Satunggaling dinten ing pendhapa Kraton Mataram, Kotagedhe, Panembahan Senapati diadhep putrane.
“Apa sira ngerti, sebabe daktimbali Rangga?” Pandangune Panembahan Senapati.
“ Boten Rama, menapa wonten bab wigatos ingkang kedah kula tindakaken?”
“Sewengi aku ora bisa sare, sariraku krasa lungkrah, apa gelem mijeti samparanku?” Pandangune ingkang rama.
Raden rangga nyembah, banjur wiwit mijeti samparane ramane, sinambi dipijeti, Panembahan Senapati nerusake pangandikane.
“Rangga, sira kudu sadhar, yen sing koktindakake wingi kae dudu tumindak kang becik, sanajan sira ora mempan ketaman pusaka, saengga tumbak Manggala Tuban iku putung, lan sira males kanthi kepelan tangan sing ngremukake sirahe utusan Sultan Hadiwijaya padhang, uga kok ambali maneh marang utusan Banten.
Ing ngendi Panembahan Senopati diadhep putrane?