wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen PTS Ganjil basa Jawa kelas 9

Total questions: 40

Worksheet time: 33mins

Name
Class
Date
1.

Tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama disebut uga...

a)

A. Undha-usuk basa

b)

B. Unggah-ungguh basa

c)

C. Sopan santun

d)

D. Tata cara basa

2.

Awake dhewe migunakake unggah-ungguh basa yaiku kanggo ….

a)

A. Kanggo ndhuwurake drajate awake dhewe.

b)

B.  Supaya masyarakat bisa ngajeni awake dhewe.

c)

C. Ngomongan   minangka wujud  ngurmati wong liya.

d)

D. Supaya wong liya bisa mangerteni kawruhe awake dhewe

3.

Kang kalebu unggah-ungguh basa kang becik yaiku ….

 

a)

A.  Nyeluk kanthi jeneng paraban.

b)

B. Nyelani yen ana wong ngomong.

c)

C. Migunakake basa krama marang wong kang pantes diajeni.

d)

D. Nanemake rasa tepa slira marang wong kang padha agamane.

4.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake unggah ungguh basa kang bener yaiku....

a)

A. Simbah nembe tilem wonten kamar ngajeng

b)

B. Eyang nembe sakit mboten purun nedha

c)

C. Ibu mboten kersa dhahar amargi nembe gerah

d)

D. Mustaka kula nembe sakit

5.

   Yen arep matur marang wong liya kamangka wong iku mau lagi ngendikan, becike...

a)

A. Ngenteni nganti ngendikane rampung

b)

B. Enggal matur ora perlu nunggu ngendikane rampung

c)

C.  Yen perlu nyela senajan ngendikane durung rampung

d)

D. Cepet-cepet matur sing sero supaya aturmu dirungokake

6.

   Wong guneman iku apike...

a)

A.  Guneman sing sero supaya kabeh wong krungu

b)

B. Guneman sing becik lan saperlune wae

c)

C. Kabeh kudu diomongake sanajan ora perlu, supaya marem

d)

D. Guneman kudu manut karepe dhewe

7.

Yen omong-omongan kanca karo kanca sing isih sakpantaran lan wis raket bisa nganggo basa...

a)

A.   Ngoko lugu

b)

B.   Krama lugu

c)

C.   Ngoko alus

d)

D.   Krama alus

8.

  Basa ngoko lugu yaiku...

a)

A.  Basa kang nganggo tembung krama kabeh

b)

B.  Basa kang nganggo tembung krama kacampuran krama inggil

c)

C.   Basa kang nganggo tembung ngoko kabeh

d)

D.   Basa kang nganggo tembung ngoko kacampuran krama inggil.

9.

Ing ngisor iki endi contone ukara kang nganggo basa ngoko lugu?

a)

A. Badhe tindak dhateng pundi, Budhe?

b)

B. Don, aku nyilih pit mu oleh ora?

c)

C. Panjenengan wis dhahar durung?

d)

D. Sampeyan ajeng kesah teng pundi?

10.

Yen omong-omongan wong enom marang wong sing luwih tuwa sing isih bisa nganggo basa...

a)

A.   Ngoko lugu

b)

B.   Krama lugu

c)

C.   Ngoko alus

d)

D.   Krama alus

11.

Basa ngoko alus yaiku...

a)

A.   Basa kang nganggo tembung krama kabeh

b)

B.   Basa kang nganggo tembung krama kacampuran krama inggil

c)

C.   Basa kang nganggo tembung ngoko kabeh

d)

D.   Basa kang nganggo tembung ngoko kacampuran krama inggil

12.

Basa krama alus yaiku...

a)

A.   Basa kang nganggo tembung krama kabeh

b)

B.   Basa kang nganggo tembung krama kacampuran krama inggil

c)

C.   Basa kang nganggo tembung ngoko kabeh

d)

D.   Basa kang nganggo tembung ngoko kacampuran krama inggil

13.

Basa krama alus utawa krama inggil lumrahe dianggo dening...

a)

A.   Kanca karo kanca sing wis raket

b)

B.   Wong enom marang wong tuwa

c)

C.   Wong kang padha drajade

d)

D.   Guru marang murid

14.

Ing ngisor iki kang ora kalebu ukara kang nggunakake basa krama alus, yaiku….

a)

A.   Bapak ngunjuk wedang jahe

b)

B.   Ibu nembe siram wonten pakiwan

c)

C.   Pak Guru ngasta wonten kelas 7A

d)

D.   Kangmas nembe mangan sega goreng

15.

