NEW
Font size
WorksheetsLatihan US Bahasa Jawa
Total questions: 36
Worksheet time: 2hrs 48mins
Kreteg kayu
Sinambung karya ing dina Minggu
Ndandani kreteg kayu rame-rame bebarengan
Tumandang gawe sowang-sowangan
Datan nggresula jroning kalbu
Geguritan ing dhuwur iku isine . . . .
Nyambut gawe ing dina Minggu
Dina minggu gotong-royong ndandani kreteg kanthi ikhlas
Nyambut gawe sing ikhlas bebarengan
Nyambut gawe rame-rame bebarengan
Sapu Sada
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Tembung sing kacethak miring ing geguritan dhuwur iku tegese….
seneng banget
nyambut gawe
resik lan sehat
guyub rukun
Energi mujudake sawenehe bab kang wigati tumrap uripe manungsa ing donya, awit sakabehe wujud tumindak utawa kegiatane manungsa mbutuhake energi. Energi sing asale saka minyak, mineral alam, lan batu bara ora bisa didandani utawa dianyari. Mula, tumrape manungsa ora ana pilihan kajaba gemi ( irit ) nggunakake energi.
Kita kudu gemi nggunakake energi amarga….
Ora bisa didandani utawa dianyari
Ora ana enteke
Ora ana tunggale
Bisa digawe meneh
Musim udan padha karo musim banjir padha teka. Got-got kang kasumpet kudu diresiki supaya banjir ora mara. Lingkungan sakupenge kita kudu dijaga amarga udan sawayah-wayah bisa teka. Lelara padha ngincer manungsa mula kuwi ayo padha njaga lingkungan supaya lelara ora teka banjir ora ana.
Ukara kang kacithak miring ing wacan dhuwur iku yen diowahi ngganggo basa krama alus yaiku…..
Got-got kang kasumpet kedah diresiki supaya banjir ora mara
Got-got ingkang kasumpet kedah diresiki supaya banjir ora mara
Got-got ingkang kasumpet kedah dipunresiki supados banjir mboten dugi
Got-got kang kasumpet kedah dipunresiki supados ora mara
Grojogan Roro Kuning
Sawise Prabu Erlangga seda, kraton Kahuripan kaperang dadi loro yaiku Jenggala lan Panjalu. Kanggo ndadekake kraton loro dadi siji maneh, Raja Jenggala sarujuk besanan karo Raja Panjalu. Raja Jenggala kagungan putra kakung asmane Raden Inu Kertapati. Dene Raja Panjalu saka garwa Prameswari kagungan putri asmane Dewi Sekartaji lan saka garwa selir kagungan putri asmane Galuh Ajeng.
Amarga Dewi Sekartaji luwih ayu lan apik budi pakertine yen katandhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapati milih Dewi Sekartaji minangka jodhone. Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji. Saka dhukun tenung Galuh Ajeng oleh endhog sing wis dijampi-jampi kanggo disisipake ing dhaharane Dewi Sekartaji.
Dewi Sekartaji ana crita ing dhuwur nduweni watak….
serik atine
kejem lan kasar
ala budi pakertine
apik budi pakertine
Nandur empon-empon
Dhek dina minggu aku lan ibuku menyang kebonan. Kebonanku rumbuk suket. Suket iku ora ana gunane. Suket iku banjur dakresiki karo ibuku. Sawise dakresiki, kebonanku daktanduri lan dakpaculi luwih dhisik. Aku lan ibuku nandur jahe, kencur, puyang, laos, kunir, lan sapanunggale.
Wacan ing dhuwur kalebu jinise karangan . . . .
deskripsi
eksposisi
narasi
persuasi
Padang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba,
Padhang mbulan padhange kaya rina,
Rembulane kang ngawe-awe,
Ngelingake aja turu sore-sore.
Isi tembang dolanan ing dhuwur medharake rasa…
seneng
wedi
susah
gething
Kupu Kuwi
Kupu iku dak incupe,
Mung aburmu ngewuhake,
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon,
Mrana-mrene mung saparan-paran,
Sapa bisa ngincupake,
Mentas menclok cegreg,
Nuli mabur bleber.
Mung aburmu ngewuhake, tembang ngewuhake tegese…
angel banget
gampang banget
adoh banget
cedhak banget
Perpustakaan Sekolahku
Perpustakaan sekolahku gedhe banget, ambane kurang luwih 25X 35 m. Ing jerone akeh rak-rak buku kang sinusun rapi manut jinis buku-bukune. Ing sajrone perpustakaan sumimpen buku-buku ewonan cacahe. Ing ngarep rak-rak buku mau ana sedheretan kursi lan meja sinau kang lumrah digunakake dening pengunjung kanggo maca utawa nggarap tugas-tugas.
Gagasan pokok paragraf ing dhuwur, yaiku ….
