WorksheetsSOAL USBN BAHASA JAWA
Total questions: 13
Worksheet time: 10mins
Ing ngisor iki guru lagu tembang kinanthi yaiku......
a, i, u, i, a, u
a, i, a, i, a, i
u, i, a, i, a, i
u, a, i, a, u, a
u, i, a, i, a, u
samangsane pasamuan
mamagun marta martani
sinambi ing saben mangsa
kala kalaning asepi
lelana teki-teki
nggayuh golonganing kayun
kayungyun eninging tyas
sanityasa pinrihatin
pungguh pangah cegah dahar lawan nendra
isi tembang ing dhuwur yaiku....
gelema prihatin
gelema srawung
aja seneng lelungan
gelema dadi wong tani
kerepa manggon ing papan kang sepi
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
Tembung tur iku warna diyu, nduweni teges.............
Sanadyan wujude ora umum
Sanadyan wujude buta
Sanadyan wujude kethek
Sanadyan wujude manungsa
sanadyan wujude satriya
Pethilan Crita Cerkak
Lelakoning Wong Nandhang HIV
Ana sawijing remaja putri kang makarya ana PT. Remen Misuwur, jenenge Santi. Satemene Santi iku bocah kang meneng, kalem, unggah-ungguhe becik. Nanging Santi ngalami lelakon kang nyebabake dheweke dadi ugal-ugalan lan wusanane dadi ketularan HIV/AIDS saka kancane.
Mira karo Galuh ngadeg karo guneman ngomongake Santi.
Mirna : “Eh.... ngerti ora kowe, menawa kae lho sing jenenge Santi, bocah sepaneng kono kuwi nduweni penyakit lho!” (karo marangkerik)
Galuh : (Nyedhak Mirna karo rada kaget) “Penyakit?Penyakit apa?”
Mirna : (Karo mlebu pabrik) “Nduwe penyakit AIDS!” Ngerti ora apa iku AIDS?”
Galuh : “AIDS?” (mripate mentholo).
Santi mlaku ing ngarep pabrik krungu swara kang rerasan, Mirna karo Galuh mandheg cep klekep anggone guneman ora wani nerusake. Wektu mulih kerja, ana dalan, Ningrum, kanca kenthele Santi mbarengi Santi mlaku alon-alon karo crita.
Ningrum : (Nyeblek pundhake Santi) ‘He, San! kok mulih dewe? bareng yo!” (mlaku karo njejeri Santi)
Santi : “He..em....” (mangsuli karo lemes)
Ningrum : “Ana apa ta, San kok kowe katon pucet ngana?”
Santi : “Ora... ora apa, Rum. Aku mung rada kurang turu. Mau bengi ngewangi ibuk nggawe pesenan jajan.”
Ningrum :”O...ya wis... neg ngono mengko tekan ngomah gek ndang leren turu wae!”
Tekan omah Santi ora kaya biasane. Mripat rada abang kaya bubar nangis, mula bareng Bu Riris ngerti terus marani Santi ana jero kamar
Nilai spirit
Nilai sosial
Nilai budaya
Nilai estetika
Nilai moral
Crita wayang Bima Bungkus
Ing Ngastina, Dewi Kunthi nglairake bayi kang awujud bungkus. Dhawuhe Dewa, bungkus kudu dibuwang ing alas Kredawahana. Ing pertapaan Raden Permadi njelasake kahanan Bima Bungkus marang Retawu Begawan Abiyasa amarga sibungkus nggegerake donya, Batara Guru ngutus Gajah sena anggon mecah sibungkus lan uga ngutus Dewi Umayi kanggo ngajari babagan kautaman marang sibungkus. Sawetara iku Gajah Seno kanthi kekuwatane mbudidaya buka bungkus. Ananging pecahing bungkus malah ndadekake bayi ngamuk amraga rumangsa dilarani. Kalorone gelut nganti wusanane gajah Seno tumekeng pati. Eloking lelakon sasirnane gajah Seno, sukma lan kekuwatane manjing ing badane sibayi bungkus. Ratu Tasikmadu nyuwun tulung Brata sena kanggo mateni Raja Raseksa lan patihipun. Sawise Raja Raseksa lan patihipu mati,kekiyatanipun mlebu ing awake Bratasena.
Latar crita bima bungkus ing dhuwur yaiku
Alas Krendawahana
Alas Wahana
Alas Roban
Alas Krenda
Alas Trembes
Ing ngisor iki kang diarani dongeng......
crita kang ngenanni roh/lelembut
crita kang ora nyata
crita kang ana gegayutane karo dumadine sawijing papan panggonan
crita kang ana sambung rapete karo sejarah
crita kang paragane kewan-kewan
Salah sawijinig karya sastra jawa ingkang awujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadhah irama, rima, mitra, bait diarani karya sartra ing jenis......
crita rakyat
crita novel
geguritan
tembang macapat
tembang dolanan
Dhiskripsike panganan khas gambar ing dhuwur.....
Sega campur pangan khas Kudus
Sega rames pangan khas Kudus
lonthong pecel pangan khas Blora
sega pecel panganan khas Blora
sega pecel campur rames panagan khas Blora
Gambar ing dhuwur kalebu jinising busana adat Jawa Blora yaiku busana samin. Jinising piranti kang diagem kangge nutupi mustaka diarani piranti…..
sabuk
sinjang
kulambi
udeng/iket
sampur
Gambar gamelan ing dhuwur kang nomor 1 lan nomor 2 diarani
bonang penerus lan kenong
kenong lan slenthem
kenong lan gender
bonang barung lan gender
kenong lan gambang
Gambar ing dhuwur kalebu salah sijining piranti gamelan kang ditabuh kanthi cara……..
digesek
dipetik
disebul
ditabuh nggunakake kombinasi tlapakan karo driji
Ditabuh nggunakake wilah saka wilah kayu
Mbuwang sisa sega ing piring kanthi pawadan weteng wis wareg bias nuwuhake kedadeyan mbilaen. Kulawarga tansah congkrah, wiwit mung lok – lokan nganti kerengan sing njalari paten – pinaten.
Teks ing dhuwur kalebu wewaler jawa…..
Mangan ing ngarep lawang
Lungguh ing tengah lawang
Mbuwang sega
Ngalih enggon nalika pinuju mangan
Mangan dhisiki wong tuwa
Samengko sembah kalbu
Yen lumintu uga dadi laku
Laku agung kang kagungan Narapati
Patitis tetesing kawruh
Meruhi marang kang momong
Tembung kalbu duweni teges......
manah
jiwa
raga
ilmu
mustaka
