wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

US BAHASA JAWA KELAS 6

Total questions: 35

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan kasebut kasusun dening gatra cacah sanga kang istilah liya arane ....

a)

gita nawa gatra

b)

gita sapta gatra

c)

gita dasa gatra

d)

gita sad gatra

2.

srengenge gumlewang nyingkap cakrawala sore

candhika ora melu lan

angin sore bakal nyawure

wayah kang digambarake ing geguritan ing dhuwur yaiku....

a)

surup

b)

subuh

c)

awan

d)

esuk

3.

tembung labuh tegese....

a)

weku antarane ketiga lan rendheng

b)

gawe jasa marang negara

c)

pegawai pamarentah kang gagah

d)

kegiatan kang dirindhakake wong akeh

4.

kanggo nggampangke mangerteni isi geguritan bisa kanthi....

a)

ngeling-eling penganggite

b)

ngeling-eling irah-irahane

c)

ngowahi geguritan dadi wacan crita

d)

njlentrehake tembung sing angel

5.

Njeh pak mangke dipun sampekaken dateng bapak ibu matur suwun.

basa kang digunakake yaitu....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

6.

Ibu : " Des, klambimu kumbahen dhisik, banjur agemane Bapak uga"

Desi : " Dhawuh Mbok Rus mawon, buk. Kula badhe dolan kaleh kanca-kanca."

Watake Desi yaiku....

a)

sregep

b)

kesed

c)

kemaki

d)

nakal

7.

Timun Mas anake Mbok Randa Sambega. Uripe nrekasa banget, amarga mlarat. Timun Mas disiya-siya kanca-kancane. Timun Mas iku bocah ayu, sregep lan apik taine.

Watake Timun Mas yaiku....

a)

jahat

b)

sregep lan apik

c)

serakah

d)

sombong

8.

Siji loro telu

Tangane sedheku

Mirengake bu guru

Menawa di dangu

Pesan moral saka guru lagu ing dhuwur supaya....

a)

lungguh

b)

ngrungokake

c)

nggatekake

d)

ngingetake

9.

Gungdul -gundul pacul iku tembang dolanan sing nggambarake watak....

a)

seneng

b)

sedhih

c)

sombong

d)

cethil

10.

Sing ngemu ater-ater tripurusa ukara ing ngisor iki yaiku....

a)

Tikus mangan pindang

b)

Adhiku ngombe susu

c)

Susune diombe adik

d)

panganan iku larang regane

11.

Tembung gumuyu mawa seselan....

a)

in

b)

um

c)

un

d)

im

12.

Dhakon, utawa congklak, iku dolanan kang nganggo piranti kayu, bisa uga saka tembaga utawa plastik kang luwih prasaja, kang didekeki ing lemah, ing kana, bisa dilegoki pitu, sangan, utawa sewelas legokan, lan digawe rong larik, terus ing pucuk kiwa tengen dhewe-dhewe pangangge ana legokan gedhe loro. Saliyane iku, butuh kecik cacahe pitu, tegese butuh kecik 7 x7x2=98, sangang legokan 9x9x2=162, sewelas legokan 11x11x2=242.

Wacan ing dhuwur klebu wacan ....

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

argumentasi

d)

eksposisi

13.

Gambar gacu sing tibane mlumah yaiku....

a)

kalah

b)

menang

c)

dis

d)

ora kanggo

14.

Kowe iki diparingi akal.... aja mutungan.

a)

bulus

b)

akalan

c)

okol

d)

budi

15.

Dina iki Nana katon bening atine. Tegese bening atine....

a)

sumeh

b)

seneng nulung

c)

nesu

d)

kuatir

16.

Lunyu ilate tegese....

a)

jujur

b)

mencla-mencle

c)

sombong

d)

lucu

17.

Prabu Dasamuka kuwasa lan sakti mandraguna. Sanajan tumindake salah tetep ora gelem ngaku salah malah yen perlu negara liya direbut sarana perang Prabu Dasamuka asipat....

a)

welas asih

b)

sayuk rukun

c)

andhap asor

d)

angkara murka

18.

Diarani Punakawan Catur amarga cacahe ana....

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

19.

