NEW
Font size
WorksheetsBahasa jawa UH1
Total questions: 35
Worksheet time: 1hrs 10mins
ing ngisor iki struktur lair/fisik geguritan, kajaba:
tipografi
imaji/panyitra
lelewane basa
purwakanthi
tema
Struktrur batin iku ana pira?
2
3
4
5
6
Gelem obah, mesti mamah. ukara iki kalebu....
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru wilangan
Purwakanthi guru lagu
Dasanamane angin yaiku....
bayu, braja, maruta, atmaja
bayu, bawana, braja, maruta
bayu, braja, maruta, pawana
bayu, ancala, braja maruta
bayu, kisma, maruta, braja
Kang kalebu lelewane basa ing antarane....
Tembung wilangan, tembung kawi, pepindhan
tembung kawi, tembung entar, tembung pangarep
tembung saroja, pepindhan, yogaswara
tembung kriya, tembung entar, tembung kawi
tembung kawi, pepindhan, tembung sandhangan
Tembung-tembung ing basa jawa kang asale saka Basa Jawa Tengahan utawa Jawa kuna, sing wis arang banget digunakake kanggo omongan padinan mula saiki wis arang keprungu diarani?
Tembung Entar
Tembung kawi
Pepindhan
Tembung ganti
Tembung kriya
Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku....
Tipografi lan diksi
Imaji lan tipografi
Tema lan amanat
Tema lan imaji
Imaji lan rasa
Ing ngisor iki kalebu tembung entar, kajaba....
Bocah kae pancen dawa tangane
Entek atiku krungu kabar ana kacilakan
Gajah ngidak rapah
Wong kui atine ana wulune
Bojone nardi kae pancen dawa ususe
Kanggo mangerteni kondhisi wektu arep maca puisi kang perlu ditindakake yaiku....
Analisis situasi lan pamireng
milih geguritan
mbedhah geguritan
latihan maca geguritan
latihan nulis geguritan
dhahat, asru, mandra, sakamantyan. iku dasanamane?
Anom
Bledheg
Banget
Wong
Getih
Bawana, buwana, bantala, kisama. iku dasaname....
dalan
bumi
angin
banyu
getih
bajra, sindhung, samirana, wirayang. iku dasaname.......
srengenge
slamet
geni
abang
angin
struktur batin ing geguritan sing bener yaiku.....
imaji, tema, rasa, tipografi
rasa, imaji, purwakanthi, amanat
rasa, tema, nada, amanat
nada, amanat, imaji, makna
tema, rasa, lelewane basa, imaji
yaiku kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben tembung, gatra (larik), pada (bait), lan sakabehe pada ing geguritan diarani.....
rasa
tema
nada
amanat
imaji
panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan diarani....
Wirama
rasa
tema
busananing basa
nada
tembung kang tegese ora sawantahe/ora salugune uga diarani....
tembung kawi
tembung entar
pepindhan
tembung kaanan
tembung ganti
lembeyane...................
ndamar kanginan
ngringin sungsang
mblarak sempal
nglaler mencok
kaya raden werkudara
(//) tandha andhegan sing ana ing njero kurung arti lan gunanne yaiku....
swarane ngendhek
swara alon, lagune alus kaya bebisik
mandheg rada suwe, telung etungan
mandheg sedhela saetungan
mandheg suwe, kanggo akhir pada utawa akhir geguritan
(/) tandha andhegan sing ana ing njero kurung iki arti lan gunane....
mandheg rada suwe, telung etungan
mandheg sedhela saetungan
swarane ngendhek
swarane munggah, mendhuwur
swara dicethakake rada dawa
witing tresna, tresnane mung sawetara. ukara iki kalebu purwakanthi........
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru basa
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru lagu
purwakanthi guru wilangan
ludira, rah, rudhira, iku dasanamane.....
banyu
angin
gunung
dalan
getih
tujuane maca endah geguritan yaiku....
nemokake struktur lair geguritan
nemokake struktur batin geguritan
supaya sing ngrungokake bisa nggumun marang kawasisane sing maca geguritan
bisa menehi tandha andhegan lan intonasi ing teks geguritan
sing nyemak lan mirsani bisa mangerteni isi, piweling lan kaendahane geguritan
unen-unen kang dibolan-baleni kang bisa ndadekake geguritan katon nduweni irama diarani....
rima
tembung entar
tembung garba
purwakanthi
tembung saroja
jisim, kunarpa, kuwanda, wangke, iku dasanamane....
lanang
mayit
ula
kali
segara
kawentar, kombul, kasusra, kalok. iku dasanamane....
kuwatir
kondhang
ndeleng
katon
karep
jenise puisi jawa gagrag anyar sing panulisane ora kaiket dening paugeran-paugeran kaya ing tembang macapat diarani....
pucung
gambuh
durma
geguritan
sinom
unen-unen jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng diarani....
pepindhan
tembung entar
tembung kawi
tembung ganti
tembung kriya
ireng kumpul padha ireng kaya......
mblarak sempal
macan manak
gagak reraton
geni lan urupe
ndamar kanginan
endahing geguritan iku gumantung kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba....
pilihane tembung kang mentes
runtute swara utawa migunakake purwakanthi
tembung entar kang digunakake
tembung andhahan kang karimbag
bagus lan ayune kang maca geguritan
ing ngisor iki dasanamane gunung yaiku.....
atmaja
giri
dayinta
dhahat
kisma
tembung liya sing tegese padha, tembung liya kang tegese padha racake luwih saka siji uga diarani...
pepindhan
purwakanthi
dasanama
tembung entar
tembung kawi
guna, lebda, limpad. iku dasaname....
bumi
anom
dalan
angin
pinter
rekta, abrit, mirah. iku dasanamane....
angin
geni
abang
ireng
srengenge
cemeng, langking, kresna. iku dasanamane....
omah
angin
getih
pinter
ireng
ing ngisor iki bab-bab kang perlu ditindakake nalika maca geguritan, kajaba....
lafal kudu cetha, umpamane swara d, dh, t, th, e
sareh, ora perlu kemrungsung amarga bisa ngilangi nges utawa greget
swara ditata adhedhasar karaktere tembung
anteng
mapanake jeda kanthi trep (pas)
