wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASESMEN FORMATIF PRANATACARA

Total questions: 20

Worksheet time: 1hrs 1mins

Name
Class
Date
1.

Ingkang kalebet dasanama saking pranatacara inggih menika...(pilih langkung saking setunggal)

a)

pambiwara

b)

pamiyarsa

c)

pranata adicara

d)

pranatacara

e)

paniti laksana

2.

Pranata cara inggih menika paraga ingkang kagungan (a)   nata kaliyan nglantaraken adicara. Tembung ingkang trep kangge ngisi titik titik inggih menika...

3.

Dene mligi wonten ing upacara lelayu utawi kesripahan, tetembungan adicara dipunwastani...

(a)  

4.

Pamedhar sabda inggih menika paraga ingkang kajibahan kagem...

a)

mbabar sawijining perkara

b)

nglantaraken adicara

c)

mbabar adicara

d)

nglantaraken sawijining perkara

e)

nata adicara

5.

Pranatacara kedah saged ngucapaken tembung-tembung basa Jawi krama inggil kanthi leres, boten namung niku, ananging ugi kedah saged njagi swantenipun supados...

a)

tetep narik kawigaten kaliyan boten mboseni

b)

endah dipunmirengaken kaliyan cetha

c)

tetep cetha dumugi pungkasaning adicara

d)

para rawuh rumasa remen manahipun

e)

kangge malih ing adicara sanesipun

6.

Ing ngandhap menika, wujud wiraga lan busana pranatacara kajaba...

a)

magatra : awak pasuryan, cara dandan lan busananipun jumbuh, pantes, wajar, boten dipundamel

b)

malaksana : caranipun lumampah katingal kewes lan luwes, boten ragu-ragu

c)

mawastha : jumeneng jejeg kanthi kapitayan lan boten dhoyong

d)

maraga : mantep, anteng, boten gemeter. panyawangipun tajem dhumateng pamiyarsa

e)

malaksita : terampil. lancar, boten kalonen ugi boten kecepeten

7.

Supados saged ngolah basa kanthi sae, pranatacara kedah mangertosi lan paham paramasastra, wacana, kaliyan pragmatik. Mangertosi babagan paramasastra Jawi ndadosaken pranatacara saged ngucap tembung-tembung, frasa, ukara, bebasan, paribasan, wacana basa Jawa krama inggil kanthi laras lan leres. Laras tegesipun pranatacara saged nggelar adicara jumbuh kaliyan kahanan lan swasana. Dene leres inggih menika pranatacara saged ngginakaken basa ingkang trep utawi jumbuh kaliyan paugeraning paramasastra. Tembung paugeran kagungan teges...

a)

pranatan

b)

ngelmu

c)

trapsilanipun

d)

tuladha

e)

wawasan

8.

Tembung kalih ingkang badhe sami pangucapanipun lan ugi panulisanipun kang kagungan teges nuduhaken pasangan jaler estri dipunwastani...

a)

tembung entar

b)

pepindhan

c)

panyandra

d)

tembung yogyaswara

e)

rura basa

9.

Tembung entar kang kagungan teges guneme mencla-mencle inggih menika...

(a)  

10.

Langkung rumiyin sumangga sesarengan kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti ngaturaken syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta'ala ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani saengga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged hangrawuhi undangan winten ing tata adicara Purna Wiyata Adisajana. Ukara kasebut wonten ing teks pranatacara perangan...

(a)  

11.

Ingkang sanes kalebet syarat menawi kersa dados pranatacara inggih menika...

a)

olah swara

b)

wiraga lan busana

c)

basa lan sastra

d)

kadigdayan lan kasekten

e)

pawiyatan lan katewajuhan

12.

Pranatacara menika menawi ngucapaken ukara kaliyan tembung kedah cetha. Menawi ngatos salah ucap bakal ngurangi kawibawanipun pranatacara. Menika kalebet olah swara babagan...

a)

logat

b)

pocapan

c)

prana

d)

intonasi

e)

kajiwan

13.

Susunana kanthi bener tembung lan jinisipun!

  1. 1. Tembung entar

  2. 2. Tembung yogyaswara

  3. 3. Pepindhan

  4. 4. Panyandra

  5. 5. Rura basa

a)

kandel kupinge

b)

putra-putri

c)

bantere kaya angin

d)

bantala rengka

e)

negor gedhang

1)
2)
3)
4)
5)
14.

Ing ngandhap menika, ukara ingkang ngginakaken tembung entar lan tembung salah kaprah, inggih menika...

a)

Sumartiyem sakala abang raine bareng ngerti yen adhine pancen dawa tangane

b)

Ibu lagi nguleg sambel nggo lawuh madhang, anake wadon sing kon adang sega

c)

Karyono dadi guyon batir-batire amarga abang kupinge kena cat sing durung garing

d)

dhasar wong ala kandhutane, bengi-bengi ya negori gedhang

e)

dadi bocah aja lunyu ilate, mengko ora dipercaya nang wong liya

15.

Ingkang boten kalebet candranipun perangan badan inggih menika...

a)

palarapan nyela cendhani

b)

suta manut ing bapa

c)

rikma memak ngembang bakung

d)

grana ngrungih

e)

pangarasan nduren sajuring

16.

Kawula nuwun,

ingkang satuhu kinurmatan Bapak Kepala SMA Negeri 1 Sampang,

ingkang kinurmatan Bapak Ibu karyawan karyawati SMA Negeri 1 Sampang,

ingkang kinurmatan para undangan wali murid tuwin para kanca kadang ingkang nuggil pawiyatan ingkang kula tresnani.

Ukara ing nginggil kalebet perangan pambuka ingkang dipunwastani...

(a)  

17.

Perangan wiraga lan busana : saged ngrampungi perkara kanthi sae, jumbuh kaliyan ingkang dipunkersakaken. Perangan kasebut dipunwastani

(a)  

18.

Susunana kanthi leres panyandra kaliyan contone ing ngandhap menika :

  1. 1. candrane bencana alam

  2. 2. candrane mangsa kala

  3. 3. candrane perangan awak

  4. 4. candrane solah bawa

  5. 5. candrane satriya bagus

a)

banjir bandhang kang nyered manungsa padha dadi bathang, lemah longsor tinemune korban padha pating dlosor

b)

wisa kentar ing maruta

c)

pamidhangan nraju emas

d)

pangamuke kaya bantheng ketaton

e)

Sang Pamadya padha-padha satria wasis lan waskitha, tata, titi, titis, lan trengginas, sekti mandraguna

1)
2)
3)
4)
5)
19.

Endhep dhuwure swara, seru lan lirihe swara, sarta cepet alone swara diarani...

(a)  

20.

Dawa tangane, idu geni, adus luh, asor budhine, abang-abang lambe. Frasa frasa kasebat kalebet tembung....

a)

yogyaswara

b)

pepindhan

c)

panyandra

d)

entar

e)

rura basa