WorksheetsPTS
Total questions: 25
Worksheet time: 51mins
Gatekna wacan artikel ing ngisor iki!
“Kena apa ilmuwan manca seneng nliti wayang ing tanah Jawa? Miturut Franz Magnis Suseno sajroning Etika Jawa (1985), saben wayang ditampa minangka gegambaraning uripe manungsa Jawa. Kawit cilik, wong Jawa duwe saperangan idhentifikasi moral marang tokoh pewayangan. Dheweke bebas milih salah sijine gegambaran kang dianggep cocog lan uga bisa ditampa masyarakat. Nanging ora ateges kabeh gambaran wayang iku pantes ditiru. Maneka rupa lakon kang sawetara kebak piwulang kasusilan, mula figur kang ala uga nemokake papan ing panggung crita.”
Kang dirembag ing paragrap kasebut yaiku….
Alesane kena apa ilmuwan manca seneng nliti wayang ing tanah Jawa.
Andharane Franz Magnis Suseno sajroning Etika Jawa (1985).
Piwulang wayang sakabehe ditampa minangka gegambaraning uripe manungsa Jawa
Wong Jawa duwe saperangan idhentifikasi moral marang tokoh pewayangan.
Ing ngisor iki kang kalebu wacan artikel kanthi tema ngasah kewasisan yaiku….
Lah menika ta, wus dumugi wahyaning mangsa kala dhawahing pepesthen, ing samadyaning bale pinajang ing siyang utawi dalu menika, wonten titahing Gusti Allah SWT. Ingkang arupi kakung miwahing putri, wus manunggaling tekad arsa mbangun brayat kanthi anetepi upacara adat.
Ora dirasa Pak Naya arep mlaku-mlaku anjlog dhukuh Randhu, Kalurahan Danaraja. Terus duwe gagasan arep mampir marang omahe Pak Arja. Dhasare wis lawas ora ketemu. Temenan, Pak Naya mampir neng omah. Pak Arja, prayogane wonge neng omah.
”Kula nuwun.”
”Mangga, e, e, e, Pak Naya. Saking pundi mawon?”
Kaping loro, sregep gladhen. Gladhen kuwi perlu kanggo ngasah keprigelan lan kewasisan kita. Saya kerep diasah, saya landhep anggon magawe. Kejaba iku, uga bisa migunani marang dhiri pribadi lan sakiwa-tengene dhewe
Rong dina kepungkur Mas Amat ora dodolan tape sebab dheweke nyambangi dulure sing ana ing Kutawinangun. Dina iki dheweke wis dodolan maneh kaya biyasane. Rombong pikulan lan dhingklik ora ta kari ngancani Mas Amat ngubengi desa Tangkisan – Karangnangka ya desane. Kabeh wis apal karo swarane. Akeh sing padha seneng nukoni tapene Mas Ahmat sing pancen enak.
Gatekna wacan artikel ing ngisor iki!
“Sanajan bakat uga dadi perangan kang nyengkuyung bisa orane utawa kasil orane manungsa ing donya, nanging sejatine perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka tekad. Tekad kepengin bisa, tekad kepengin kasil. Kanthi tekad kuwat, kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.”
Ing ngisor iki kang ora ana gegayutane karo pratelan artikel ing ndhuwur yaiku….
Perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka bakat.
Kang wigati iku tekad kepengin bisa lan tekad kepengin kasil.
Kanthi tekad kuat, kita bisa kasil.
Manawa kita duweni tekad kuat, mesti kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.
Ing ngisor iki sing dadi titikanne artikel kasarasan yaiku ....
Artikel minangka karya tulis ilmiah
Arikel minangka gosip
Artikel minangka anekdot
Artikel minangka sarana hiburan
Ing ngisor iki urut-urutan struktur teks artikel yaiku....
Irah-irahan, pambuka, isi, panutup
Pambuka, irah-irahan, isi, panutup
Irah-irahan, dudutan, pambuka, isi
Irah-irahan, isi, dudutan, panutup
Sing dudu titikan basa sajrone artikel yaiku ....
Basane baku
Basane singkat, padhet, lan cetha
Nduweni teges rangkep
Basa penulisane kudu objektif
Ing ngisor iki sing nuduhake carane maca artikel yaiku
Nganggo busana saanane
Ngadek ora jejeg
Konsetrasi karo solah bawane penonton
Nggunakake volume lan intonasi sing pas
Sajrone teknik publikasi sing ora kudu digatekake yaiku ....
Medhiane
Sasaran pamaca
Alur lan tujuwan
Werna tinta
Ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung panggandheng kang nyatakake tujuwan yaiku .....
Piring iku kalebu tembung aran utawa tembung sesulih?
Nalika aku sinau ing kamar, dumadakan keprungu swara wong bengok-bengok
Omah kudu disapu saben dina supaya katon resik.
Joko tetep wae ora bisa nggarap ulangan kamangka wingi bengi wis sinau
Saupama aku duwe dhuwit akeh, aku bakal lunga menyang Amerika.
Miturut tata aturan ing sajroning karaton kang ngganteni nata kudune putra jaler mbarep sang nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur kang becik yaiku ....
aja rebutan panguwasa
nglengana marang kekurangane
negara kang adiluhung
ngalah dhuwur wekasane
nandur bakal ngundhuh
Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura
Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku kang pambareb Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku kang bakal mbacutake keprabone dharah Kuru.Drestharastra duwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Wisura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata.
