wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Kelas X Basa Jawa Semester Ganjil

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Tembung Wedhatama anggadhahi makna...

a)

pitutur utama

b)

tumindak utama

c)

piwulang utama

d)

solah bawa utama

e)

pituduh utama

2.

Tembang Pangkur anggadhahi paugeran...

a)

7 gatra, 8a-11u-8a-7i-12u-8a-8i

b)

7 gatra, 8a-11i-8a-7i-12u-8a-8a

c)

7 gatra, 8a-11u-8i-7a-12u-8a-8i

d)

7 gatra, 8a-11i-8a-7a-12o-8a-8i

e)

7 gatra, 8a-11i-8u-7a-12u-8a-8i

3.

Mrih tan kemba kembenganing pambudi anggadhahi makna...

a)

supados boten bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang becik

b)

supados bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang becik

c)

supados boten bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang kecik

d)

supados boten bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang ala

e)

supados bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang kecik

4.

Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung anggadhahi makna...

a)

supados kita mangertos arta ngelmu ingkang luhur

b)

supados kita mangertos artos ingkang luhur

c)

supados kita boten mangertos artos ngelmu ingkang luhur

d)

supados kita mangertos artos ngelmu ingkang luhur

e)

supados kita boten mangertos arta ngelmu ingkang luhur

5.

Gonyak ganyuk nglelingsemi anggadhahi makna...

a)

tumindakipun damel lingsem awakipun kaluwarga

b)

tumindakipun damel lingsem awakipun sadherek

c)

tumindakipun damel lingsem awakipun tangga teparo

d)

tumindakipun damel lingsem awakipun kanca

e)

tumindakipun damel lingsem awakipun piyambak

6.

Ingkang boten kalebet bab ingkang dipungatekaken nalika maos cerkak inggih menika...

a)

mangertosi wos cerkak

b)

wiraga

c)

pangucaping aksara, wanda, tembung, lan ukara cetha

d)

wirama/intonasi variatif, boten ajeg/monoton

e)

ekspresi jumbuh kaliyan wosing cerkak

7.

Ingkang sanes titikanipun cerkak inggih menika...

a)

cariyosipun cekak lan padhet

b)

wosing cerkak langsung dhateng ancasipun

c)

wujudipun cariyos fiktif dheskriptif

d)

dumadi saking unsur instrinsik lan ekstrinsik

e)

ngandhut nile-nile luhung

8.

'Sugali bodhine atletis. Dedege dhuwur, pakulitane ireng, rambute disemir abang kaya selebritis. Saben mulih mlakune ajeg sempoyongan merga mendem. Rambute awut-awutan kaya buta nalika kalah perang'.

Saking ukara ing nginggil, kita saged nemokaken...

a)

alur

b)

latar

c)

konflik

d)

paraga

e)

liding carita

9.

Ingkang kalebet konflik cariyos inggih menika...

a)

Pranyata Sugali gelut karo bocah-bocah ABG tangga desa. Mula saka iku Abah Amru banjur takon, Äna apa, Mas

Änu Pak Ustad, kanca kula wau diantemi anake tiyang gendheng niki!" wangsulane salah siji bocah ABG karo nuding Sugali.

b)

Bengi iku uga Sugali banjur ngajak Abah Amru menyang daleme Pak RT. Wondene Rusmini merga wedi banjur ngungsi menyang omahe Subandi.

c)

Sawise paham apa sing dimaksud Abah Amru, Rusmini lagi gelem bali. Bengine, sawetara jam sanga dalan ngarep mushola rame banget.

d)

Sawise dipikir-pikir pranyata bener. Mula saka iku Sugali banjut matur marang Prawira yen dheweke arep sinau ilmu pring.

e)

Mula saka iku ing sawijining sore ngarepake Maghrib, Rusmini lunga ninggalake omah. Atine jibeg. Wektu iku bojone kebener ora ana omah.

10.

Basa ingkang dipunginakaken wonten cariyos Buta Rambut Geni inggih menika...

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama inggil

e)

krama lugu

11.

Pawartos menika kedah aktual. Aktual menika kagungan teges...

a)

pamaos langkung nggatekaken tumrap prastawa ingkang dumadi sakiwa tengenipun tinimbang pawarta saking papan sanesipun

b)

bab ingkang enggal langkung becik tinnmbang pawartos ingkang dangu

c)

damel sengsem, mesem, lan gumuyu

d)

saged ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung

e)

ndadosaken ngowahi kahanan

12.

Pawarta ingkang kekinian langkung narik kawigaten pamaosipun. Menika kalebet sipat pawartos ...

a)

tintrim

b)

kamajengan inovasi

c)

congkrah

d)

humor

e)

jarak

13.

Demonstrasi mahargya Dina Buruh Internasional (May Day) mlaku kisruh ing Bandung, Jawa Kulon, Rebo (1/5). Klompok massa cacah atusan manganggo sandhangan sarwa ireng gawe onar kanthi cara nyemproti sakehing fasilitas publik nganggo cet.

Saking petikan pawartos ing nginggil, ingkang kalebet ing pawartos menika...

a)

kados pundi, kapan

b)

kapan, kenging menapa

c)

menapa kados pundi

d)

kados pundi, menapa

e)

kapan, menapa

14.

Pawartos kedah imbang ampun abot sisih, langkung-langkung nyebataken pihak-pihak ingkang wonten sesambungan langsung kaliyan pawartos kasebat dipunwastani...

a)

faktual

b)

tintrim

c)

deadline

d)

body language

e)

cover both side

15.

Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet titenan (ciri-ciri) pawartos inggih menika...

a)

struktur basa kang trep

b)

jumbuh kaliyan rumus 5W+1H

c)

surasanipun pawartos

d)

narik kawigaten

e)

diksi boten ambigu