Worksheetslatihan soal bahasa Jawa kelas 12 ganjil
Total questions: 31
Worksheet time: 16mins
Unggah-ungguh basa Jawa kuwi kaperang dadi loro yaiku …
Basa ngoko lugu lan basa ngoko alus
Basa ngoko lan basa krama
Basa krama lugu lan basa krama alus
Basa ngoko lugu lan basa krama lugu
Basa ngoko alus lan krama alus
Unggah-ungguh basa Jawa kang awujud basa ngoko, nanging tumrap wong sing diajak guneman lan digunem nggunakake tembung krama inggil yaiku …
Basa krama alus
Basa krama inggil
Basa ngoko alus
Basa krama lugu
Basa ngoko lugu
Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa ngoko lugu yaiku …
Bapak tindak dhateng Semarang kalawau enjing
Bapak tindak dhateng Semarang mau esuk
Bapak kesah dhateng Semarang kalawau enjing
Bapak lunga menyang Semarang kalawau esuk
Bapak lunga menyang Semarang mau esuk
Sampeyan menika yoganipun sinten?
ukara kasebut ngetrapake panganggone basa …
Krama alus
Krama lugu
Krama inggil
Ngoko alus
Ngoko lugu
Anggen kula ngrantos panjenengan kalawau sampun dangu sanget.
Yen diowahi ing basa ngoko lugu yaiku …
Anggon kula nengga sampeyan mau wis suwe banget
Anggenku nunggu sampeyan mau wis suwe banget
Anggonku nunggu kowe mau wis suwe banget
Anggen kula nunggu panjenengan mau sampun dangu banget
Anggonku nengga kowe mau wis dangu banget
Bapak mulih saka sawah jam sepuluh esuk.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku …
Bapak kondur saka sawah jam sepuluh esuk
Bapak wangsul saking sabin tabuh sedasa enjing
Bapak kondur saking sabin tabuh sedasa enjing
Bapak wangsul saka sawah jamm sepuluh esuk
Bapak kondur saking sabin jam sepuluh enjing
Omahmu wis diresiki apa durung?
Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku …
Dalemipun panjenengan sampun diresiki napa dereng?
Dalemipun sampeyan wis diresiki apa durung?
Griyanipun panjenengan sampun dipunresiki menapa dereng?
Griyanipun sampeyan sampun dipunresiki menapa dereng?
Daleme panjenengan wis diresiki menapa dereng?
Kowe digawakake obat saka godhong suruh
Basa krama aluse ukara kasebut yaiku …
Panjenengan dipunastakake jampi saking godhong suruh
Sampeyan dibetakake jamu saking godhong suruh
Panjenengan dipunbektakaken jamu saking godhong suruh
Sampeyan dipunastakaken jampi saking ron suruh
Panjenengan dipunastakaken jampi saking ron suruh
Ayam menika sampeyan tumbas kemawon regi sket ewu
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku …
Pitik iku tukunen wae rega seket ewu
Pitik iku pundhuten wae rega seket ewu
Ayam niku sampeyan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu
Ayam menika panjenengan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu
Ayam menika panjenengan pundhut kemawon regi seket ewu
Mangana lawuh jangan terong lan tempe goreng kae dhisik
Ukara kasebut basa krama lugune yaiku …
Sampeyan nedha lawuh jangan terong kaliyan tempe goreng menika rumiyin
Sampeyan dhahar lawuh jangan terong kaliyan tempe goreng menika rumiyin
Panjenengan nedha lawuh jangan terong kaliyan tempe goreng menika rumiyin
Panjenengan dhahar lawuh jangan terong kaliyan tempe goreng menika rumiyin
Sampeyan mangana lawuh jangan terong kaliyan tempe goreng menika rumiyin
Omah Joglo Kulon Protelon
Dening : Sumono
“Aku ora kabotan ngopeni bapak lan simbok ing omah kene. Nanging ya kuwi omah kene bakal dakbongkar arep dakbangun omah anyar sung ngiras pantes kanggo usaha,” kandhane Dhimas sajak manteb.
