedhe padha olwh iwak.

Jam siji awan panase sumelet, Sarjana ngajak mulih merga ora betah panase. Bocah telu banjur padha mulih. Sarjana oleh sanga gedhe-gedhe. Bagas entuk wolu dene Gathot oleh enem. Iwake Gathot lan Baga dilebokake ing plastike dhewe-dhewe. Iwake Sarjana disendhet digandhulake ing stang pit.


Sarjana mung nggawa pancing siji, walesane abang. Walesane tegese yaiku ... .

garan pancing

bandul pancing

senar pancing

pakan pancing

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

sarjana ora sranta, walesan banjur ditarik werr! Ora sranta tegese ... .

ora turu

ora leren

ora sabar

sabar banget

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Walesane dawane udakara karo tengah meter. Udakara tegese ... .

padha

kurang

luwih

kurang luwih

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Kanca kula .... pengalaman ngremenake ingkang mboten saged kulo sepukaken. tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing nduwur yaiku ... .

duwe

gadhah

nduweni

kagungan

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Asil Pengamatan Carane Gawe Abon Welut

Welut basa latine Monopterus albus. Welut iku iwak banyu tawar sing wujude kaya ula. Awake lunyu tanpa sisik, lan ora duwe sirip. Gegere werna rada ijo. Wetenge rada kuning. Ing Indonesia welut akeh tinemu ing Pulo Jawa, Sumatera, Madura, lan Bali. Welut urip ana ing panggonan sing dhuwure 0 meter nganti 600 meter saka salumahe banyu segara.

Welut seger ngandhut gizi dhuwur. Welut ngandhut protein, lemak, lan vitamin. Welut mujudake panganan hewani becik banget tumrap kesehatan.

Sing njalari welut kurang disenengi masyarakat amarga wujude sing kaya ula. Salah sijine cara kanggo ngowahi anggepan welut kaya ula yaiku ngolah welut didadekaken abon. Kanthi didadekake abon diangkah masyarakat dadi seneng. Apa maneh yen ngelingi kandhutane gizi sing dhuwur lan rasane sing gurih beda karo iwak-iwak liyane.

Bahan kanggo gawe abon welut yaiku bahan baku lan bumbu. Kanggo tuladha bahan baku arupa welut 2 kg. Bahan baku mau butuh bumbu klapa 5 iji, gula pasir 1,5 ons, bawang abang 1,25 ons, bawang putih 0,5 ons,tumbar 20 gram, laos 3 cm, Lombok abang 10 iji, uyah lembut 40 gram, lan godhong salam sacukupe. Lenga goreng kanthi imbangan bahan ditandhing lenga = 1:1.

lembut.

Klapane digawe santen. Bawang,brambang,tumbar, lombok, lan uyah diuleg. Anggone nguleg nganti

Carane nggawe abon welut,welut dipateni banjur dikumbah. Welut digodhog nganti mateng udakara 20 menit. Yen wis adhem welut dipisahake karo balunge. Bumbune ditomis. Daging dimasak ditambah santen lan godhong salam. Bahan digoreng nganti werna coklat tua nuli ditus. Daging welut banjur dipres supaya metu keluwihan lenga. Daging welut sing wis dipres banjur diangin-anginke kareben adhem. Abon welut wis dadi. Yen wis adhem abon bisa diwadhahi utawa dikemas.


Irah-irahan wang ing nduwur yaiku ... .

Asil Pengamatan Carane Gawe Abon Nila

Asil Pengamatan Carane Gawe Abon Welut

Asil Pengamatan Carane Gawe Abon Sapi

Asil Pengamatan Carane Gawe Abon Enthok

6.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Bahan nuli digoreng nganti werna coklat tua nuli ditus. Nuli podho karo ... .

supaya

sebab

banjur

amarga

7.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Welut mujudake panganan hewani becik banget tumrap kesehatan. bechik podho karo ...

ala

elek

awon

sae

Access all questions and much more by creating a free account

Create resources

Host any resource

Get auto-graded reports

Google

Continue with Google

Email

Continue with Email

Classlink

Continue with Classlink

Clever

Continue with Clever

or continue with

Microsoft

Microsoft

Apple

Apple

Others

Others

Already have an account?