Punakawan iki jenenge

a)

semar

b)

gareng

c)

petruk

d)

bagong

20.

"Medhotake" yen ditulis aksara jawa dadi....

a)

ꦩꦼꦣꦺꦴꦠꦏꦺ

b)

ꦩꦼꦣꦺꦴꦠꦶ

c)

ꦩꦼꦣꦺꦴꦠꦏꦸ

d)

ꦩꦼꦣꦺꦴꦠꦏꦺꦄꦏꦸ

21.

1. Layar

2. Cecek

3. Taring

4. Cakra ra

sandhangan panyigeg wanda katunjuk nomer....

a)

1 lan 2

b)

1 lan 4

c)

3 lan 4

d)

2 lan 3

22.

Pariwara kang digunakkake kanggo bantah utawa nglawan isu kang gawe rugi lan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener yaiku...

a)

tanggung jawab

b)

bantahan

c)

pembelaan

d)

perbaikan

23.

Wosing wara-wara ing dhuwur yaiku...

a)

Lomba maca lan nulis geguritan

b)

dina klairane sekolah

c)

pelapuran pagelaran seni

d)

dina klairane Bupati

24.

Lapuran sawijining kedadeyan/prakara kang diaturake kanthi cetha lan rikat marang wong akeh diarani....

a)

wara-wara

b)

sesorah

c)

pawarta

d)

nawala

25.

Golek idhe kanggo nulis pawarta bisa dilaksanakake kanthi....

a)

maca

b)

nulis

c)

observasi

d)

ngawasi

26.

Bapak pocung, renteng-renteng kayu kalung,

Dawa kaya ula,

Pencokanmu wesi miring,

Sing disaba, si pocung mung turut kutha.

Tembang pucung ing dhuwur batangane....

a)

gajah

b)

sabuk

c)

sepur

d)

montor

27.

Bapak pocung, cangkemu madhep mendhuwur,

Sabamu ing sendhang,

Pencokanmu lambung kering,

Prapteng Wisma, Si Pocung mutah guwaya.

Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku...

a)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

b)

12i, 6a, 8i, 8a

c)

12u, 8i, 8u, 8o

d)

12u, 6a, 8i, 12a

28.

Kang duweni watak luwes, ngresepake yaiku tembang....

a)

asmaradhana

b)

megatruh

c)

dhandanggula

d)

maskumambang

29.

1. Citra mengung

2. Kusumastuti

3. Mintajiwa

4. Juru Demung

5. Wirangrong

Kang klebu tembang tengahan yaiku.....

a)

1, 2 lan 3

b)

2 lan 5

c)

3 lan 4

d)

4 lan 5

30.

1. Guru lagu

2. Pupuh

3. Wirama

4. Wirasa

Titikane tembang katunjuk nomer....

a)

1 lan 2

b)

1 lan 4

c)

2 lan 3

d)

3 lan 4

31.

Ora ana banyu mili mandhuwur. tegese....

a)

banyu mesthi mili mengisor

b)

watake anak niru wong tuwane

c)

dadi anak kudu nganut marang wong tuwane

d)

wong tuwo aja sok diwaneni

32.

Nandur kebecikan tegese.....

a)

nonton wong liya tumindak becik

b)

seneng nindakake pakarti becik tanpa pamrih

c)

maculi lemah banjur ditanduri winih kabecikan

d)

ngalang-alangi wong tumindak becik

33.

Tumbak cucukan. Paribasan iki tegese....

a)

wong kang melu-melu, nanging ora ngerti karepe/tujuwane

b)

wong kang duwe niyat ala, ana sing nyaruki oleh dalane

c)

wong kang ilang kekuatane

d)

wong wis kepenak dienak-enakake maneh

34.

Arep jamure emoh watangane tegese....

a)

tumindhak ala kanthi sesidheman

b)

wong kang ora iso nyimpen wadi

c)

wong kang asor banget, ora ana ajine

d)

gelem kepenak ora gelem rekasane

35.

ꦠꦸꦏꦸꦏꦕꦁꦠꦺꦴꦭꦺꦴ

a)

tuku kacang tolo

b)

tuku kacang lima

c)

tuku kacang tanah

d)

kacang lima kuru