Nanging kang jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih.Saka sarasehan agung netepake kang dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana duwe kekurangan kang ginaris dening Gusti Kang Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe, nagara kang dipangarsani titah kang cacat bakal nuwuhake swasana kang ora becik.
Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus kang diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra kang arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim, putri Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
Undherane crita kang jumeneng nata Hastinapura yaiku ....
Kita kudu tansah nglengana marang kekurang sing kita duweni.
Ora gelem ngalah amarga iku wis dadi hak kita.
Kudu ngerti marang kahanan kang dumadi.
Kudu tansah mertahanake hak kita.
Kudu tansah percaya yen kita luwih becik tinimbang wong liya.
Putane Prabu Pandu karo dewi Madrim yaiku....
Aswatama
Puntadewa, Bima, lan Permadi
Bambang Wisanggeni
Nakula lan Sadewa
Pancawala
Paraga wayang kasebut minangkan prabu ing negara.....
Pringgadani
Ngamarta
Astina
Madukara
Gandara
Paraga wayang kasebut minangka salah siji putrane Raden Permadi kang keparing asma....
Abimanyu
Sumitra
Wisanggeni
Bambang Irawan
kumalasekti
Tatanan wayang sing kaya ing gambar kasebut diarani....
Simpingan
Kayon
Cempala
Blencong
Sungingan
Cara kanggo nemtokake watak-wantune paraga bisa dideleng saka bab ing ngisor kajaba .....
Pocapan-pocapane paraga
Katrangan langsung saka paraga liya
Panggambaran fisik paraga dening pangripta
Apa sing ditindakake paraga
Watake paraga liya
Wacanen kanthi permati!
Hamas wis nerbitake buku teks pelajaran anyar sing isine materi perlawanan marang Israel. Buku iki gambare masjid Al-Aqsa ing Yerusalem lan Gua Para Leluhur ing Hebron sing dadi papan dredah antarane umat Islam lan Yahudi. Isine ngenani polotik lan sejarah Palestina sing kanthi teges ora ngakoni negara Israel. Hamas, sajrone buku iki disejajarake karo pahlawan nasional Yaeser Arafat. Sejarah mutakhir uga dicatumake sajrone buku kasebut, kayata serangan militer Israel menyang jalur Gaza nalika musim dingin 2008-2009 lan November 2012.
Ide pokok sajrone pada ing ndhuwur yaiku....
Gambar sampule buku teks pelajaran anyar
Pengakuan negara Israel marang buku
Terbite buku teks pelajaran anyar
Sesambungan antarane sing mandhegani Hamas karo Israel
Panulisane sejarah mutakhir sajrone buku
Wacanen kanthi permati!
Perpustakaan elektronik(PE) minangka sawijine entitas sing suwi diramalake, nanging inovasi kanggo mujudake dadi sawijine kanyatan lagi bisa kaleksanan ing taun-taun iki. Senajan PE minangka sawijine kanyatan, nanging PE uga minangka sawijine konsep sing kasebar sing bisa mangejawantah dadi maneka warna kang beda-beda. Para profesional dan pangguna nyadhari pentinge PE, nanging PE ngandhut bab sing ora mesthi sesambungan karo makna marang kabudayan, pasinaon, demokrasi, perdagangan, pakaryan, lan masyarakat umume.
Ide pokok sajrone punggelan artikel kasebut yaiku....
PE minangka inovasi
Inovasi PE lagi bisa kawujud
PE minangka konsep sing manifestasine beda-beda
Prediksi ngenani PE
Para profesional lan pengguna nyadhari penting PE
Adhedhasar teks kasebut Raden Gathutkaca nduweni pusaka sing njalari bisa mabur tanpa elar. Pusakane Raden Gathutkaca iku diarani....
Kuku Pancanaka
Gadha Rujakpala
Gendiwa
Kotang Antakusuma
Caping Basunanda
Wayang ing gambar kasebut minangka salah sijine kesatriyane Ngamarta. Kesatriya kasebut nduweni putra sing jenenge....
Gathutkaca
Abimanyu
Parikesit
Wisanggeni
Kumalasekti
Semar minangka salah sijine punakawan sing nduweni watak seneng nindake bebener, wicaksana, lan tansah ngemong marang para satriya. Semar senajan nduweni wujud sing ora lumrah nanging tansah dibekteni dening para kadang satriya.
Perangan ing ndhuwur nerangake ngenani perangan....
Latar
Alur
Paraga
Pamawas
Tema
Lakon wayang sing saiki ngrembaka nduweni babok crita sing asale saka crita....
Mahabarata lan Ramayana
Arjuna wiwaha
Bedah lokapala
Crita Panji
Crita Nabi
Salah sijine satriya sing nduweni jejuluk bayuputra yaiku....
Puntadhewa
Janaka
Werkudara
Wisanggeni
Gathutkaca
Kurawa iku cacahe 100 kang dumadi saka 99 lanang lan wadon siji. Sapa asmane kadang Kurawa sing wadon....
Dresanala
Gandhari
Utari
Sembadra
Dursala
Prakara ing antarane paraga siji lan paraga liyane ing cerita wayang, disebut....
Latar
Konflik
Paraga
Jejer
Resolusi