Apa basa krama inggile tembung “sirah”, “sikil”, “lunga”, lan “numpak”?

a)

A.   Mustaka, suku, tindak, nitih

b)

B.   Endhas, asta, tindak, ndherek

c)

C.   Mustaka, samparan, kesah, numpak

d)

D.   Mustaka, sikil, tindak, numpak

16.

Ukara ing ngisor iki kang becik miturut unggah-ungguh basa yaiku ….

a)

A.  Aku dicaosi sangu ibu amarga bijiku ulangan basa Jawa apik.

b)

B.  Wingi sore aku weruh Bu Rusti menyang ing Pasar Legi.

c)

C. Dina minggu aku mirsani jathilan ing lapangan Salam.

d)

D. Menawi dipunparingi sinten mawon kedah matur nuwun.

17.

Menawa rembugan kanggo nelakake setuju lan ora setuju kudu migunakake tata krama kang ana ing ngisor iki, yaiku….

a)

A.  Sing penting panemune dhewe ditampa.

b)

B.  Nambahi pangerten marang kanca liya yen panemune apik dhewe.

c)

C. Migunakake tembung setuju utawa ora setuju lan diwenehi alasane.

d)

D.  Migunakake ukara kang nyenengake wong liya supaya dialem, ing njaba ora sarujuk

18.

Deri sarujuk karo panemune Endah. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa sarujuk yaiku...

a)

A.   Supaya cepet rampung setuju ora setuju sing penting kudu manut karo panemune Endah

b)

B.   Aku jan-jane ora cocok, nanging gandheng kanca-kanca liyane setuju aku ya setuju

c)

C.   Panemumu iku jane ora becik, nanging aku setuju supaya cepet rampung

d)

D.   Ngono ya becik, aku sarujuk dadi mengko latihane bisa maksimal.

19.

Sliramu ora sarujuk karo panemune pimpinan rapat, olehmu matur becike...

a)

A.   Wah pamanggih panjenengan menika lepat, boten ngaten niku.

b)

B.   Nyuwun pangapunten Pak, menawi pamanggih kula makaten.

c)

C.   Nuwun sewu, ngendikan panjenengan niku klentu.

d)

Nyuwun pangapunten Pak, ingkang leres menika pamanggih kula

20.

Menawa panemumu ora disarujuki dening wong liya, prayogane...

a)

A.   Kudu legawa, ora perlu meksa wong liya kudu nyarujuki

b)

B.   Tetep ngupaya supaya wong liya melu sarujuk

c)

C.   Njaluk marang pimpinan rapat supaya didadekake keputusan

d)

D.   Njaluk marang pasarta rapat supaya nyetujoni

21.

Sasi April kelas IX padha Ujian Nasional. Bocah-bocah padha sinau kanthi sregep. Ora lali bocah-bocah nyuwun pangarep-arep donga pangestu marang bapak ibu guru. Kepiye anggone matur?

a)

A. Pak, Bu, nyuwun pangapunten menawi ing tigang warsa menika kula kathah kalepatan. Kula nyuwun didongake mugi-mugi lulus.

b)

B.   Pak, Bu, sampun dados jejibahan guru kangge murid inggih menika paring donga mugi-mugi kula kaliyan kanca-kanca saged lulus lan pikantuk biji ingkang sae.

c)

C.   Pak, Bu, ampun kesupen nggih paring donga pangestu mugi-mugi kula kaliyan kanca-kanca saged lulus kanthi biji ingkang sae, lan saged nglajengaken ing pawiyatan ingkang kula idham-idhamaken.

d)

D.   Pak, Bu, nyuwun pangapunten saderengipun, kula kaliyan kanca-kanca nyuwun donga pangestu mugi-mugi kula kaliyan kanca-kanca lulus kanthi biji ingkang sae, lan saged nglajengaken ing pawiyatan ingkang kula idham-idhamaken.

22.

Melu seneng ya Pur kowe entuk juara I ing kelas tahun iki”. Ukara kasebut kanggo ….

a)

A.  Nyatakake pengarep-arep

b)

B.  Nelakake setuju lan ora

c)

C. Nyatakake melu bungah

d)

D. Melu belasungkawa

23.

Ing dina Setu para siswa nampa rapot asiling pasinaon. Kaya adate diumumake sapa kang dadi juwara kelas. Ing semester iki kang dadi juara kelas yaiku Marni lan kang Juwara loro Santi. Kepiye anggonmu matur Santi kanggo Marni kang kasil juwara siji?

a)

A. "Ndherek bungah ya, Mar. Aja sombong apa maneh pelit ngelmu.”

b)

B.  "Ndherek bungah ya, Mar. Muga-muga asil anggonmu sinau iki jujur.”

c)

C.  “Ndherek bungah ya, Mar. Aku ngerti yen iki asil anggonmu takon kanca nalika ulangan.”

d)

D.   “Ndherek bungah ya, Mar. Muga-muga prestasimu iki bisa gawe patuladhan kanggo kanca-kanca.”

24.

