NEW
Font size
WorksheetsPAT BJ S4
Total questions: 25
Worksheet time: 15mins
Sengkalan minangka sandi kang ana ing angka. Angka kasebut bisa diwiwiti saka 0,1,2,3,4,5,6,7,8,9. Saben angka nduweni watek dhewe-dhewe. Watek sengkalan sing gegayutan karo samubarang sing wujude bunder, yaiku watek angka ...
2
6
1
4
7
Gegaman Ganda Arum Kartika. Ukara kasebut minangka tuladha ukara sengkalan. Tembung kartika nduweni teges ...
banyu
srengenge
angin
lintang
langit
Nir panca pandhita rat. Ukara kasebut minangka ukara sengkalan kang nuduhake sawijining prastawa yaiku wafate Sultan HB IV. Nir panca pandhita rat nuduhake tahun . . .
1750
1570
1057
1705
9701
Candraning punjangga manjing bumi,
Madegira widya basa jawa,
Ing Surabaya papane,
Sedyanira satuhu,
Angleluri budaya aji,
Sinengkuyung pra dwija,
Pangrembakanipun,
Samengko sampun ngrembaka,
Tebanipun basa jawa ing nagari,
Indonesa punika.
Sengkalan kang tinemu ing tembang ing dhuwur, yaiku . . .
Candraning punjangga manjing bumi
Madegira widya basa jawa
Angleluri budaya aji,
Sinengkuyung pra dwija
Samengko sampun ngrembaka,
Ilang sirna kertaning bumi, nuduhake sawijining sengkalan yaiku taun 1400 saka. Ing taun kasebut ana sawijining prastawa kang dadi sejarah, prastawa kasebut yaiku . . .
Amblege prajan Majapahit
Ngadege kraton Yogya
Amblege kraton Yogya
Kapugere kori danapratapa dening Sultan HB VIII
Ngadege bangsa Indonesia
Naga Salira ambuka bumi, Tembung "bumi” nduweni teges padha karo tembung ing ngisor iki, yaiku ...
giri
prawata
danawa
bawana
ardi
Panca keblat aruming wewangi,
Mijilira ing ndon,
Rinebut hayu kamardikane,
Sagung sengkala sampun kabesmi,
Kasantosan neki,
Hayua rahayu
Sengkalan kang tinemu ing tembang ing dhuwur, yaiku . . .
Panca keblat aruming wewangi
Mijilira ing ndon
Rinebut hayu kamardikane
Sagung sengkala sampun kabesmi
Kasantosan neki, Hayua rahayu
“Naga Muluk Tinitihan Janma”, minangka sawijining ukara sengkalan kang nduweni sejarah madege panggung Sanggabuwana ing plataran Kraton Surakarta, ukara sengkalan kasebut nuduhake taun ...
1408
1588
1708
2010
2002
Dwi naga rasa wani nuduhake sengkalan sing wujude ...
Naga loro sing buntute nggubet
Naga loro warna abang ing regol
Gajah loro kang ana panah ing tlalene
Gajah loro adep-adepan
Gajah sing dowo tlalene
Cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara diarani ...
Sandhi asma
Baliswara
Geguritan
Relief
Sengkalan
“Inggih, Bapak sedaya sampun samekta, ananging kula mboten saged ngajak adhi Sukrasana, mbenjang menawi sampun katampi panyuwitan kula, adhi Sukrasana kula papagipun, kula nyuwun pangestu sapunika ugi kula bidhal.” Sumantri atur sembah pangabekten sarta nyuwun pangestu.
Paragraf ing dhuwur nggunakake basa ...
Basa ngoko lugu
Basa krama lugu
Basa ngoko alus
Basa krama alus
Padinan
Tari sing lumrah kanggo pambukaning pagelaran ludruk yaiku ...
Gambyong
Pendhet
Remo
Reog
Sripanganti
Salah sijine bab sing kudu digatekake nalika pentas drama yaiku Blocking, tujuan blocking yaiku…
Supaya sandiwara ing panggung bisa luwih tumata, urip lan ora mboseni
Supaya paraga jroning ngayati tokoh sing diperagakake
Supaya ucapane paraga bisa keprungu dening kabeh penonton
Supaya pentas drama dadi sarana teladan marang penonton
Supaya dadi sarana panguripan
Tembung sandiwara di pecah dadi tembung Sandi + Wara, Tembung Sandi iku tegese ....
Panggulawentah
Piwulangan
Pendidikan
Rahasia
Pesan Moral
Anggone urip ing masyarakat, Pak Brata wis kondhang menawa seneng weweh wujud apa wae marang tangga-tanggane.
Miturut pratelan ing dhuwur, Pak Brata diarani priyayi kang duweni watak ....
grapyak
dengki
jujur
loma
sregep
Drama kang tujuwane kanggo nglipur pamirsa diarani ...
Romantis
Komedi
Ironi
Dramatis
Ludruk
Bab – bab kang kudu digatekake nalika arep nulis teks drama kajaba...
Milih topik utama kang bakal digawe crita drama
Nemtokake paraga, latar, lan pamawase pangripta
Nemtokake alur utawa plot crita
Nyiapake dekorasi lan kostum
Gawe warangka crita
Geter raosipun manah
Swara para janma tansah jejerit
Sakabehe wus kagulung
Murka aneng samodra
Tirta lan samirana samya gumulung
Amung bisa andedonga
Kamiwelase mring Gusti
Tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ...
gambuh
pucung
asmarandana
pangkur
kinanthi
Geter raosipun manah
Swara para janma tansah jejerit
Sakabehe wus kagulung
Murka aneng samodra
Tirta lan samirana samya gumulung
Amung bisa andedonga
Kamiwelase mring Gusti
Tembang macapat ing dhuwur nyritakake babagan prastawa alam ...
banjir
longsor
tsunami
gunung njeblug
lindu
Murka aneng samodra
Tembung “aneng” asale saka tembung ...
a + neng
a + ing
an + ing
an + neng
ana + ing
Tirta lan samirana samya gumulung
Tegese tembung “tirta” yaiku ...
Srengenge
Awang-awang
Banyu
Langit
Hawa
Geter raosipun manah
Swara para janma tansah jejerit
Sakabehe wus kagulung
Murka aneng samodra
Tirta lan samirana samya gumulung
Amung bisa andedonga
Kamiwelase mring Gusti
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat kasebut, yaiku ...
8a, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i
8a, 11i, 8u, 7u, 12u, 8a, 8i
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8a, 11i, 8u, 7a, 12a, 8a, 8i
8a, 11i, 8u, 7u, 12a, 8a, 8i
Wong makarya laras tugas lan fungsimu
Ngabdi mring Negara
Sregep tandang tan korupsi
Kang prayoga nggonmu labuh dadi bangsa
Tembang macapat ing dhuwur ngemot pitutur babagan ...
Pamarintahan
Sosial
Pendhidhikan lan Ilmu
Ekonomi
Katresnan
Wong makarya laras tugas lan fungsimu
Ngabdi mring Negara
Sregep tandang tan korupsi
Kang prayoga nggonmu labuh dadi bangsa
Sing dikarepake “sregep” ing tembang macapat kasebut yaiku ...
Sregep golek ngilmu
Sregep golek dhuwit
Sregep makarya
Sregep korupsi
Sregep golek pangan
Supaya bisa nembang Macapat, kudu bisa maca angka-angka sandhuwure teks tembang. Angka-angka iku ing basa jawa diarani ...
Cakepan
Tangga Nada
Titi Laras
Notasi
Titi Basa
