NEW
Font size
WorksheetsULANGAN HARIAN UNGGAH-UNGGUH BASA
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Ing ngandhap menika ingkang trep migunakaken basa krama alus inggih menika...
Simbah tindak Semarang tumbas sinjang.
Bapak mriksani bal-balan wonten ing lapangan.
Pakdhe kesah dhateng sabin.
Adik tumbas layangan ing warung
Bapak lagi sare ing kamar.
Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa ingkang dipunginakaken inggih menika…
ngoko alus
krama alus
ngoko lugu
krama lugu
krama madya
Pak Karto: “Kapan panjenengan anggenipun rawuh, Pak?”
Pak Sukro:……….
Ukara ingkang trep kangge mangsuli pitakenan ing nginggil inggih menika…
Kala wingi sonten anggenipun kula dugi.
Wingi sore anggonku teka
Wingi sonten anggonku rawuh
Kala wingi sonten anggenipun kula rawuh
Kala wingi sore anggenipun kula dhateng
“Ibuk, tindak dhateng toko badhe (…. ....) menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe (...….) buku tulis kangge cathetan.” Tembung ingkang trep kangge ngisi ceceg-ceceg kasebut inggih menika ....
mundhut, mundhut
tumbas, tumbas
mundhut, tumbas
mundhut, tuku
tumbas, mundhut
Ukara ing ngandhap menika ingkang leres nalika badhe matur kaliyan guru inggih menika...
“Bu, kula badhe nyuwun pirsa bab pawartos basa Jawi!”
“Bu, kula ajeng tanglet bab pawartos basa Jawi!”
“Bu, kula badhe tanglet bab pawartos basa Jawi!”
“Bu, kula ajeng nyuwun pirsa bab pawartos basa Jawi!”
“Bu, aku badhe nyuwun pirsa bab pawartos Basa Jawi!”
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le!.
Basa ingkang dipunginakaken inggih menika…
krama
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Ibu :”Le, kok jam pira iki kok wis bali?”
Lare :”Wetenge lara Buk.”
Lare anggenipun wangsulan boten trep, ingkang leres….
Wetengipun sakit buk
Padharan kula gerah buk.
Weteng kula gerah buk.
Padharan kula sakit buk.
Padharanku lara buk
Ibu : “Man, mengko mampira nggone Budhemu, ngomonga menawa simbah gerah.”
Arman :…..
Ukara ingkang trep kangge mangsuli ibu inggih menika…
Iya bu, mengko dakmatur budhe
Mbok panjenengan piyambak mawon ingkang tindak mrika.
Nggih bu, nanging sanguine ditambah nggih.
Wegah bu, mengko aku arep latihan pramuka.
Inggih bu, mangkih kula mampir dalemipun budhe, kula matur menawi simbah gerah.
Ing ngandhap menika boten kalebet cak-cakanipun basa ngoko lugu inggih menika...
Kangge wicantenan dhateng kanca sejawat ingkang akrab
Kangge wicantenan tiyang sepuh dhateng putra
Kangge wicantenan guru dhateng murid
Kangge rembugan tiyang ingkang inggil pangkatipun
Kangge rembugan tiyang sapadha-padha
Ukara ing ngandhap menika kaleresaken miturut unggah-ungguhipun!
Kala wingi kula mirsani wonten tiyang sepah nembe mlaku tumuju pasar.
Kala wingi kula ningali wonten tiyang sepuh nembe mlaku tumuju pasar.
Kala wingi kula pirsa wonten tiyang sepuh saweg mlaku tumuju peken.
Kala wingi kula ningali wonten tiyang sepuh saweg tindak tumuju peken.
Kala wingi kula ningali wonten tiyang sepah saweg tindak tumuju pasar.
Kala wingi kula pirsa wonten tiyang sepuh saweg tindak tumuju peken.
Undha usuk basa menika bakunipun wonten warni kalih inggih menika...
basa krama inggil lan basa ngoko
basa ngoko lugu lan ngoko alus
basa krama lugu lan krama alus
basa ngoko lan basa krama
basa bagongan lan basa ngoko
Menawi panjenengan nitih pit motor, ampun supe ngagem helm.
Ukara menika ngginakaken basa...
krama alus
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
ngoko andhap
Sawijineng tataran basa kang mujudake basa lumrah utawa umum kang digunakake ing padinan, watake rumaket ora perlu anane ajen ingajenan diarani basa ...
ngoko lugu
ngoko alus`
krama lugu
krama alus
ngoko krama
Ibu : "Bapak wis dhahar?"
Bapak: "Wis, ngenteni ibu kesuwen. Dakkira durung kondur."
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko krama
Ibu : "Aja kesusu turu, sholat isyak dhisik, Rin!
Rina: " Inggih, Buk. Kula sampun sholat. Menawi ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin.
Ing punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, denen Rina migunakake basa...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama aIus
ngoko krama
Tataran basa sing digunakake kanggo ngajeni wong sing diajak guneman nanging ora sepira kurmat diarani basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko krama
Titik-titik jroning dialog ing ngisor iki isenana nganggo ukara sing mathuk!
Ibu: "Pak, sakdurunge tindak kantor panjenengan dhahar dhisek lo!
Bapak: .....
Ibu: "Ya wis, yen pancen kesusu ora apa-apa."
Aku mengko tak sarapan ing kantor wae Bu jalaran esuk iki mau kesusu banget, wektune wis mepet."
kula mangke sarapan wonten kantor mawon Bu, amargi enjing menika kula kesesa sanget.
Iya Bu, sadurunge tindak kantor aku tak dhahar dhisik, nanging kudhu panjenengan barengi, ya!
Hlo, aku wingi rak wis sarapan, mulane dina iki ora usah sarapan. Mosok sampeyan wis lali?
Iya bener, menawa pancen wis luwe wong mangan kuwi mesthi bisa ngrasakake enak tenan.
“Punapa sampeyan saestu badhe kesah?”
Tataran basa kang digunakake yaiku….
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko krama
“Mangga pinarak dhateng .....kula”.
Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg kasebut yaiku….
Griya
dalem
pomahan
Omah
Panggonan
Golekana ukara sing salah miturut unggah-ungguhing basa!
Eyang gerah waja sampun tigang dinten
Putranipun Bu Nanik dipuntampi wonten UGM
Kula badhe tindak dhateng Madhiun
Ibu muwun amargi Bapak gerah
Bapak dhahar pisang goreng
