SOAL LATIHAN ASESMEN KELAS 9

SOAL LATIHAN ASESMEN KELAS 9

Professional Development

30 Qs

quiz-placeholder

Similar activities

Quiz Pesantren Ramadhan 1443 H

Quiz Pesantren Ramadhan 1443 H

1st Grade - Professional Development

30 Qs

Cerdas Cermat PGE Lahendong 2025

Cerdas Cermat PGE Lahendong 2025

Professional Development

25 Qs

ERF Quiz 18-KK

ERF Quiz 18-KK

Professional Development

28 Qs

Pretest Diklat Muatan Lokal Bahasa Jawa PAUD

Pretest Diklat Muatan Lokal Bahasa Jawa PAUD

Professional Development

30 Qs

Animal Stories and Vocabulary Quiz

Animal Stories and Vocabulary Quiz

Professional Development

30 Qs

SOAL LATIHAN ASESMEN KELAS 9

SOAL LATIHAN ASESMEN KELAS 9

Assessment

Quiz

Education

Professional Development

Hard

Created by

Tukijo Tukijo

FREE Resource

30 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 4 pts

Wacan kangge soal nomer 1 – 2 “...Sedaya tlatah ing Jawi Tengah saha Jawi Wetan ing tahun 2016 menika kenging toya bena. Bena kang kadadosan ing kecamatan Undhakan kabupaten Kudus punika dipun sebabaken saluran toya kang mampet amargi kesumpelan uwuh. Amargi kathah uwuh ingkang sumumpel mila ndadosaken ilining toya dados rendhet. Kejawi punika jawah ingkang deres boten mandheg-mandheg saengga toya mbludak lan ndadosaken banjir bandhang. Toya jawah ingkang kacampur lumpur tuwin sela saking redi tumuju lepen Undhakan Kudus saengga griya ingkang wonten sapinggiring lepen sami keli. Miturut palapurane tenaga sukarela yen banjir bandhang punika boten wonten korban jiwa, nanging sanajan makaten pamarentah maringi pambiyantu tumrap para korban bencana....lsp” Kapethik saking Marsudi Basa lan Sastra Jawi kaca 4 Adhedhasar wacan kasebut bena kadadosan wonten ing…
Kudus
Demak
Kendal
Semarang

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 4 pts

Wacan kangge soal nomer 1 – 2 “...Sedaya tlatah ing Jawi Tengah saha Jawi Wetan ing tahun 2016 menika kenging toya bena. Bena kang kadadosan ing kecamatan Undhakan kabupaten Kudus punika dipun sebabaken saluran toya kang mampet amargi kesumpelan uwuh. Amargi kathah uwuh ingkang sumumpel mila ndadosaken ilining toya dados rendhet. Kejawi punika jawah ingkang deres boten mandheg-mandheg saengga toya mbludak lan ndadosaken banjir bandhang. Toya jawah ingkang kacampur lumpur tuwin sela saking redi tumuju lepen Undhakan Kudus saengga griya ingkang wonten sapinggiring lepen sami keli. Miturut palapurane tenaga sukarela yen banjir bandhang punika boten wonten korban jiwa, nanging sanajan makaten pamarentah maringi pambiyantu tumrap para korban bencana....lsp” Kang dadosaken griya pinggir lepen sami keli inggih punika…
jawah deres
got kang kesumpelan
lepen kang iline toya deres
ilining toya jawah kang kacampur lumpur

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 2 pts

Tembang punika kangge mangsuli pitakonan nomer 4-5! Sekar pangkur kang winarna Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip Ala lan becik puniku Prayoga kawruhana Adat waton puniku dipun kadulu Miwah ingkang tata krama Den kaesthi siyang ratri Pitutur luhur saka tembang kasebut yaiku…
wong urip kudu mangerteni samubarang kawruh, ala becik, adat, tata krama
Ora perlu digoleki kawruh kang ora becik, kudu eling kapan wae
Apike dideleng wae, saka kadohan, yen wis cocog bisa kanggo sangu uirp
Ora ana kang disinauni, kabeh ora prelu senajan mbutuhake kawruh kasebut

