wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ngeluri Budaya Jawa I

Total questions: 35

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

argumentasi

a)

dheskripsi

b)

adisi

c)

narasi

d)

eksposisi

e)

persuasi

2.

Puntadewa

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Baladewa

d)

Nakula

e)

Sadewa

3.

Handiko mujudake bocah lanang sing ora duwe kanca. Kanca-kancane padha ngedohi dheweke, jalaran dheweke seneng madulake omongane sawijining kanca marang kanca liyane. Yen kancane padha congkreh dheweke rumangsa marem. Tumindake Handiko iki jumbuh klawan unen-unen….

a)

Kulak warta adol prungon

b)

nembung laku

c)

welas temahan lalis

d)

ana catur mungkur

e)

tumbak cucukan

4.

Paraga sing dadi gurune pandhawa lan uga dadi gurune kurawa yaiku….

a)

Kresna

b)

Drupada

c)

Durna

d)

Bisma

e)

Karna

5.

Prabu Duryudana jumeneng nata ing negara….

a)

Ngastina

b)

Ngalengka

c)

Ngamarta

d)

Mandura

e)

Dwarawati

6.

bening atine

a)

landhep pikira

b)

gedhe endhase

c)

rai gedheg

d)

mlakune alon

e)

jembar dhadhane

7.
a)

Ilsah lunga menyang Semarang

b)

Absah lunga menyang Gunung Brama

c)

Elsa dolang menyang Surabaya

d)

Aisah lunga menyang Surabaya

e)

Absah lunga menyang Surajaya

8.

Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

revolusi

e)

koda

9.

Adate pitutur sajroning drama iku wujude....

a)

nyata diduduhna

b)

disamarake

c)

diilangi

d)

dikiwakake

e)

ora nyata

10.

Maskumambang

a)

Pangkur

b)

Sinom

c)

Pocung

d)

Girisa

e)

Mijil

11.

ngelmu iku kalakoni kanthi laku

lekase lawan kas

tegese kas nyantosani

setya budya pangekese durangkara


Tembang kasebut jinise tembang macapat....

a)

Pangkur

b)

Maskumambang

c)

Gambuh

d)

Kinanthi

e)

Pocung

12.

Hangedohna mohlima dhuh siswa mami

luwih-luwih madat

kang anjrah ing jaman iki

hangrerusak jiwa raga


Tembang kasebut jinis tembang macapat....

a)

Pocung

b)

Pangkur

c)

Asmaradana

d)

Gambung

e)

Maskumambang

13.

Impenmu Impenku

dening: Achmad Endra Gunawan

Senajan atiku angluh

Nanging tanganku tetep pengkuh

Dakgandheng tanganmu

Nasak sunare mercury kutha

Ngenam laku lawas sing wis dadi crita

Sinatran lintang ing langit kutha Tuban

Impenku kang dadi impenmu

Impenmu kang dadi gegayuhanku


Kedadean kang kagambarake ing pethikan geguritan kasebut yaiku....

a)

awan-awan ing taman

b)

mlaku-mlaku wanci sore ing kutha Tuban

c)

mlaku-mlaku wanci wengi karo gegandhengan ing kutha Tuban

d)

mlaku-mlaku karo gandhengan tangan ing wanci esuk

e)

mlaku-mlaku karo gantelaning ati wayah sore ing pingir segara

14.

guru wilangan

a)

guru basa

b)

guru lagu

c)

guru swara

d)

guru sastra

e)

lumaksita

15.

Nandur pari nanging tukule suket teki


Gatra kasebut ngandhut purwakanthi....

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru basa

d)

guru lagu

e)

lumaksita

16.

balang gantal

a)

timbang bobot

b)

sungkeman

c)

mapag besan

d)

siraman

e)

sinduran

17.

ngidak jenang pitung werna

a)

munggah tebu wulung

b)

ceker-ceker

c)

kurungan

d)

ulung-ulung

e)

liru kembar mayang

18.

kamajaya-

a)

srikandi

b)

drupadi

c)

kunthi

d)

kamaratih

e)

kamasuli

19.

jenang

a)

tebu

b)

klapa cengkir gadhing

c)

kurungan

d)

arta receh

e)

lemah

20.

"Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati." Ukara iki mathuke digunakake ing perangan ....

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

isi

d)

panutup

e)

salam panutup

21.

Kanthi linambaran sih kanunggrahane Gusti kang Akarya Jagad kita saged angrawuhi adicara punika kanthi tebih ing rubeda kalis ing sambikala....


Pethikan teks kasebut kalebu perangan... pidhato.

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

isi

d)

panutup

e)

salam panutup

22.

Mendhung angendanu ngemuli Pertapan Jatisarana. Kembang-kembang padha alum temah gogrog, ganda arum wus ilang kesapu dening angin. Kumbang kekiter bingung bilulungan ngupadi dununging sarining memanis. Udan riwis-riwis kesisan maruta kengis saya nambahi kekes temah pepes jroning penggalih Begawan Wiragni.


Pethikan teks kasebut nggambarake....

a)

Negara kang sedhih amarga mentas perang

b)

Kulawarga kang sedhih amarga wayah wengi sepi.

c)

Batine Begawan Wiragni kang sedhih

d)

Begawan Wiragni kang wus tuwa.

e)

Wayah wengi, sepi, udan grimis

23.

Ibu kala wau dalu... adhik sepedha enggal.

a)

menehi

b)

nyukani

c)

maringi

d)

ngaturi

e)

nyaosi

24.

Kala wingi Arda sampun... dhumateng Pak Sugeng.

a)

kandha

b)

sanjang

c)

dhawuh

d)

ngedikan

e)

matur

25.

Sarbini : Bapakmu saiki ana ing....?

Dina : Ora. Bapak lagi... Surabaya.

a)

dalem,tindak

b)

omah, lunga

c)

griya, kesah

d)

griya, tindak

e)

dalem, kesah

26.

Upacara tedhak siten ditindakake nalika bayi....

a)

pitung minggu

b)

pitung sasi

c)

pitung selapan

d)

pitung dina

e)

pitung sasi ing sajrone wetengan

27.

gagah prakosa

a)

peteng dhedhet

b)

padhang jingglang

c)

balung kulit

d)

ijo royo

e)

teles kebes

28.

Sejatine Pak Sulis iku ora pati pinter lan isih durung pengalaman babagan nernak sapi perah. Kena apa saben ketemu wong mesthi crita ngayawara, kamangka ora ana sing takon. Mangkene iki kaya unen-unen ….

a)

gong lumaku tinabuh

b)

bathuk bolu isi madu

c)

sumur lumaku tinimba

d)

asu gedhe omonge

e)

kebo nusu gudel

29.

Hla wong wis genah ora nggawa SIM lan uga ora nganggo helm, e hla kok tetep liwat dalan gedhe. Wusana ya ketangkep polisi tenan. Iki rak jibles karo unen-unen….

a)

Ula marani sunduk

b)

kutuk marani sunduk

c)

Iwak kalebu jaring

d)

Kebo nusus gudel

e)

Belo melu seton

30.

Wong sing senengane anut grubyuk marang wong liya iku padha karo unen-unen….

a)

belo melu seton

b)

kebo melu kancane

c)

iwak anut rombongan

d)

kutuk melu iwak

e)

gajah ngidak rapah

31.

Sing dudu urutane upacara adat tingkeban yaiku...

a)

siraman

b)

medhot lawe

c)

salin rasukan

d)

menek andha tebu

e)

brojolan

32.

Rerangkene adicara temu nganten kang pungkasan yaiku….

a)

liru kembar mayang

b)

ranupada

c)

jamasan

d)

sungkeman

e)

sinduran

33.

Sing nggambarake tandha bektine wong wadon marang bojo lanang yaiku....

a)

liru kembar mayang

b)

balang gantal

c)

ranupada

d)

sinduran

e)

timbang bobot

34.

Dasanamane gunung, kejaba....

a)

wukir

b)

arga

c)

himawan

d)

giri

e)

maruta

35.

Segara

a)

jaladri

b)

maruta

c)

bayu

d)

bantala

e)

pertiwi