Ambane kurang luwih 25 X 35m
Perpustakaanku gedhe banget
Ing jerone akeh rak-rak buku
Perpustakaan sekolah
Alun-alun Wayah Sore
Alun-alun ing kuthaku diapit karo bangunan penting. Ing sisih wetan ana pendhapa kabupaten kang endah asri. Ing sisih kulon ana masjid Jami’ lan penjara. Yen madhep mangidul katon tharik-tharik toko pecinan.
Tegese tharik-tharik ing wacan dhuwur iku….
jejer loro
adhep-adhep
jejer-jejer
ungkur-ungkuran
Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau ngobrak-ngabrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk nganti lesoh, ora karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake parine supaya ora kesuwen kakum banyu udan.
Ukara ing ngisor iki sing trep karo wacan ing dhuwur yaiku...
Banyu lan udan ing Jawa Wetan
Bencana banjir ngobrak-abrik tanduran jagung
Parine dadi nglumbruk
Para tani mbudidaya njejegake pari-parine
Grahana Srengenge Total 2016
Dhek dina Rebo, tanggal 9 Maret 2016 dumadi grahana srengenge total saengga peteng dhedhet ing sadhengah tlatah Nuswantara. Kadadean alam kang kalebu langka kasebut dumadi ing 12 tlatah propinsi, ndadekake para warga padha kepengin weruh lan ngalami kahanane nalika grahana srengenge.
Kepriye kahanane nalika ana grahana srengenge total….
peteng dhedhet
remeng-remeng
padhang jingglang
padhang bulan
Jaman saiki akeh wong tuwa padha bingung. Apa maneh yen nduwe anak wadon. Bingunge wong tuwa mau amarga ngawasi tingkah polahe pasrawungane arek nom-noman kang wis ora kena diatur. Akeh wong tuwa padha kuwatir marang anak-anake yen salah pasrawungane.
Paribasan kang cocok karo wacan ing dhuwur, yaiku ….
Kebo nusu gudel
Anak polah bapak kepradah
Asu arebut balung
Kriwikan dadi grojogan
Pak Guntur iku sugih pangapurane. Pak Guntur iku ….
kandel kupinge
abang kupinge
abang lambene
jembar segarane
Titipane anak putu,
Alam endah edi peni,
Den jaga mrih lestari,
Aja lali den pengudi,
Temah jaya lan sentosa,
Ayem tentrem kita sami.
Tembang macapat ing dhuwur isine . . . .
Njaga alam seisine
Njaga alam supaya lestari tur urip mulya
Njaga alam supaya lestari
Njaga alam supaya urip ayem tentrem
Gunung-gunung aneng bumiku Pertiwi,
Merak ati endah,
Gunung Bromo tur Merapi,
Agung Kerinci Arjuna.
Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku….
12 i
6 a
8 i
4 i
Prabu Puntadewo iku satriya pembarepe Pandhawa. Asmane sing dadi pocapan yaiku Yudhistira, jumeneng nata ing Ngamarta. Putrane Dewi Kunthi lan Prabu Pandhu Dewanata.
Prabu Puntadewo iku jujur, ora nate goroh, lan ora kersa perang, mula ora duwe gaman.
Pesen moral crita ing dhuwur, dadi uwong iku….
kudu jujur
seneng perang
ora duwe gaman
seneng goroh
Raden Janaka (Arjuna) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi kesatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacat. Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.
Watake Raden Janaka ing crita kasebut yaiku….
angkara murka
murang tata
ninggal tata karma
becik lan tinata
UWUH
Uwuh utawa sampah tambah dina ora suda nanging tansaya tambah nganti matikel-tikel. Kahanan mau bisa didelok ana sakiwa-tengene awake dhewe. Uwuh mumbruk ing ngendi-endi nyepeti mripat ambune ndulek irung. Uwuh plastik pating kleler ing sadhengah papan. Bisa dibayangke piye kahanan bumi iki mbesuke,yen uwuh ora dikelola kanthi becik.
Ukara inti ana ing wacan dhuwur yaiku,,,,,
Uwuh mumbruk ing sadhengah papan
Uwuh ora dikelola kanthi becik
Uwuh plastik kleleran ing sadhengah papan
Uwuh ambune nyumpeti irung
Alas iku kudu dilindhungi lan dijaga. Ngrawat lan nglindhungi alas sing gundhul bisa ditindakake kanthi gerakan reboisasi. Reboisasi yaiku nandur tanduran ing alas kang gundhul. Yen alas dijaga, kewan sing ana ing alas ora kelangan habitate lan bencana banjir utawa tanah longsor bisa dicegah.
Teks ing dhuwur dudutane yaiku….
