Tembalang kuwi jenenge desa ing tlatah kuta Semarang.
Kacarita ing sawijining dina Pangeran Pandhan Arang didherekake para santri njajah desa milangkori. Anggone tindak munggah mudhun pareden. Ing kono ana kampung sing durung akeh pendhudhuke ana sumber banyu utawa tuk cacah sanga kang nganeh-anehi. Banyune mundhak dina mundhak gedhe metune. Saya suwe kahanane ndrawasi. Wong kampung padha was sumelang, kuwatir kampunge keleban banyu. Para warga padha ngupaya nambal tuk mau. Nanging saben ditambal, ora let suwe tambalane ilang. Banyune mili maneh saya gedhe. Mangkono sateruse nganti wong sekampung padha bingung.
Nalika wong-wong kampung padha judheg, Pangeran Pandhan Arang banjur age-age lungguh sila nyenyuwun marang ngarsane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ora let suwe tuk-tuk mau padha mampet. Mung kari siji sing isih mili. Pangeran Pandhan Arang ngendika manawa tuk siji sing isih mili kuwi kanggo kabutuhane wong sekampung. Pangeran Pandhan Arang uga pesen, yen kampung kono kuwi kudu dijenengei Tembalang, sing tegese tambalne ilang
Kang dadi undheraning crita ing dhuwur yaiku ...