wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pranatacara

Total questions: 12

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Kang dudu kalebu dasanamane pranatacara yaiku...

a)

panata adicara

b)

pambiwara

c)

pranata laksitaning adicara

d)

panata sasmitaning adicara

e)

pranata adicara

2.

Ing salebeting adicara tartamtu wonten paraga ingkang ngayahi jejibahan nata lan nglantaraken titi rantamaning adicara. Paraga menika dipunsebat…

a)

Pambagyaharja

b)

Juru pambagya

c)

Pengisi acara

d)

Sesorah

e)

Pranatacara

3.

Pamedhar sabda inggih menika…

a)

paraga ingkang remenipun ngendika

b)

paraga ingkang kajibahan mbabar sawijining prakara

c)

paraga ingkang asring ngendika ing sangajengipun tiyang kathah

d)

paraga ingkang ahli ngendika

e)

paraga ingkang ngendika wonten ngajengipun mikrofon

4.

Adilaya yaiku salah sawijining adicara upacara...

a)

kamardikan

b)

ketahanan sekolah

c)

lelayu

d)

bela negara

e)

laksitaning adicara

5.

Kang dudu kalebu sarat dadi pranatacara yaiku...

a)

olah raga

b)

olah basa lan sastra

c)

pawiyatan

d)

olah swara

e)

wiraga lan busana

6.

Nalika Rosi dadi panatacara, dheweke katon anteng lan ora kemrungsung saengga swarane bisa apik lan alami dirungokake dening para tamu. Miturut carita singkat kuwi mau, sarat kang wus dilakoni dening Rosi yaiku..

a)

logat

b)

pocapan

c)

prana

d)

intonasi

e)

kajiwan

7.

Raditya dadi panatacara mantenan dina iki, dheweke nganggo beskap lan jarik kang bagus, ndadekake awake lan rupane katon gagah lan pantes ing adicara mantenan kuwi. Carita singkat kuwi jumbuh karo sarat dadi panatacara...

a)

mawwat

b)

magatra

c)

malaghawa

d)

malaksana

e)

maraga

8.

Ing teks panatacara, surasa kuwi ngandharake ancasing gati. Tembung ancasing gati duweni makna...

a)

bab penting

b)

pangandikan penting

c)

perangan penting

d)

rantaman penting

e)

tujuan penting

9.

Ingkang dhahat sinudarsana, Bapak Kepala SMA N 1 Sampang,

Ingkang kinabekten Bapak Ibu guru lan staf karyawan SMA N 1 Sampang.

Petikan ing ndhuwur kuwi kalebu perangan panatacara...

a)

sapa aruh

b)

pambuka

c)

ancasing gati

d)

panutup

e)

surasa

10.

Ingkang kinurmatan para tamu undangan wali murid tuwin para rencang nunggil pawiyatan ingkang kawula tresnani.

Ukara ing ndhuwur, wonten tembung kang kedah digantos inggih menika... lajeng digantos dados...

a)

kinurmatan, urmati

b)

wali murid, tiyang sepuh

c)

tuwin, lan

d)

rencang, kanca

e)

pawiyatan, sekolah

11.

Pranatacara kuwi yen ngucapake ukara lan tembunge kudu cetha. Yen nganti salah ucap bakal ngurangi kawibawane pranatacara. iki kalebu olah swara babagan...

a)

logat

b)

pocapan

c)

prana

d)

intonasi

e)

kajiwan

12.

Basa kang diagem nalikane dadi pranatacara yaiku...

a)

basa dhialek

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko lugu

d)

basa ngoko alus

e)

basa krama alus