wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-Ungguh Basa

Total questions: 20

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Minangka pribadi kang lantip, yen rembugan kumu bisa empan papan, jalaran ....

a)

Ing ngendi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae

b)

Panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu

c)

Bocah sekolah, para pegawe, yen jagongan padha wae

d)

Para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae

e)

Beda papan lan bab ingkang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa

2.

Miturut gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku ....

a)

Basa ibu, basa ilmu, lan basa budaya

b)

Basa ibu, basa ilmu, basa pergaulan

c)

Basa ibu, basa keluwarga, lan basa masyarakat

d)

Basa ibu, basa komunikasi, lan basa budaya

e)

Basa ibu, basa ilmiah, dan basa sastra

3.

Basa Jawa minangka basa ilmu yaiku ....

a)

Basa kang digunakake kanggo renbugan ing adicara keluwarga

b)

Basa kang digunakake kanggo adicara pahargyan adat

c)

Basa kang digunakake kanggo medharake pangrasa

d)

Basa kang digunakake kanggo medharake saweneh kawruh

e)

Basa kang digunakake kanggo pasrawungan saben dina

4.

Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune ana loro, yaiku ....

a)

Ragam ngoko alus lan krama inggil

b)

Ragam ngoko lan ragam krama

c)

Ragam krama lugu lan ragam krama inggil

d)

Ragam ngoko lan krama inggil

e)

Ragam krama alus lan krama inggil

5.

Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake ....

a)

Rumaket

b)

Ngajeni

c)

Guyonan

d)

Penting

e)

Mirunggan

6.

Basa ngoko yen tetembungan kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama

d)

Krama lugu

e)

Krama alus

7.

Yen dibandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ....

a)

Kasar lan rumaket

b)

Luwih gampang cak-cakane

c)

Alus lan nduweni surasa luwih ngajeni

d)

Lugu lan kurang ngajeni liyan

e)

Endhek tataran undha-usuke

8.

Ibu : bapak wis dhahar?

Bapak : wis, ngenteni ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.

Basa kang digunakake ing pethikan pacelathon kasebut yaiku ....

a)

Ngoko alus

b)

Ngoko lugu

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

9.

Ibu : aja kesusu turu, sholat Isyak dhisik Rin!

Rina : inggih buk. Kula sampun sholat. Menawi ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin.

Ing pethikan teks kasebut, Rina migunakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

10.

Wong/ bocah sabarakan/ meh padha umure migunakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

11.

Wong/ bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

12.

Paman adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk.

Wangsulan kang trep yaiku ....

a)

Ya ngger, daktampa, liwat pamujiku tampanana

b)

Ki sanak menika sinten lan saking pundi?

c)

Pancen pener kaya ngono kuwi kuwajibane duta

d)

Ana wigati apa kowe sowan mrene?

e)

Pakaryan kang becik kudu tansah dilestarekake

13.

Sedaya kemawon saget rawuh sakmenika.

Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu yaiku ....

a)

Kabeh wae bisa mulih saiki

b)

Kabeh wae bisa teka saiki

c)

Kabeh wae bisa lunga saiki

d)

Kabeh mawon saget dugi saiki

e)

Kabeh wae bisa budhal sakniki

14.

Kowe yen dikongkon bapak kudu manut, supaya bapak ora nesu.

Tembung "dikongkon" karo "nesu" krama inggile yaiku ....

a)

Dikengken, muring

b)

Diutus, duka

c)

Dipunkengken, duka

d)

Diutus, muring

e)

Dikengken, nesu

15.

Ukara ing ngisor iki panganggone basa ngoko alus sing trep, yaiku ....

a)

Saben sore pitikku yen sare manggon ing kandhang mburi

b)

Kucingku saben dina dhahar daging ayam

c)

Adhiku senengane ngunjuk es dhawet

d)

Nganti saiki bulik dereng kagungan putra

e)

Eyang nembe kemawon sare

16.

Andri : Rom, iki dhuwit bageyanmu saka Bu Susan.

Romi : ......................................

Andri : isuk mau nalika sakdurunge bel mlebu.

Ukara sing trep kanggo wangsulane Romi, yaiku ....

a)

Kapan olehe menehke?

b)

Kapan olehe nyaoske?

c)

Kapan anggenipun menehke?

d)

Kapan olehe maringne?

e)

Kapan olehe nggawakne?

17.

Eyang mengko arep turu kene, saiki bapakmu omongona.

Tembung "turu" lan "omongona" yen diowahi dadi basa sing trep, yaiku ....

a)

Nyepeng, omongana

b)

Kondur, dhawuhana

c)

Nyare, aturana

d)

Nyare, dhawuhana

e)

Turu, aturana

18.

Apa sing dakomongake mau, kabar sing penting.

Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa krama sing trep, yaiku ....

a)

Menapa ingkang kula aturake, pawarta sing wigati

b)

Menapa ingkang kula kandhakake, pawarta ingkang wigati

c)

Menapa inkang kula aturaken, pawartos ingkang wigati

d)

Menapa ingkang kula ngendikaken, warta ingkang penting

e)

Menapa inkang kula dhawuhaken, pawarta inkang wigati

19.

Apa sing kokkandhakake kuwi bapak wis weruh.

Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko alus, yaiku ....

a)

Apa sing kok aturake bapak wis pirsa

b)

Apa sing kokkandhawuhake bapak wis pirsa

c)

Apa sing panjenengan dhawuhake rama wis pirsa

d)

Apa sing sampeyan aturake rama wis sumerep

e)

Punapa ingkang panjenengan dhawuhake rama sampun pirsa

20.

Ing ngisor iki panganggone basa krama lugu sing trep yaiku ....

a)

Panjengan dhahar rumiyin menawi badhe tindak

b)

Mbenjing dipunajak ningali kethoprak

c)

Sakmenika sampun dalu, sampeyan wangsul rumiyin

d)

Sotonipun dipun dhahar dhisik

e)

Saiki wis wengi, panjenengan mulih sesuk wae