Pak.., awan mau aku diwenehi dhuwit karo simbah. Ukara mau kleru, dene benere yaiku

a)

A. Pak.., sonten wau kula dipunsukani dhuwit dening simbah.

b)

B. Pak.., kula wau siyang dipuncaosi dhuwit dening simbah.

c)

C. Pak.., siyang wau kula dipunparingi arta kaliyan simbah.

d)

D. Pak.., aku disukani dhuwit dening simbah sonten wau.

25.

Jam setengah pitu esuk Sinta wis........ sekolah, sakbanjure

Bapak uga.... makarya.”

Ukara kasebut bakal ganep lan trep unggah-ungguhe menawa digenepi nganggo tembung-tembung....

a)

A.   Mangkat, tindak

b)

B. Mangkat, kesah

c)

C. Tindak, mangkat

d)

D. Tindak, kesah

26.

Basa krama inggile irung...

a)

A. Bocong

b)

B. Padaran

c)

C. Asta

d)

D. Grana

27.

Basa krama inggil sikil ...

a)

A. Asta

b)

B. Bathuk

c)

C. Suku

d)

D. Tutug

28.

Basa krama inggile awak...

a)

A. Salira

b)

B. Yuswa

c)

C. Padaran

d)

D. Ampeyan

29.

Basa Krama inggile Mata ...

a)

A. Talingan

b)

B. Suku

c)

C. Netra

d)

D. Wudhel

30.

Basa krama inggile wajah...

a)

A. Sang Surya

b)

B. Pasuryan

c)

C. Paningal

d)

D. Talingan

31.

Bibar mas Rudi lulus dadi sarjana lajeng ... kangge nyekapi kabetahan piyambak lan keluarga saben dintenipun. Tembung kanggo ngisi kang kosong iku...

a)

A. Golek

b)

B. Nyuwun

c)

C. Ngenehi

d)

D. Pados

32.

Kula jam kalih siyang nembe... saking sekolah lajeng Ibu ingkang mapag kula. Ukara kanggo ngisi kang kosong yaiku...

a)

A. Mulih

b)

B. Kondur

c)

C. Bali

d)

D. Wangsul

33.

Bagus remen... film wonten bioskop sarengan kalihan kanca-kancanipun. Ukara kanggo ngisi kang kosong yaiku...

a)

A. Dhelok

b)

B. Ngematke

c)

C. Nonton

d)

D. Mirsani

34.

Kula jam gangsal sonten nembe... supaya seger nalika Bapak... saking papan nyambut damel. Ukara kang trep kanggo ngisi ingkang kosong yaiku...

a)

A. Siram, Wangsul

b)

B. Adus, Kondur

c)

C. Adus, Mulih

d)

D. Siram, Mantuk

35.

Bapak janji kalihan Putri menawa benjang sampun lulus saking SMP badhe di... sepeda motor kagem sekolah SMA benjang. Ukara kang trep kanggo ngisi titik menika yaiku...

a)

A. Tukokake

b)

B. Paringi

c)

C. Tumbaske

d)

D. Caosi

36.

Basa kramane mangan kanggo awakedhewe yaiku...

a)

A. Dhahar

b)

B. Madhang

c)

C. Nedha

d)

D. Nguntal

37.

Basa kramane ngenehi kanggo awakedhewe

a)

A. Maringi

b)

B. Ngekeki

c)

C. Aweh

d)

D. Nyaosi

38.

Pak dhe sampun tigang dinten sowan wonten Jogja lajeng dinten menika badhe... wonten ing Jakarta. Tembung kang trep kanggo ngisi titik yaiku...

a)

A. Mangkat

b)

B. Mulih

c)

C. Tindak

d)

D. Kondur

39.

Nalika ana salah setunggal siswa kang keluargane seda siswa sanes ngaturaken...

a)

A. Mangayubagya

b)

B. Bebungah

c)

C. Dherek bela sungkawa

d)

D. Dherek suka cita

40.

Aldiga nalika pelajaran basa Korea dereng mangertos napa ingkang dipun wulang wonten kelas lajeng Aldiga ... marang guru kasebut supados saged hambali malih materi basa Korea kasebut. Tembung kanggo ngisi ingkang kosong menika...

a)

A. Takon

b)

B. Jaluk tulung

c)

C. Nyuwun pirsa

d)

D. Mundhut pirsa