Reboisasi iku kanggo njaga lingkungan
Njaga lingkungan ing alas
Bedane illegal logging karo reboisasi
Alas gundhul bisa nyebabna banjir
Trenggiling Satwa Langka kang Asring Dislundupake
Durung suwe iki petugas Bea Cukai Bandara Internasional Juanda Surabaya ing Sidoarjo, Jawa Timur kasil nggagalake upaya panylundupan ekspor kewan trenggiling kang dilindhungi menyang luar negeri. Trenggiling kang kabeh bobote 1.390 kg iku nedya diekspor menyang negara China. Manut pangandikane Kepala Kantor Wilayah Bea Cukai Jatim 1….
Ater-ater anuswara sing bener ing wacan dhuwur yaiku….
nggagalake
diekspor
dilindhungi
panylundupan
Ayo pra muda taruna,
Ngisi kamardikan mbela nagari,
Ngudi ilmu dimen maju,
Tansah laku trapsila,
Reksanen budaya bangsa kanthi laku,
Mrih raharja nuswantara,
Gemah ripah loh jinawi.
Gatra kapitu tembang ing dhuwur tegese….
tata tentrem
adil makmur
kerta raharja
subur makmur
(1) Pucung
(2) Lir- ilir
(3) Gajah- gajah
(4) Kinanthi
(5) Sinom
(6) Menthog- menthog
Tembang ing dhuwur kang kalebu tembang macapat yaiku ...
1, 2 dan 3
1, 4 dan 5
2, 3 dan 6
2, 4 dan 6
(1) Nduweni wantak wantah
(2) Guru gatrane ana 9
(3) Sasmitane taruna, srinata, ron kamal, pangrawit, logondhang
Tembang macapat sing nduweni ciri ing dhuwur iku yaiku . . .
mijil
sinom
maskumambang
pangkur
Omongane ora kena dipercaya, esok dhele sore….
tahu
tempe
jagung
kacang
Wiwit esuk kok tukaran bae, kaya banyu karo lenga.
Tegese bebasan iku….
Wong sing rukun banget
Wong sing bedhigasan
Wong sing senengane maido
Wong sing ora bisa rukun
Sega sakepel dirubung tinggi
Batangane parikan ing dhuwur yaiku . . . .
salak
nanas
andha
clana
Pitik walik saba …
sawah
kebon
gunung
omah
Cangkriman sing mathuk kanggo batangan “andha” yaiku . . . .
Pitik walik saba meja
Dikethok malah dhuwur
Emboke dielus-elus, anak diidak-idak
Sega sakepel dirubung tinggi
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb
Anak-anakku kelas 6 sing ibu tresnani, Alhamdulillah tekaku ing kene ndadekake bungah uga ndadekake susah kabeh sing ana ing aula iki. Ujian wis klakon kanthi apik, kabeh mau, ya saka upayamu kang kasengkuyung dening sakabehe warga sekolah, bapak ibu sakeluargamu. Sadhela maneh kowe bakal ninggalake sekolah iki.
Isi pidhato ing dhuwur bab . . . .
Unggah-ungguh
pepisahan
ujian sekolah
rekreasi
Teks 1.
Pidhato Ulang Taun
Assalamualaikum, puji syukur kita haturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, ingkang wekdal menika maringi rahmat saha hidayahipun, saengga saget makempal ing acara menika “ Ulang Tahun adhik kula “ mugi-mugi kanthi tambahing yuswa dados sregep sinau lan ngedohi tumindak ingkang awon.
Teks II
Assalamualaikum, ingkang kinrmatan bapak RT dan RW saha bapak Ibu ingkang minulya.
Wonten ing dinten menika kula panjenengan sedaya ngawontenaken tirakatan kaliyan ndonga sesarengan. Mugi mugi Indonesia dipunparingi aman, tentram, lan loh jinawi. Amiiin.
Bedane teks pidhato resmi lan ora resmi ing dhuwur ....
Teks I kalebu resmi teks II kalebu ora resmi
Teks I kalebu ora resmi lan teks II kalebu resmi
Teks I lan teks II kalebu resmi
Teks I lan teks II kalebu ora resmi
Ing wekdal menika kepareng kula ngaturaken bab perlunipun tansah njagi kasarasaning badan awit kanthi badan ingkang saras kita saget nindakaken menapa kemawon pakaryan ingkang kedah kita tindakaken……
Perangane pidhato ing dhuwur diarani ….
purwaka
surasa basa
pangarep-arep
salam pambuka
Grup pecinta alam saka Surabaya kasil ngibarake gendera abang putih ing pucuke Gunung Semeru.
Tembung abang putih yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku….
Aksara Jawa iku yen ditulis Latin ….
mangan Puli
mangan Srabi
mangan teri
mangan roti
Asara Jawa ing dhuwur oleh pasangan … lan ….
ha lan ja
ka lan ta
ba lan ka
dha lan la
Aksara Jawa ing nduwur, nganggo aksara pasangan ….