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 4 pts

Sekar pangkur kang winarna Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip Ala lan becik puniku Prayoga kawruhana Adat waton puniku dipun kadulu Miwah ingkang tata krama Den kaesthi siyang ratri Dudutan utawa simpulan tembang kasebut yaiku...
tumrape wong urip, ala becik kudu dimangerti kalebu tata krama dieling –eling awan bengi
tumindake wong kang ora bener,nuruti karepe dhewe, adoh saka tata krama lan adat
manungsasing duwe karep,nanging ora gelem mbudidaya lan ora duwe tata krama
saben manungs ora prelu ngerteni bab kang ala, kudune ngerti bab sing becik wae supaya becik

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 4 pts

Wacan punika kangge mangsuli pitakonan nomer 5 ! ….Ing sawijining wektu, wonten Mbok Randha kang dangu boten gadhah putra. Mbok Randha punika wektu enjang siang lan dalu tansah dedonga nyuwun marang Gusti supaya diparingi putra. Tanpa dimangerteni Mbok Randha, Buto Ijo ngrungokake pandongane Mbok Randha. Buto Ijo banjur nyeluk Mbok Randha. Mbok Randha kaget sanget ana rupa nggegirisi ing ngarep omahe. Buta Ijo ngomong bakal nulungi kanthi menehi anak marang Mbok Randha. Mbok Randha remen sanget nanging Buto Ijo duweni syarat . Syarate yaiku yen putrane Mbok Randha wis gedhe bakal dijaluk lan dipangan. Kekarone nyetujoni prajajen iku. Banjur Buto Ijo menehake wiji timun sing kudu ditandur. Mbok Randha nandur wiji timun kang dirumat kanthi gemati. Wiji timun thukul subur lan medal wuh timun kang kathah sanget. Salah setunggaling wuh timun ana kang wujud nganeh-nganehi. Wujude ageng saguling warnane kuning emas. Timun kasebut banjur pecah lan ing njerone ana bayi wadon kang ayu praupane kanga aran Timun Mas. Mbok Randha bungah penggalihe pinaringan putra. Sakwise ngancik dewasa Mbok Randha kelingan janjine marang Buto Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi rena penggalihe yen kemutan prajanjen kuwi Isinipun prajanjen antarane Mbok Randha lan Buta Ijo, yen Timun Mas wis gedhe bakal diapakake dening Buto Ijo...
diajar
dimangsa
dipek bojo
dipek anak

6.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 2 pts

Wacan punika kangge mangsuli pitakonan nomer 6! Dumugi Wana Dhandhaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang kencana, kidang elok ing warni endah ngelam-elami, ngengreng merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga.Sinta sumerep kabregasaning kidang.Piyambakipun tuwuh prentuling manah kepengin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manahipun Dewi Sinta Pratelan utawa pernyataan kang cocog karo isine teks kasebut yaiku...
Dewi Sinta mlayu menyang jero wana
Kewan wujude gajah emas mlayu
Dewi Sinta kepengin dicekelake Kidang
Kalamarica dadi kancane Dewi Sinta

7.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 4 pts

Tembang punika kangge mangsuli pitakonan nomer 7 Ambege kang wus utama Tan ngendhak gunaning janmi Amiguna ing aguna Sesolahe kudu bathi Pintere den alingi Bodhone dinokok ayun Pamrihe den inaa Aja na ngarani bangkit Suka lila denina sapdha-padha Guru wilangan lan guru lagunipun gatra 8 tembang kasebut yaiku…
5a
6u
7a
8i

Create a free account and access millions of resources

Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports
or continue with
Microsoft
Apple
Others
By signing up, you agree to our Terms of Service & Privacy Policy
Already have an account?