Perangan kasebut mujudake pethikan teks crita cekak kang diarani …
Pambuka/orientasi
Pasulayan/komplikasi
Pangudhare prakara/resolusi
Wasana crita
Wejangan/koda
Gancaran sing ngandharake sarining kedadeyan utawa kelakon saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak wae diarani …
Cerkak (cerita cekak)
Cerbung (cerita bersambung)
Cerneng (cerita seneng)
Cercid (cerita cidra)
Cerla (cerita lara)
Wosing prakara ing crita utawa lelandhesane crita diarani
Underan
Ancas
Paraga lan wewatekan
Padunungan, wayah lan swasana
Lampahing crita
Pepeling kang kinadhut ing crita utawa pesen pangripta marang pamaca diarani …
Underan
Ancas
Paraga lan wewatekan
Padunungan, wayah lan swasana
Lampahing crita
Rantamane crita sing sinambungan diarani …
Underan
Ancas
Paraga lan wewatekan
Padunungan, wayah lan swasana
Lampahing crita
Carane pangripta netepake dhirine ing crita ing struktur intrinsik kasebut …
Underan
Ancas
Paraga lan wewatekan
Pamawas
Lampahing crita
Ing ngisor iki sing kalebu ukara lamba yaiku …
Arief lan Putra dolanan bal-balan ing lapangan
Senajan wong tuwane buruh, dheweke bisa dadi POLISI
Sarunge bapak didondomi ibu wingi sore
Sabubare nggarap PR, ani turu ing kamar
Nalika budhe rawuh, ibu masak ing pawon
(1) Lisa sinau sregep
(2) Lisa bisa juwara siji
Ukara loro kasebut bisa didadekake ukara camboran kanthi nggunakake tembung panggandheng …
Banjur
Lan
Utawa
Nalika
Supaya
Panganggone lelewaning basa ironi tinemu ing ukara …
Senajan uripe kebak bandha donya nanging atine isih ngrasa kurang wae
Wong kuwi gedhe endhase, mula ora disenengi ing pasrawungan
Bocah kembar kuwi kaya jambe sinigar
Utegmu apa kokdeleh dhengkul? Bab ngono wae kok ora bisa mikir
Sregep banget lo ndhuk, jam pitu esuk lagi tangi kowe!
Ing ngisor iki ukara sing nggunakake lelewaning basa metonimia yaiku …
Swarane mbelah-mbelahna bumi
Bocah kelas XI tandhing voli karo kelas X
Rejekine lir banyu mili
Adhiku nulis nganggo pilot saben dina
Sang bagaskara sumringah anyenyawang guyup rukuning warga
Crita cekak lucu sing nggambarake kedadeyan sing satemene asipat pasemon diarani …
Anekdot
Kerata basa
Akronim
Cangkriman
Cerkak
Anekdot iku mujudake sawijine …
Crita cekak sing lucu kebak pasemon
Crita cekak sing isine etos kerja
Cerita cekak lucu ning medeni
Crita cekak sing medeni
Crita cekak sing ngandharake bab katresnan
Anekdot kuwi digawe kanthi ancas kanggo …
Nyindhir
Gegojegan
Lelucon
Medeni
Bedhekan
Cangkriman iku digawe kanthi tujuan kanggo …
Bedhekan
Gegojegan
Nyindhir
Medeni
Lelucon
Tuladha anekdot lisan yaiku …
Kudis=kurang disiplin
Guru=digugu lan ditiru
Tebu=antebing kalbu
Akmil=akademi militer
Polwan=polisi wanita
Perangan kawitan pada kang duweni fungsi kanggo menehi gambaran cetha babagan isi teks anekdot. Iki mujudake tata rakite teks anekdot perangan …
Abstraksi
Orientasi
Krisis
Reaksi
Koda
sing mujudake perangane pungkasane crita teks anekdot yaiku …
Koda
Abstraksi
Orientasi
Krisis
Reasksi
anane prakara utama kang ana ing sajrone sawijine teks anekdot. Iki mujudake tata rakite anekdot perangan …
Krisis
Reaksi
Koda
Abstraksi
Orientasi
Ibu : aja kesusu turu, solat isak dhisik, Nov!
Novia : inggih buk, kula sampun solat menawi Ibuk sampun sayah, enggal sare rumiyin!
Ing punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko dene Novia migunakake basa …
Krama alus
Krama lugu
Krama madya
Ngoko alus
Ngoko lugu
sing mujudake ukara pranyatan kang bisa agawe bingung pawongan, yen carane maca luput, iki arane cangkriman …
Blenderan
Pepindhan
Wancahan
Sinawung tembang
Cangkriman liya-liya
Becik alane, yen tinulis mawa aksara Jawa yaiku...
