
ASESMEN SUMATIF TENGAH SEMESTER (ASTS) GASAL BASA JAWA
Authored by Dwi Astuti
World Languages
9th Grade
Used 2+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
45 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Anoman Obong
Sadurunge bali Anoman sumedya nyoba kekuwatane bala Alengka. Anoman
kridha, taman diowat- awut barang-barang kang ana dirusak. Wadya raseksa ngebyuk
nyerang Anoman. Akeh sing tiba kabentus kagiles kaideg klenger lan mati, katrajang
pangamuking Rewandaseta. Wadya danawa kang dipandhegani Indrajit gemrudug ngoyak
nyerang Anoman. Anoman kacekel, kakecrek, kalarak, kaadhepake Rahwana. Anoman
arep kapidana pati nanging ora sida, jalaran Anoman iku minangka utusan nagara.
Adhedhasar paugeran bawana, utusan nagara ora kena dipateni sarta kudu diurmati.
Rewandaseta sluman slumun slamet nanging tetep oleh ukuman. Buntute diblebet gombal
banjur dicelup lenga patra terus diobong.
Dewi Sinta mireng pawarta bab kadadeyan iku. Panjenengane ndedonga.
nyenyuwun marang Gusti supaya Anoman ora kobong. Buntute Anoman dadi obor
makantar-kantar. Anoman trus mlumpat nylangkrik ing sandhuwure payon, karo ngobat-
abitake buntute. Ora suwe payoning kraton kobar. Terus mremen, wewangunan-
wewangunan kraton lan isen-isene. Kraton Alengka dadi karang abang, dadi segara geni.
Wondene Anoman waras-wiris seger buger ora kobong trus kumleyang mudhun njegur
sagara. Para wanara rame surak-surak mapag baline Palwagaseta. Banjur bebarengan bali
menyang Kiskendha sowan marak Rama. Atur palaporan menawa anggone ngestokake
dhawuh luru sisik melik dununge Dewi Sinta wis kaleksanan.
1. Tembung danawa tegese....
buta
gajah
kidang
kethek
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Tembung wanara tegese...
Kethek
Kidang
Gajah
Buta
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Manut isine teks iki, Anoman duwe watak...
Sembrana
Kumawani
Grusa-grusu
Tanggungjawab
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Anoman kecekel, kekecrek, kalarak, kaadhepake Rahwana kalebu purwakanthi...
Purwakanthi lumaksita
Purwakanthi sastra
Purwakanthi swara
Purwakanthi sastra
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Warga desa pada sayul rukun uripe....ora ana sing tukar padu.
Gemi setiti ati-ati
Tata titi tentrem
Sapa salah seleh
Tatag teteg tangguh
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Aku klalen durung....marang ibuku, yen mengko bengi arep nonton wayang.
Ngendika
Ngomong
Sanjang
Matur
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Brenda : "Ren, kowe ngerti apa ora simbah lagi apa?
Reni : ".................."
Wangsulan kang trep kanggone Reni yaiku...
Simbah lagi tilem ana kamar ngarep
Simbah lagi sare ana kamar ngarep
Simbah lagi turu ana kamar ngarep
Simbah lagi nggleleng ana kamar ngarep
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Microsoft
or continue with
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?